Tampilkan postingan dengan label Khutbah Jumat Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

Ramadhan: Nggladhi Kasampurnaning Ngibadah Dening : Ust. Hisyam Muhadi Khutbah I اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَذِى أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِ...

Ramadhan: Nggladhi Kasampurnaning Ngibadah  Ramadhan: Nggladhi Kasampurnaning Ngibadah

Khutbah Jumat

Khutbah Jumat Bahasa Jawa


Ramadhan: Nggladhi Kasampurnaning Ngibadah
Dening : Ust. Hisyam Muhadi

Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَذِى أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللَّهِ شَهِيداً
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.
اللّهُمَّ صَلي وِسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِنَا مُحَمّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدّيْنِ
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ.
يا ايُّهَا الّذِيْنَ امَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلّكُمْ تَتَّقُوْنَ

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Saderengipun mlebet ing wulan Ramadhan, sanget sae menawi kita emut malih ing makanipunn “ngibadah”, amrih kita sampun ngantos klentu ing panampi (salah paham) lan akhiripun klentu ugi anggenipun ngamal tumindak.

Ngibadah minangka satungaling  sipatipun toying iman, sebab menika minangka tujuanipun umat manungsa diun cipta. Allah paring pangendikan :

وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ ﴿٥٦﴾
”Lan Ingsun Allah ora nyiptabangsa jin lan manungsa kejaba supaya ngibadah (ngumawula)” (QS Al Dzariyat : 56).

Midherek fatwanipun Syaikhul Islam Ibnu Taimiyah, ngibadah dipun maknani minangka sedaya perkawis ingkang pikantuk ridho saking Allah Swt, inggih ingkang awujud ucapan lan tuminndaking lahir utawi batos. Ngibadah mboten namung ingkang awujud amalan ritual, nanging ugi amal tumindak ingkang tebanipun wiyar.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Saking paparan menika saget dipun mangertosi bilih ngibadah mboten namung mligi wujudipun shalat, puuasa lan haji lan sanesipun. Nanging nyakup ing sawernaning lampah gesang umat manungsa, wiwit saking perkawis ekonomi, sosial, politik, budaya lan sanesipun.

Malah linangkung saking perkawis kasebat, ing piwucal Islam sedaya amalan mubah kados dene: dhahar, ngunjuk, tilem, rekreasi (piknik) lan sanesipun – menika saget miangka amal ngibadah yen dipun niyataken pados ridhanipun Allah Swt., lan mboten dipun sartani lampah munkar. Kanthi nglebetaken sedaya perkawis betahing gesang minangka ngibadah, pramila saben tiyang muslim saget ndadosaken sedaya lampah tumindakipun ing gesang minangka ngibadah dhumateng Allah swt. Kadosdene tuntunan doa ingkang dipun ajaraken ing al-Qur’an:

قُلْ إِنَّ صَلاَتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ ﴿١٦٢﴾
”Kandhakno, Saestunipun shalat kawula, ibadah kawula, gesang lan pejah kawula namung kangge (pados ridhonipun ) Allah Dzat Penguwaosipun jagat alam raya “ (QS Al An’am : 162)

Kanthi mekaten, pramila predikat “ahli ibadah” saget dipun gayuh dening sedaya tiyang muslim saking profesi menapa kemawon lan sedaya lapisan masyarakat,. Mboten mligi namung tumrap para kyai utawi santri ingkang sregep ngaji lan shalat tahajud. Nanging saget dipun gayuh dening rakyat biasa utawi pejabat, winasis (ilmuwan) utawi ustadz, kasepuhan utawi kaneman, pria utawi wanita, malah ugi tumrap tyang sugih utawi mlarat, lan sanesipun.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Kadang kita pinanggih wonten tiyang ingkang ngucap: eling, sasi puasa – ojo ngomong goroh ! Pitakonan ingkang saget tuewuh inggih menika:

Menapa yen kita mboten ing wulan puasa kepareng ngucap goroh (ngapusi) ?

Lajeng kados pundi amal tumindak sanes, kados: sinau, nyambut damel, pesrawungan lan sanesipun? Menapa kepareng dipun lampahi kanthi cara menapa kemawon (kalebet goroh) lan ingkang penitng saget kasil?

Salah paham ing perkawis maknaning ngibadah kanthi namung winates ing babagan “ibadah ritual” mawon kados dene salat lan puasa bakal njalari “karugen ing dhiri pribadhi”. Sebab piyambakipun mbten bakal nggadhahi penggalihan (karep) bilih sedaya tindak lampah ing gesangipun menika kangge sarana ngibadah dhumateng Allah swt.

Dene ing perkawis sanes, maknani ngibadah namung ing “ibadah ritual” kemawon, bakal ndadosaken ‘pemisahan’ piwucal agami saking perkawis ekonomi, politik, sosial, budaya lan sanesipun ing salebeting gesang padintenan. Sahingga bakal wonten panganggep, bilih perkawis menika mboten mbetahaken tuntunan piwucaling agami, kamangka Islam ngatur sedaya perkawis gesang kita umat manungsa.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Ampun salah paham ! ngibadah mbten namung ingkang sipat ritual. Nalika kita buka puasa, sampun ngantos dados tiyiag ingkang ketingal ‘balas dendam’ kanthi ngumbar  hawa nepsu dhahar, kados-kados sedaya wujuding dhahar unjukan bakal dipun ‘untal malang’.

Ampun salah paham. Nalika kita buka puasa, kados kita lajeng kepareng ngucap goroh, ngrasani tiyang, utawi tumindak munkar sanesipun ..

Lan ampun ngatos salah paham ! Sasampuni nglampahi ibadah wulan Ramadhan kados-kados kita lajeng bebas tumindak menapa kemawon, jalaran sampun rumaos saget uwal saking belenggu kunjaraning puasa.

Kados pundi akibatipun yen salah paham?
Sampun ngatos gumun, yen kita nyekseni kathah kasus ingkang ndamel raos prihatin, wonten tiyang ingkang samoun sregep ngbadah salat, puasa, lan sampun  tindak haji malah langkug kaping sepisan, nanging yen dipun sawang ing lampah gesang padintenanipun minangka pribadhi jebul taksih tebih saking paugeran piwucal agami.

Menawi salah paham ing makna ngibadah, pramila tiyang muslim ugi anggenipun srawung kaliyan tangga tepaih lan kanca makarya, bakal tumindak kasar. Saben srawung dhumateng sedherek muslim sanes ketingal umuk, takabur, malah mboten ketingal raos asih tresna, kongas, linangkug menawi ngadhepi sedherek sanes ingkang mboten sepaham (aliran / madhzab ipun). Anehipun, malah ketingal asih tresna, kurmat lan kepara ajrih dhumateng  tiyang-tiyang kafir.

Nalika pados rejeki, kadang ngalalaken sedaya cara, mboten peduli kanthi cara halal utawi haram. Ing perkawis politik, mboten wonten kaperdulen kagem nampi ‘aspirasi’ utawi kepentinganipun umat Islam ingkang samesthinipun minangka kewajibanipun tiiyang muslim; nanging justru ndadosaken tiyang non muslim ingkang dipun anut lan dipun dhereki.

Wonten ugi tiyang epuh ingkang ketingal mboten remen menawi putrranipun kepengin ngamalaken piwucal agami amrih langkung sae lan leres. Bab menika bakal ndadosaken lare anem (generasi muda) nggadhahi sipat ringkih lan mboten nggadhahi bobot. Piyambakipun asring tumindak luweh-luweh nalika wonten lampah munkar ingkang dumados ing mawerni-werni sarana (media), ingkang tansaya dinten tambah ndodro.

Masyarakat rumaos sampun marem kanthi nindakaken salat lan puasa. Kados-kados ngibadah menika cekap ing salebeting masjid kemawon. Dene ing sa-njawining masjid, pasar, kantor, media massa, “ibadah” mboten perlu dipun paring papan panggenan; malah  kadhangkala dados pendukung lampah munkar.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Ibadah puasa pancen saget paring ‘efek’ (pengaruh) ingkang sanget agung. Nalika kita puasa, wiwit saking fajar  shubuh dumugi wekdal magrib, pramila sedaya amal tumindak kita kados dene dipun ayomi deining amalan puasa.

Tiyang puasa inggih tetep kedah nindak-aken wajibing gesang padintenan, nyekapi betahing pribadhi lan  kulawarga, nyambut damel utawi sinau, sarta srawung ing satengahing masyarakat. Dene ing sela-selaning wekdal menika dipun sisipi shalat fardhu. Lan sedanipun dipun tindakaken ing salebeting suwasana bathin ingkang paling sae, inggih menika puasa, meper hawa nepsu.

Ramadhan saget ngubah tindak lampahing masyarakat sawara wetah. Sedaya masjid, mushola lan sarana pangibadahan ingkang saderengipun sepi, bakal dados rame (gayeng), kebak lan ubur kanthi sawernaning amalan ibadah ramadhan.

Kathah amalan ing ramadhan karacik ing  sadhengah papan pangibadah. Wonten shalat taraweh kanthi jamaah saben dinten, kamangka sanes wajib. Wonten maos Al-Qur’an dumugi sewulan khatam. Wonten majelis taklim saben taraweh, kuliah shubuh lan nyrantos buka puasa. Saget dipun bayangaken, ..  saben dinten wonten tiga (3) majelis taklim, pengaosan  utawi ceramah agami, utawi kuliah tujuh menit, ateges ing sewulan wonten kaping 90 majelis taklim. Ramadhan pancen luar biasa lan istimewa !  

Nanging kita kedah emut, bilih menika nembe ngibadah saking werni setunggal (inggih ibadah ritual). Pramila prayogi saget kita dadosaken ramadhan taun menika minangka momentum miwiti totalitas pangibadhan kita. Sedaya amal tumindak kita kaniyataken saestu kangge ngibadah.

Sumanga kita lumebet ing wulan ramadhan kanthi sedaya gmblenging tekad kangge ngamal ing sedayaning lampah gesang kita. Malah, monggo kita niyataken sarampungipun ramadhan mangke kita bakal nglajengaken pakulinan sae menika ing wulan-wulan candhakpiun.

اَللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِى رَجَبَ وَ شَعْبَانَ وَ بَلِغْنَا رَمَضَانَ
“Dhuh Allah, mugi paring berkah dhumateng kula ing wulan Rajab lan Sya’ban, lan kadumugek-na kula saget manggihi wulan Ramadhan.”

Mekaten khutbah siang menika mugi manfaat.

بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ

Khutbah II

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ خُلَفَائِهِ الرَّاشِدِيْنَ، وَعَنْ أَزْوَاجِهِ أُمَّهَاتِ المُؤْمِنِيْنَ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ، وَعَنْ المُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعاً مَرْحُوْماً، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقاً مَعْصُوْماً، وَلا تَدَعْ فِيْنَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُوْماً.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.  
اَللَّهُمَّ سَلِّمْنـِي إِلَى رَمَضَانَ وَسَلِّمْ لِـي رَمَضَانَ وَتَسَلَّمْهُ مِنِي مُتَقَبَّلاً
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

RAMADHAN: WULAN TARBIYAH Dening : Ust. Abdul Hakim, Lc Khutbah I   اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي جَعَلَ رَمَضَانَ شَهْرًا مُبَارَكًا، وَفَرَضَ عَ...

RAMADHAN: WULAN TARBIYAH RAMADHAN: WULAN TARBIYAH

Khutbah Jumat

Khutbah Jumat Bahasa Jawa


RAMADHAN: WULAN TARBIYAH
Dening : Ust. Abdul Hakim, Lc

Khutbah I
 
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي جَعَلَ رَمَضَانَ شَهْرًا مُبَارَكًا، وَفَرَضَ عَلَيْنَا الصِّيَامَ لِأَجْلِ التَّقْوٰى.  أَشْهَدُ أَنْ لَاۧ إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ .
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مَحَمَّدِنِ الْمُجْتَبٰى، وَعَلٰى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَهْلِ التُّقٰى وَالْوَفٰى.
أَمَّا بَعْدُ فَيَاأَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ مَنِ اتَّقَى.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ

Jama’ah Sholat Jum’at rahimakumullah..
Alhamdulillah, wekdal menika kita sampun dumunung ing wulan ingkang mulya, inggih wulan suci Ramadhan. Wulan menika nggadhahi dasa nama ingkang populer kados dene sayyidusy syuhur, syahrul mubarok, syahrul qur’an, syahrut taubat lan sanes-sanesipun.

Dene nami sayyidusy syuhur utawi penghulunipun sedaya wulan; inggih jalaran minangka wulan ingkang paling sae, ingkang paling mulya ing antawisipun wulan sanesipun ing ngersanipun Allah SWT. Jalaran ing wulan menika Allah ngapunten sawernaning dosa, nikelaken ganjaran ing sedaya amal tumindak kesaenan, lan bakal paring ijabah (kabul) ing donga ingkang dipun aturaken dening kawula.

Ing wulan menika ugi Allah SWT numurunaken Alquranul Karim lan paring nugraha satunggaling ndalu ingkang langkung sae tinimbang sewu wulan, inggih menika lailatul qodar. Awi istimewanipun wulan menika, pramila lampah pangibadahipun umat Islam dados tansaya nambah grengseng tinimbang wulan sanes-sanesipun.

Kahanan mekaten ketingal wiwit saking anggenipun sami mahargya – mapag dahtengipun Ramadhan; lajeng lampah pangibadhan sholat fardhu kanthi jama’ahan, sholat tarawih, thalabul ilmi, tadarus Alquran, dzikir, ndonga, infak sedekah, hingga owah-owahan tindak lampah padintenan, sedaya tambah tansaya sae. Saestu grengsengipun ibadah mekaten sanget ndamel eram, luar biasa !

Jama’ah Sholat Jum’at rahimakumullah..
Wulan Ramadhan ingkang dipun pahargya kanthi raos bingah menika saestunipun minangka wulan tarbiyah (pendidikan). Dipun ibarataken, kita nembe dipun gembleng (dadar) ing satunggaling wekdal sewulan natas amrih saget dados tiyang ingkang nggadhahi kapinteran lan ketrampilan khusus. Kenging menapa mekaten? Sebab ing wulan menika sedaya tiyang iman wajib nindakaken puasa, inggih yegah raos luwe lan ngelak, sarta mawerni-werni karemenan gesang kaliyan garwanipun, wiwit saking wekdal fajar subuh dumugi angslupipun srengenge.

Ingkang kados mekaten minangka pendadaran tumrap jiwa lan raga ingkang sanget awrat tumrap satunggaling kawula. Ing perkawis menika wonten sesambungipun ingkang rumaket antawisipun olah kajiwan lan olahing raga kangge ngukir watak ingkang pinunjul. Ing saweneh hadits Rasulullah SAW paring pemut, kados pundi wigatosipun puasa menika tumrap kita sedaya umat, Rasulullah Sallallahu ‘Alaihi Wasallam paring sabda :

رُبَّ صَائِمٍ حَظُّهُ مِنْ صِيَامِهِ الْجُوعُ وَالْعَطَشُ، وَرُبَّ قَائِمٍ حَظُّهُ مِنْ قِيَامِهِ السَّهَرُ
“Pira akehe wong kang nindak-ake puasa nanging ora antuk hasil apa-apa kejaba mung rasa luwe lan ngelak wae, lan pira akehe wong kang padha ngadeg shalat nanging ora entuk hasil apa-apa kejaba mung melek tangi wae.” (HR. Ahmad)

Jama’ah Sholat Jum’at rahimakumullah..
Hadits menika minangka pemut tumrap kita, bilih kasunyatan kathah tiyag ingkang nglampahi gemblengan jiwa raga kanthi puasa, nanging mboten pikantuk kasil menapa-napa kejawi namung raos luwe lan ngelak. Bab menika ngemu teges bilih gemblengan fisik ing puasa sanget gegayutan kaliyan panggulawenthahing  watak. Kekalihipun nyawiji, sahingga kasil akhir ing pangibadahan puasa Ramadhann menika sanes inking wujud gelar tata lair, nanging owah-owahan tambahing kesaenan watak kapribaden tiyang iman, inggih mennika dados tiyang takwa kados dhawuhing ayat Alquran ingkang dados dasar wajibipun ibadah puasa tumrap tiyang iman, inggih QS. Al Baqarah, 183 :

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
“He wong kang padha iman, wis kawajibake tumrap sira kabeh nindak-ake puasa, kaya dene kang wis kawajibake tumrap para kawula sadurungira kabeh, supayane sira bisa nggayuh derajat takwa”

Awit saking menika kita kedah njagi ibadah puasa kita saking sawernaning perkawis ingkang saget mbatalaken lan ngicalaken ganjaraning puasa, kados dhawuh pemutipun kanjeng Nabi Muhammad Saw:

خَمْسٌ يُفْـطِرْنَ الصَّائِمَ وَيُنْقِـضْنَ الْوُضُوْءَ: الْكَـذِبُ، وَالْغِيْبَةُ، وَالنَّمِيْمَةُ، وَالنَّظْرُ بِشَهْوَةٍ، وَالْيَمِيْنُ الْكَاذِبَةُ
“Lima perkara kang bisa mbusak ganjarane wong puasa lan wong kang wudhu, yaiku goroh (ngapusi), grasani (nyatur alane liyan, ghibah), adu-adu, ndeleng kanthi kebak hawa nepsu (syahwat), lan ngucap sumpah palsu”. (HR. Al-Dailami, Ahmad lan Ibnu Majah)

Ing jaman digital samenika, kita kedah ngatos-atos (waspada) ngagem medsos. Sebab, kanthi ndamel status utawi ngucap, posting ingkang isinipun kalebet gangsal perkawis lan tiruanipun, sedaya hakikatipun sami.

Jama’ah Sholat Jum’at rahimakumullah..
Bab wigatos ingkang minangka intisari saking pendidikan ibadah Ramadhan menika inggih kita kedah saget mawujud minangka kawulanipun Allah ingkang sehat sacara jiwa raga nggayuh derajat ingkang paling utama ing ngersanipun Allah SWT. Sahingga ing akhiring Ramadhan mangke kita saget dados satunggaling tiyangingkang pikantuk kamenangan lan wangsul ing jatidiri kita ingkang fitri (suci). Menika-lah takwa ingkang sejati. Dene Nabi Saw paring sabda:

اتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ
“Padha laku-o takwa sira marang Allah ing ngendi wae papan dumunung, lan inggal tututana saben tuindak kang wis kebacut olo kanthi kabecikan kang bisa kanggo nebus (ngilangi), lan srawunga ing sapadha-padha kanthi akhlak kang becik.” (HR. Tirmidzi)

Saking hadits menika sampun cetha, amrih kita tansah takwa dhumateng Allah ing pundi papan lan wekdal kapan mawon; menapa ing wulan Ramadhan utawi wulan sanesipun. Takwa nalika ing masjid utawi ing pasar, papan nyamut damel, ing pesrawungan lan sanesipun.

Jama’ah Sholat Jum’at rahimakumullah..
Kanthi puasa, kita ngraosaken dados saestu caket dhumateng Allah. Sahingga mawerni-werni amal kesaenan saget kanthi raos entheng kita tindak-aken, gampil ugi nilar tumindak dosa (maksiat). Sumangga kita sesarengan ndadosaken Ramadhan menika saestu minangka wulan pendidikan, panggemblengan (kadosdene kawah candradimuka) sahingga raos iman takwa kita mboten namung sifatipun sedhelo (musiman /temporer), nanging bakal tansah tuwuh lan tansaya bakoh tumuju diwasa lan sampurna. Kita sregep ngibadah, sregep ngamal saleh lan ngamal tumindak sae menika sampun ngantos namung ing wulan Ramadhan.

Mbok bilih menika ingkang kedah kita penggalih, dhawuhipun Allah ingkang tansah dipun ngendika-aken para khatib saben khutbah jumat:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ
“He wong kang padha iman, takwa-o sira marang Allah kanti sabener-bener takwa ing ngersane, lan sira ojo nganti tumeka ing pati kejaba tetep ing sajroning ngrungkebi agama Islam.” (Qs. Ali ‘Imran: 102)

Mugi-mugi kita saestu saget ndadosaken ibadah puasa Ramadhan taun menika minangka ‘kawah candradimuka’ (pelatihan) ingkang paling sae kagem nggayuh derajat takwa. lan mugi sedaya amal kesaenan ingkang kita tindak-aken ing wulan ramadhan menika saget kita jagi lan dipun dipun lajengaken kanthi istiqomah. Malah, senadyan ramadhan menika mbenjang sampun rampung nilaraken, kita tetep grengseng (semangat) nglampahi gesang kanthi lelandhesan takwa. Amiin.

بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ

Khutbah II

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
 أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
 وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ خُلَفَائِهِ الرَّاشِدِيْنَ، وَعَنْ أَزْوَاجِهِ أُمَّهَاتِ المُؤْمِنِيْنَ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ، وَعَنْ المُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعاً مَرْحُوْماً، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقاً مَعْصُوْماً، وَلا تَدَعْ فِيْنَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُوْماً.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.  
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

KUWAJIBAN ING ARTA BANDHA Dening : ust. Ahmad Alfian Muzakki Khutbah I الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ اْلإِيْمَانِ وَاْلإِس...

KUWAJIBAN ING ARTA BANDHA  KUWAJIBAN ING ARTA BANDHA

Khutbah Jumat

Khutbah Jumat Bahasa Jawa


KUWAJIBAN ING ARTA BANDHA
Dening : ust. Ahmad Alfian Muzakki

Khutbah I

الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ اْلإِيْمَانِ وَاْلإِسْلاَمِ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ،
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوْا الله حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ ﴿٥٦﴾

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Ing antawisipun karemenan gesang ingkang kathah dipun pengini umumipun tiyang inggih menika menawi saget nggadhahi kacekapan arta bandha, kadosdene firman Allah SWT ing Qs. Ali Imran ayat 14:

زُيِّنَ لِلنَّاسِ حُبُّ الشَّهَوَاتِ مِنَ النِّسَاء وَالْبَنِينَ وَالْقَنَاطِيرِ الْمُقَنطَرَةِ مِنَ الذَّهَبِ وَالْفِضَّةِ وَالْخَيْلِ الْمُسَوَّمَةِ وَالأَنْعَامِ وَالْحَرْثِ ذَلِكَ مَتَاعُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَاللّهُ عِندَهُ حُسْنُ الْمَآبِ ﴿١٤﴾
“Didadek-ake endah ing umat manungsa nduweni kasenengan marang apa-apa kang dipengini , yaiku : wanita-wanita, anak-anak, arta bandha kang akeng saka wujuding emas, perak, jaran pilihan, kewan-kewan ternak lan sawah pategalan. Iku minangka kasenengan urip kadonyan, lan ing ngersane Allah ono papan bali kang becik (yaiku suwarga)”

Menapa pigunanipun kita nggadhahi arta bandha? Saestunipun arta bandha menika supados kita saget nyekapi kabtehan gesang pokok padintenan ingkang sipat pribadi lan kulawarga ((ing perkawis  sandang, pangan lan papan); salajengipun kangge nambah saenipun pangibadahan kados dene infak sedekah utawi zakat, lain perkawis sanes ingkang mbekta maslahat kagem sesami.

Kita minangka tiyang muslim, temtu kepingin ngleksanani sedaya rukun Islam dumugi ingkag kaping gangsal (saking : syahadat, shalat, puasa, zakat lan haji);  pramila bab menika temtu kemawon mbetahaken kadekapan arta bandha, inggih rukun: zakat lan haji. Kanthi mekaten, saestunipun saestunipun ing salebeting gesang menika wonten piwucal ingkang dipun paringkaen inggih menika supados kita saget mandiri ing babagan ekonomi lan kacekapan ing arta bandha kagem hajat gesang. Allah SWT paring firman:

وَأَقِيمُواْ الصَّلاَةَ وَآتُواْ الزَّكَاةَ وَارْكَعُواْ مَعَ الرَّاكِعِينَ ﴿٤٣﴾
“Lan jejegno shalat, bayarno zakat lan sira padha nindakno ruku` bebarengan wong-wong kang nindak-ake ruku’.” (Qs. Al Baqarah; 43).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Arta bandha ingkang mlempak saking anggen kita tumandang damel, senadyan minangka kasil saking anggen kita meres kringet lan menggalih piyambak, nanging mboten sedayanipun dados hak mutlak kita. Allah SWT paring dhawuh marih kita remen peparing dhumateng  sesame gesang, lan sebagian arta bandha menika sanes minangka hak kita piyambak.  

وَفِي أَمْوَالِهِمْ حَقٌّ لِّلسَّائِلِ وَالْمَحْرُومِ ﴿١٩﴾
     “Lan ing sajroning arta bandhane manungsa iku dumunung hak tumrape wong miskin kang njejaluk lan wong miskin kang ora antuk bagian.” (Qs. Adz Dzariyat: 19)

Semangat piwaucaling agami Islam menika antum welas asih lan karaharjaning gesang dhumateng sesami, ingkang menika dipun wujudaken ig dhawuh agami supados remen paring  pitulung lan bebantu saking saperangan kanugrahan rejekinipun Allah tumrap kawulanipun. Kita dioun dhawuhi supados ngedalaken zakat arta bandha, lan menika nggadhahi piguna kagem nyuceni arta bandha lan jiwanipun tiyang mukmin.

خُذْ مِنْ أَمْوَالِهِمْ صَدَقَةً تُطَهِّرُهُمْ وَتُزَكِّيهِم بِهَا وَصَلِّ عَلَيْهِمْ إِنَّ صَلاَتَكَ سَكَنٌ لَّهُمْ وَاللّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ ﴿١٠٣﴾
“Jupuken zakat saka saperangan arta bandhane wong mukmin, kanthi zakat iku sira ngresiki lan nyuceni ing dheweke, lan aturno donga kanggo wong-wong mau. Satemene dongamu iku ndadekake rasa tentrem ing atine. Lan Allah Maha Midhanget lan Maha Priksa.” (Qs. At Taubah: 103)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Menawi kita kagungan arta bandha, saestunipun ing mriku dumunung wontenipun ‘titipan’ utawi amanah saking Allah amrih dipun paringaken dhumateng tiyang sanes, kadosdene dhawuhipun Allah ing Al-Qur’an:

إِنَّ اللّهَ يَأْمُرُكُمْ أَن تُؤدُّواْ الأَمَانَاتِ إِلَى أَهْلِهَا ﴿٥٨﴾
“Sayektine Allah paring dhawuh ing siro amrih nekanake ‘amanat’ marang wong-wong kang nduweni hak kanggo nampa”, ( Qs. An Nisa’: 58).

Kanthi mekaten, menawi wonten tiyang ingkang saestunipun sampun wajib mbayar zakat, nanging dereng nindakaken zakatipun, pramila estunipun piyambakipun sampun mendhet arta bandha ingkang dados hakipun tyang sanes, ingkang dipun sebat kaum dhuafa’ ingkang mlebet ing 8 golongan (ashnaf). Perkawis ingkang mekaten saget njalari arta bandhanipun mboten pikantuk berkah.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Arta bandha ingkang dipun wedalaken menawi sipatipun wajib dipun sebat minangka zakat mal (arta bandha) kedah nyekapi syarat lan ketemtuan, inggih menika: nishab, haul, lan milku at taam.

Nishab: tegesipun ukuran jumlah arta bandha ingkang paling sekedhik nggadhahi aji sebanding 85 gram emas, lan dipun wedalaken zakat  kathahipun 2,5%. Haul, tegesipun anggenipun nggadhahi arta bandha menika sampun jangkep wekdal ing sadangunipun setunggal taun. Milku at taam, inggih menika arta bandha menika minangka hak milik pribadi sacara mutlak (sanes kagunganipun tiyang sanes).

Dene arta bandha ingkang dipun wedalaken ingkang sipatipun sunat, menika dipun sebat infak utawi sedekah; ingkang menika mboten wonten aturan batesan bab jumlah kathah-sekedhikipun, mekaten ugi wekdal danunipun dipun gadhahi. Tansaya kathah anggenipun infak, pramila langkung sae. !

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Menawi ing wulan Ramadhan menika kita rumaos sanget caket dhumateng Allah, kita sampun nggembleng kagem kagungan sipat jujur kanthi ibadah puasa. Namung dhiri kita piyambak lan Allah ingkang mangertosi “menopo puasa kita pancen dipun leksana-aken kanthi saestu utawi namung etho-ethok?”. Pramila saat menika ugi kita dipun uji imanipun, menopa kita tetep nggadhahi sipat jujur kangge ngetang katahing arta bandha ingkang kita gadhahi lan kedah dipun wedalaken zakat mal (arta bandha)-nipun.

Wulan ramadhan menika wekdal ingkang sae tumrap kita mbuktek-aken kejujuran dhumateng awak kita piyambak lan tumindak ingkang jejeg ing ngarsanipun Allah ing sedaya perkawis, kalebet ing bab kuwajiban kita ing arta bandha. Allah ta’ala paring dhawuh:

وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ ﴿٥٦﴾
“Lan jejegno shalat, bayarno zakat, lan tumindako ta`at marang rasul, amrih siro nampa nugraha rahmat.” (Qs. An Nuur: 56)

Allah paring pambombong ingkang inggil tumrap tetiyang ingkang purun mbelanja-aken arta bandhanipun kanthi dhasar iman; Allah paring sebatan minangka “potangan” lan Panjenenganipun badhe paring lelintu (ijol) lan ngunduraken kanthi tikel matikel:

إِن تُقْرِضُوا اللَّهَ قَرْضاً حَسَناً يُضَاعِفْهُ لَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللَّهُ شَكُورٌ حَلِيمٌ ﴿١٧﴾
“Menawa sira ngaturake potangan marang Allah kanthi potangan kang becik, yekti Allah bakal nikel-nikelake piwales ganjaran marang siro, lan ngapuro ing dosaniro. Lan Allah Maha Paring Piwales lan Maha Asih.” (Qs. At Taghabun: 17).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Bab menika kawula aturaken, mumpung samekika kita taksih ing wekdal sa-protigan  (1/3) awal ing wulan Ramadhan, pramila sanget sae menawi kita dadosaken minangka momentum optimalisasi (wekdal kangge nggenjot) iman takwa lumantar ibadah Maliyah (arta bandha). Menapa malih yen dipun bayaraken ing wulan Ramadhan ingkang in sya’Allah bakal nggadhahi aji boboting ganjaran ingkang saestu tikel matikel; linangkung menawi kaleres sesarengan pikantuk nugraha “lailatul qodar’; pramila  bab menika mesthi bakal nggadhahi bobot ingkang “luar biasa fantastis”.

Sumangga kita wujudaken raos iman takwa, lan sipat jujur kita dhumateng Allah lumantar ibadah Maliyah; kita cawisaken arta bandha kita kanthi sae kagem mbayar zakat utawi infak sedekah kagem mapag tumurunipun lailatul Qodar ing “puncak” ibadah nalika mlebet sa-protigan (1/3) pungkasaning wulan ramadhan mangke.

Mugi-mugi kita tansah pikantuk kaberkahan lan saget nggayuh takwa ingkang sak sae-saenipun. Amiin.

بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ

Khutbah II

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
 وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ خُلَفَائِهِ الرَّاشِدِيْنَ، وَعَنْ أَزْوَاجِهِ أُمَّهَاتِ المُؤْمِنِيْنَ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ، وَعَنْ المُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعاً مَرْحُوْماً، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقاً مَعْصُوْماً، وَلا تَدَعْ فِيْنَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُوْماً.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.  
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

 KHUTBAH SHALAT GRAHANA SRENGENGE Dening: Ust. Slamet AR اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ خَلَقَ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ، وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَ...

KHUTBAH SHALAT GRAHANA SRENGENGE  KHUTBAH SHALAT GRAHANA SRENGENGE

Khutbah Jumat

Khutbah Jumat Bahasa Jawa


 KHUTBAH SHALAT GRAHANA SRENGENGE

Dening: Ust. Slamet AR


اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ خَلَقَ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ، وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْبَشَرِ،

أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه ، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه،

اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين،

 أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا اْلإِخْوَان، أُوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ،

 قَالَ اللهُ تَعاَلَى فِي اْلقُرْآنِ اْلكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمِ: وَمِنۡ ءَايَٰتِهِ ٱلَّيۡلُ وَٱلنَّهَارُ وَٱلشَّمۡسُ وَٱلۡقَمَرُۚ لَا تَسۡجُدُواْ لِلشَّمۡسِ وَلَا لِلۡقَمَرِ وَٱسۡجُدُواْۤ لِلَّهِۤ ٱلَّذِي خَلَقَهُنَّ إِن كُنتُمۡ إِيَّاهُ تَعۡبُدُونَ  


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, 

Alhamdulillah, puji lan pangalembana kunjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring kathahing rahmat lan nikmat tumrap kita sedaya, sahingga ing dinten menika kita taksih pinaringan umur panjang, linangkung nikmat ingkang paling agung awujud pitedah ing iman Islam, ingkang nenuntun kita nglampahi gesang ing margi ingkang leres. 


Shalawat lan salam mugi katur dhumateng junjungan kita kanjeng Nabi Muhammad saw; lumeberipun dhumateng kulawarga, para sahabat lan sedaya umat ingkang tansah nindakaken sunnah-sunnahipun dumugi akhiring zaman. 


Ngawiti khutbah menika, keparenga kawula minangka khatib ngajak dhumateng jamaah sedaya, sumangga kita sami mbudidaya tansah njagi lan nambah raos iman takwa dhumateng Allah swt. Yen kita nyuwun tumurunipun rahmat lan barokah, pramila panyuwunan menika kedah dipun lambari raos iman lan takwa. Dene yen kita nyuwun amrih dipun tebihaken saking musibah lan pacobaning gesang, menika inggih kedah sinartan raos iman lan takwa. Keranten, sinten kemawon ingkang takwa dhumateng Allah, samangkenipun bakal pinaringan margi uwal saking pepetinging gesang lan bakal nampi rejeki saking arah ingkang tanpa kanyana-nyana.  Allah ta’ala ngendika: 


وَمَنْ يَتَّقِ اللهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا، وَ يَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ (سورة الطلاق: ٢-٣) ـ 

“Lan sapa wae wong kang padha takwa ing ngarsane Allah, temen Panjenengane bakal paring ing dheweke dalan uwal sangka pepetenging urip, lan bakal paring rejeki ing dheweke sangka dalan kang ora kanyana” (QS Ath-Thalaq: 2-3). 


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, 

Nyaketi akhiring ibadah Ramadhan menika, kita pinaringan kesempatan kagem manggihi satunggaling tanda kuwaos lan agungipun Allah SWT , inggih menika grahana srengenge. Pramila kita ummat Islam, nindakaken amalan sunnah piwucalipun kanjeng Nabi SAW kanthi nindak-aken ibadah sunat awujud shalat grahana srengenge. 


Kita sedaya mangertos lan yakin wonten dzat-ipun Allah SWT kanthi mriksani tandha utawi ayat; awujud ayat qauliyah lan ayat kauniyah. Ayat qauliyah inggih menika ayat Al-Qur’an ingkang saget dipun waos lan dipun ucapaken, dene ayat kauniyah menika awujud kasunyatan ing saklebeting alam ndoya menika, kados dene titahipun ingkang awujud manungsa, kewan lan tetanduran, gumantosipun wekdal siang lan ndalu, sarta sedaya ingkang kumethip ing alam ndonya menika. Ayat utawi tanda menika namung saget tinampi dening tiyang ingkang kersa menggalih lan mawas kanthi akal ingkang wening:


.إنَّ فِي خَلْقِ السَّمَٰوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلَافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَآيَاتٍ لِأُولِي الْأَلْبَابِ  الَّذِينَ يَذْكُرُونَ اللَّهَ قِيَامًا وَقُعُودًا وَعَلَىٰ جُنُوبِهِمْ وَيَتَفَكَّرُونَ فِي خَلْقِ السَّمَٰوَاتِ وَالْأَرْضِ رَبَّنَا مَا خَلَقْتَ هَٰذَا بَاطِلًا سُبْحَانَكَ فَقِنَا عَذَابَ النَّارِ 

“Saktemene ing sakjroning tumitahe langit lan bumi, lan gilir gumantine wektu wengi lan awan, mujudake tandha-kuwasane Allah tumrap  wong kang nduweni akal, (yaiku) wong-wong kang padha eling ing ngarsane Allah ing wektu ngadeg, lungguh, utawa sare’; lan mikirake ing tumitahe langit lan bumi (kanthi ngucap): ‘Dhuh Gusti Allah, temtu Paduka sampun nyipta-aken menika sedaya mboten muspra, Maha suci paduka Allah, mugi nebihaken kawula saking bebayaning siksa neraka.” (QS Ali Imran [3]:190-191).


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, 

Dinten menika kita sesarengan nyekseni wontenipun prastawa grahana srengenge “hybrid”, sebagian ngalami grahana total, sebagian wilayah sanes grahana cincin lan parsial. Saestunipun grahana srengene utawi rembulan menika minangka tandha kuwaosipun Allah; kados pundi Allah kanthi gampil ndamel cahaynipun srengenge lan srembulan saget sirep kanthi gampil, kadosdene panjenenganipun Allah ugi kuwaos ndadosaken srengege jumedhul ing arah wetan lan angslup ing arah kilen. 


Ing zaman Rasulullah SAW, nate manggihi prastawa grahana srengenge ingkang kaleres sesarengan kaliyan sedanipun putrane kanjeng Nabi Muhammad saw, inggih ingkang sesilih asma Ibrahim. Sebagian tiyang nggadhahi penganggep bilih grahana menika jalaran sedanipun putrane kanjeng nabi kasebat. Awit saking menika, kanjeng Nabi age-age tumuju dhateng masjid lajeng nindak-aken shalat sunat grahana sesarengan kaliyan para shahabat. Rasulullah SAW paring dhawuh:


اِنَّ الشَّمْسَ وَاْلقَمَرَ آيَتَانِ مِنْ آيَاتِ اللهِ لَا يَنْخَسِفَانِ لِمَوْتِ اَحَدٍ وَلَا لِحَيَاتِهِ ، فَإِذَا رَأَيْتُمْ ذٰلِكَ ؛ فَا ذْكُرُوْا اللهَ ، وَ كَبِّرُوْا، وَصَلُّوْا ، وَ تَصَدَّقُوْا. 

“Saktemene srengenge lan rembulan iku tandha werna loro sangka ayat-ayat (kuwasane) gusti Allah. Dumadine grahana iku ora jalaran patine utawa uripe sawijining pawongan. Awit saka iku, yen sira menangi anane grahana iku sira padha nindakna dzikir, takbir, banjur leksanakna shalat lan padha ngetokna shadakoh” (Shahih Bukhari, 1044). 


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Hikmah ingkang paling wigatos kanthi wontenipun grahana menika estunipun minangka pemut tumrap kita sedaya umat manungsa, inggih  supados tansah nyaket ing sipat kuwaosanipun Allah ingkang murba-wasesa ing atasing sedaya isi wonten ing alam ndonya menika. 


Yen tiyang sanes namung ndadosaken prastawa grahana menika minangka lelampahan lumrah kados padatan, lajeng dipun sinau sacara ilmiah; malah wonten ugi ingkang namung dipun tonton minangka obyek wisata; pramila kita umat Islam ndadosaken minangka kagem wasilah emut dhumateng kuwaosipun Allah; hakikat gesang, inggih sangkan paraning dumados..


Nalika wonten prastawa grahana kita dipun emutaken supados nyaket (dhedhepe) dhumateng  Allah, inggih kanthi nindakaken dhawuh lan nilar awisanipun; lan enggal nindakaken sawernaning amal shaleh, kadosdene: shalat, kathah ndedonga, dzikir,sedekah, lan sanes-sanesipun  Prastawa grahana menika ugi minangka pemut tumrap umat manungsa, supados enggal sami muhasabah lan mertobat dhumateng Allah kanthi taubatan nashuha. 


Tandha utawi ayat kuwaosipun Allah menika saget kemawon kanthi ‘dadakan’ malih dados bebaya lan musibah. Kita sedaya temtu taksih emut, kados pundi Allah ngirim ayat-ayat kuwaosipun kanthi ingkang langkung ageng ingkang awujud: tsunami ing Aceh tahun 2004, gempa bumi ing Jogja tahun 2006, gunung njeblug ing Merapi tahun 2010 lan, saat menika sumebaripun pandemi Covid-19 tahun 2020-2022, lan sanes-sanesipun.  Allah ta’ala ngendika:  


وَمَا نُرْسِلُ بِالآيَاتِ إِلاَّ تَخْوِيفًا (سورة الإسراء: ٥٩) ـ 

“Lan Ingsun (Allah) ora ngirim ayat-ayat (minangka tandha kuwasaning-Sun) ora ana liya kejaba supaya padha wedi lan dadi pepeling (piwulang)” (QS Al-Isra: 59). 


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, 

Taubatan nashuha inggih menika mertobat dhumateng Allah kanthi saestu ingkang jangkep rukun-rukunipun: inggih menika nggetuni saking tumindak dosanipun, nilaraken tumindak dosa, lan kedah nggadhahi tekad kangge mboten ngambali lampah dosa utawi maksiyat. Dene yen dosa menika sasambetan kaliyan sesami tiyang, pramila tobatipun dipun tambahi kanthi nyuwun pangapunten lan ngunduraken hak adami, utawi dipun suwun ikhlasipun. Allah ta’ala paring dhawuh:


 وَتُوبُوا إِلَى اللَّهِ جَمِيعًا أَيُّهَ الْمُؤْمِنُونَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ  (سورة النور: ٣١)  ـ 

“Lan sira padha mertobat-a, he’ sakabehing kawula kang padha iman amrip sira antuk kabegjan” (QS An-Nur: 31). 


Prastwa grahana ing akhir wulan ramadhan menika mesthinipun nambah kita tansaya sakwa dhumateng Allah. Perkawis menika jumbuh kaliyan suasana batin lan penggalih kita umat Islam ingkang sampun nglampahi ibadah puasa kanthi khusyu’ dumugi dinten ing kaping  sangalikur (29) saat menika. 


Kanthi kalenggahan takwa menika kita emut dhumateng kuwaosipun Allah, Panjenenganipun saget ndamel sawernaning prastawa agung dumados. Kanthi mekaten, sipat takwa menika sageta  minangka sangu ingkang dados piandel nalika kita badhe mungkasi ibadah ramadhan tumuju pahargyan dinten riyadi Idul fitri. 


Sampun ngantos kita kejrumus ing patrap leno, pengin gesang ingkang sarwo moncer, lan nuruti hawa nepsu. Nanging samesthenipun kita justru kedah ngathah-ngathahaken donga, istighfar, mertobat lan nambah tansaya kathah anggenipun ngamal shaleh.

 

Hadirin rahimakumullah, mekaten atur khutbah ing saat menika. Mugi-mugi migunani lan minangka pemut tumrap kula panjenengan sami. A-miin.


Minangka panutuping atur khutbah menika, sumangga kita sami ndedonga mugi dipun ijabah dening Allah swt…


بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ 

اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْن، وَالعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ، اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحِسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ

اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.

اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعًا مَرْحُوْمًا، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقًا مَعْصُوْمًا، وَلا تَدَعْ فِيْنَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُوْمًا.

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِي

 IDUL FITRI: PAMBUKANING KAMULYAN URIP Dening : Ust. Syamsul Munawar  Assalaamu ‘alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh. اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ...

IDUL FITRI: PAMBUKANING KAMULYAN URIP  IDUL FITRI: PAMBUKANING KAMULYAN URIP

Khutbah Jumat

Khutbah Jumat Bahasa Jawa


 IDUL FITRI: PAMBUKANING KAMULYAN URIP

Dening : Ust. Syamsul Munawar


 Assalaamu ‘alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh.


اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ

وَأَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى أٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ أَمَّابَعْدُ؛

فَيَآ أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تَقْوَاهُ كَمَا قَالَ تَعَالَى:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

وَاعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هٰذَا يَوْمٌ عَظِيْمٌ، وَعِيْدٌ كَرِيْمٌ، أَحَلَّ اللهُ لَكُمْ فِيْهِ الطَّعَامَ، وَحَرَّمَ عَلَيْكُمْ فِيْهِ الصِّيَامَ، فَهُوَ يَوْمُ تَسْبِيْحٍ وَتَحْمِيْدٍ وَتَهْلِيْلٍ وَتَعْظِيْمٍ ، فَسَبِّحُوْا رَبَّكُمْ فِيْهِ وَعَظِّمُوْهُ وَتُوْبُوْا إِلَى اللهِ وَاسْتَغْفِرُوْهُ


اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ


Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…

Alhamdulillah, puji syukur sumangga tansah kita konjukaken dhumateng ngarsa dalem Allah subhanahu wata’ala , awit saking athahing nikmat peparingipun dhumateng kita, khususipun ing enjang ingkang mulya menika kita umat Islam ing pundi papan sa ngalam ndonya sami mahargya dinten riyadi kanthi nindakaken  “Shalat Idul Fitri”  sasampunipun nglampahi puasa Ramadhan sewulan natas. 


Shalawat lan salam mugi kaparingno dhumateng Rasulullah Muhammad SAW, tumedhakipun dhumateng sedaya kulawarga, para sahabat lan sumrambah tumrap sedaya umaipun sahingga akhiring  zaman. 


Ing salajengipun, keparenga kawula ngajak dhumateng sedaya hadirin, “sumangga kita nambah raos takwa dhumateng Allah, jalaran kanthi raos takwa mekaten saben tyang muslim bakal nampi kamulyan desang ingkang sejati:



إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ

“Satemene wong kang paling mulya ing anatarane siro kabeh ing ngersane Allah yaiku wong kang paling takwa.” (QS. Al Hujurat: 13)


اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ

Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…

Mugi-mugi kanthi puasa Ramadhan kita sedaya saget  nggayuh derajat kawulanipun Allah ingkang takwa, kadosdene dhawuh firmanipun Allah ta’ala:


يا ايُّهَا الّذِيْنَ امَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلّكُمْ تَتَّقُوْنَ

"He wong kang padha iman, wis kawajibake tumrap siro nindakake puasa, koyodene kang wis kawajibake tumrap wong sadurungiro kabeh amrih siro dadi kawula kang takwa." (QS Al Baqarah 2: 183)


Gegambaranipun jejer kawula ingkang takwa inggih menika kadosdene ingkang kita lampahi lan raosaken slabetipun ngibadah ing wulan Ramadhan, inggih menika: sregep, raos grengseng lan temen nindakaken pangibadahan sinartan kanthi penggalih ingkang kebak kabingahan. Sedaya wujud tindak lampah padintenan, menapa ingkang wujud pangendikan, tumindak utawi solah bawa,nalika nyambut  damel, pesrawungan utawi mirunggan lenggah kaliyan kulawarga tansah dipun lampahi ing kahanan ingkang sae lan dipun lambari raos iman.


اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ

Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…

Kita saget manggihaken kathahing hikmah minangka piwucal kesaenan lan supados saget dipun amalaken minangka trap-trapaning ngagesang, ing santawisipun kados pundi tiyang mukmin salebetipun ngendaleni dhiri (al-imsak) ing salebeting tindak lampah padintenan. 


Sepisan, nuwuhaken watak jujur (shidiq)

Puasa nglatih watak jujur lan raos dipun awat-awati sacara pribadinipun tiyang muslim. Mboten wonten tiyang sanes ingkang mangertos, menopo kita menika saestu anggenipun nglampahi puasa utawi namung apus-apus nderek puasa. Diri pribadi kita kaliyan Gusti Allah ta’ala ingkang mangertos. 


Mekaten ugi perkawis sanes bab kathahing arta bandha ingkang dipun gadhahi lan kedah sepinten ingkang kedah dipun bayar zakat mal-ipun. Saget kemawon tiyang mboten jujur kangge ngedalaken ing wulan Ramadhan wingi. Namung diri pribadi kaliyan Allah SWT kemawon ingkang priksa. Tiyang sanes saget kapusan lan cingak. Wonten tiyang ingkang gelar tata lair ketingal prasojo lan malah miskin, kamangka gadhah arta bandha ingkang sarwa maprah lan mewah.


Watak jujur menika saestu wigatos. Ing perkawis menika Allah paring dhawuh dhumateng tiyang mukmin amrih tansah sesarengan ing salebeting golonganipun tiyang ingkang jujur (shidiq).


يٰٓأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَكُونُوا مَعَ الصّٰدِقِينَ

"He wong kang padha iman, sira padha nindakno takwa, dan prayoga siro tansah bebarengan kelawan wong kang padha jujur (shidiq)." (QS. At-Taubah: 119)


Watak jujur minangka syarat pokok kesaenan ing salebeting gesang. Rasullullah SAW paring sabda:


عَلَيْكُمْ بِالصِّدْقِ فَإِنَّ الصِّدْقَ يَهْدِى إِلَى الْبِرِّ وَإِنَّ الْبِرَّ يَهْدِى إِلَى الْجَنَّةِ وَمَا يَزَالُ الرَّجُلُ يَصْدُقُ وَيَتَحَرَّى الصِّدْقَ حَتَّى يُكْتَبَ عِنْدَ اللَّهِ صِدِّيقًا وَإِيَّاكُمْ وَالْكَذِبَ فَإِنَّ الْكَذِبَ يَهْدِى إِلَى الْفُجُورِ وَإِنَّ الْفُجُورَ يَهْدِى إِلَى النَّارِ وَمَا يَزَالُ الرَّجُلُ يَكْذِبُ وَيَتَحَرَّى الْكَذِبَ حَتَّى يُكْتَبَ عِنْدَ اللَّهِ كَذَّابًا

“Prayoga sira kabeh tansah laku jujur, jalaran laku jujur bakal nenuntun marang kabecikan, lan satemene kabecikan bakal nenuntun tumuju suwarga. Yen sawijining pawongan tansah laku jujur lan mbudidaya ing kejujuran, yekti dheweke bakal dicathet ing ngersane Allah minangka wong kang jujur (shidiq). Awas, tinggalno laku goroh, jalaran satemene laku goroh iku bakal nyeret tumuju tumindak olo, lan laku olo iku bakal nyeret tumuju ing neraka. Yen sawijinig pawongan seneng tumindak goroh, lan tansah mbudidaya goroh, dheweke bakal dicathet dening Allah minangka wong tukang goroh.” (HR. Muslim no. 2607)


اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ

Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…

Yen puasa menika namung kagem pados ridhanipun Allah, lan  panjenenganipun piyambak ingkang priksa hakikatipun puasa, pramila lampah batin ingkang paling wigatos inggih menika nuwuhaken raos bilih kita sedaya menika nembe dipun priksani utawi tansah dipun awasi dening Allah.


Kadosdene pangendikanipun Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam nalika dipun suwuni priksa dening malaikat Jibril: “Mugi paduka paring priksa ing kula, Ihsan menika menapa? Kanjeng Nabi ngendika :


أَنْ تَعْبُدَ اللهَ كَأَنَّكَ تَرَاهُ، فَإِنْ لَمْ تَكُنْ تَرَاهُ فَإِنَّهُ يَرَاكَ

“Ihsan yaiku sira nngibadah marang Allah kaya dene sira bisa sumurup marang Allah, t=yen sira ora bisa ngrasa mengkono, mangka  sira nduwe-o pangrasa yen Gusti Allah iku tansa mriksani ing sira” (HR. Muslim)


Kanthi mekaten, ngibadah puasa menika minangka satunggaling wasilah (sarana) tumrap umat Islam kangge mbentuk sikap utawi watak jujur. Mendah saenipun ing satengahi g gesang menika yen saben tiyang sami tumindak jujur 


Pramika negari badhe aman lan tentrem saking sawernaning kasus korupsi  lan kolusi. Kulawarga bakal guyub rukun saking tumindak ‘selingkuh’ lan dhdhelikan antawisipun suami istri. Dunia bisnis bakal kalis saking sedaya tindak manipulasi. Lembaga politik lan organisasi bakal tebih saking lampah “pat-gulipat” kong-kalingkong, politik kambing hitam (cucuh-cucuhan). Jagading hukum peradilan bakal resik saking dodolan sumpah palsu lan sanes-sanesipun


اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ

Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…

Kaping kalih, nglatih disiplin lan taat dhumateng aturan syariat


Puasa kedah dipun leksana-aken kanthi disiplin, inggih midherek ing paugeran ingkang samun kagarisaken. Kadosdene, ingbab wekdal: dipun wiwiti kanthi nahan dhiri mboten dhahar-ngunjuksaking wekdal fajar subuh dumugi wekdal magrib, nalika srengenge sampun angslup. Sanesipun menika nahan dhiri saking sedaya tindak lampah ingkang kalebet lagho, ucap lan tumindak awon ingkang saget njalari rusakipun bobot maknaning ngibadah puasa ingkang tujuanipun kangge nahahn dhiri utawi meper hawa nepsu.


Kita mboten kepareng ‘nyolong wekdal’ utawi ngrumiyini buka, mekaten ugi nalika dhahar sahur, mboten kepareng ngrerendhe lan kliwat bates wekdalipun saking fajar shubuh senadyan namung setunggal (1) menit.


Allah paring firman ing Al-Qur'an Surah An-Nisaa’ Ayat 59


يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ أَطِيعُواْ اللّهَ وَأَطِيعُواْ الرَّسُولَ وَأُوْلِي الأَمْرِ مِنكُمْ فَإِن تَنَازَعْتُمْ فِي شَيْءٍ فَرُدُّوهُ إِلَى اللّهِ وَالرَّسُولِ إِن كُنتُمْ تُؤْمِنُونَ بِاللّهِ وَالْيَوْمِ الآخِرِ ذَلِكَ خَيْرٌ وَأَحْسَنُ تَأْوِيلاً ﴿٥٩﴾

"He wong kang padha iman! Taat-o marang Allah lan taat-o marang Rasul, lan ulil amri (kang ngasto paguawasa) ing antarane siro. Sabanjure, yen siro beda panemu ing siji perkara, mangka padha kondurna marang Allah lan Rasul, yen sira iman marang Allah lan dina akhir. Kang mengkono iku luwih utama tumrap siro lan luwih becik pungkasane”


Ayat sanesipun dipun tegasaken:


وَمَن يُطِعِ اللّهَ وَالرَّسُولَ فَأُوْلَـئِكَ مَعَ الَّذِينَ أَنْعَمَ اللّهُ عَلَيْهِم مِّنَ النَّبِيِّينَ وَالصِّدِّيقِينَ وَالشُّهَدَاء وَالصَّالِحِينَ وَحَسُنَ أُولَـئِكَ رَفِيقاً ﴿٦٩﴾

“Lan sapa wong kang taat marang Allah lan Rasul (Muhammad) mangka dheweke bakal bebarengan kelawan wong-wong kang nampa nikmat sangka Allah, (yaiku) para nabi, para pandhemen bebener, wong kang padha mati syahid, lan wong-wong shaleh. Wong-wong kang mengkono iku minangka sabecik-becike konco." (QS an Nisa: 69)


اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ

Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…

Kaping tiga, ngresepaken piwucaling agami ing salebeting jiwa raga, lajeng dipun amalaken ing lampah gesang padintenan.


Sabena mal tumindak tansah dipun lambari niyat kagem ngibadah lan ngupadi ridhanipun Allah SWT, kadosdene donga ingkang dipun tuntunaken ing Al-Qur’an:


قُلْ إِنَّ صَلاَتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ ﴿١٦٢﴾

“Maturo: Saestunipun shalat kula, ibadah kula, gesang kula lan pejah kula namung kagem ngupadi ridhanipun Allah, sesembahanipun sedaya titah alam sajagad raya,” (QS. Al An’am: 162)


Tiyang ingkang sampun nggayuh tingkat ngresepaken piwucaling agami ing gesang bakal ketingal ing lampah gesang padintenanipun; gegancangan ngamal kesaenan amrih pikantuk ridhanipun Allah ta’ala.


وَلِكُلٍّ وِجْهَةٌ هُوَ مُوَلِّيهَا فَاسْتَبِقُواْ الْخَيْرَاتِ أَيْنَ مَا تَكُونُواْ يَأْتِ بِكُمُ اللّهُ جَمِيعاً إِنَّ اللّهَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ ﴿١٤٨﴾

“Lan tumrap saben umat nduweni arah kiblate (dhewe), kanthi iku dhewe ngadhep. Mangka sira padha gegancangan-o tumindak ing kabecikan. Ono ngendi wae sira dumunung, allah bakal ngumpulake siro kabeh (ng dina kiamat). Satemene gusti Allah Maha Kuwasa marang samubarang perkara. (QS. Al Baqarah: 148)


اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ

Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…

Ing perkawis ingkang mekaten, gesang tumrap tiyang iman menika amrih sami gegancangan ing kabecikan; sanes kagem lelumban ing perkawis awon lan lampah culika. Samesthinipun dipun isi lan dipun pepaesi kanthi akhlak bebuden ingkang mulya, gampil ngapuro, welas asih dhateng sesami, lan andhap asor ing salebeting pesrawungan


Ing bab sanes kedah nyingkiraken sawernaning watak awon, kados dene: adigang-adigung, cethil, remen ndhem-ndheman, drengki-srei, lan ugi serakah. 


Menika sedya jalaran kita kedah enggal nindakaken amal kesaenan, enggal mertobat nggayuhh maghfiroh (pangapunten) saking Allah ta’ala. Jalaran kita mboten mangertos,  saget ugi saestunipun kita menika oyak-oyakan rebat cepet kaliyan malaikat maut ingkang mbok bilih samoun ‘nginceng” badhe njabut nyawa kita. 


وَسَارِعُواْ إِلَى مَغْفِرَةٍ مِّن رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ ﴿١٣٣﴾

“Lan enggal-enggalo sira nggayuh ing pangapurane Allah sesembahanira, lan  ngarep-arep nggayuh suwarga kang jembare kaya dene langit lan bumi, kang dicawisake tumrap wong kang pada takwa,” (QS Ali Imran: 133)


Inggih kados mekaten gegambaranipun kapribaden tiyang ingkang takwa ing salebeting  Al-Qur’an:

الَّذِينَ يُنفِقُونَ فِي السَّرَّاء وَالضَّرَّاء وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ وَاللّهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ ﴿١٣٤﴾

“(yaiku) wong-wong kang padha mblanja-ake (arta bandhane); apa ing wektu longgar utawa rupeg, lan wong kang padha nahan rasa muntab, lan bisa weneh ngapura (lupute) wong liya. Allah tresna marang wong kang padha tumindak ing kabecikan.” (Qs. Ali Imran: 134)


Kados mekaten lampah takwa ingkang supados saget minangka pepaes ingkang ndamel endah ing salebeting gesang bebrayan satengahing masyarakat.  


اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ

Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…

Ramadhan taun menika nggadhahi aji ingkang sanget ageng, sebab kanthi kasil ibadah ramadhan mekaten sageto bakal nuwuhaken tetiyang ingkang nggadhahi watak takwa.  Dene kita mangertos,  bilih negari kita ing wekdal sekedhap maleh badhe kagungan hajat agung inggih menika “pemilihan umum” kangge milih pemimpin bangsa, wiwit saking presiden lan wakil presiden, sarta anggota DPR ing pusat ngantos daerah. Mugi-mugi mawon hajatan menika saget lancar lan pikantuk pengayoman lan ridho saking Allah subhanahu wata’ala.


Temtu kita nggadhahi pangajeng-ngajeng, kanthi ibadah puasa ramadhan ing taun menikasageto saestu ngasilaken para piyantun calon pemimpin negari ingkang takwa lan adil tumrap masyarakat. 


Pemimpin ingkang iman, takwa lan adil nggambaraken kahanan rakyatipun ingkang iman takwa ugi. Ingkang kados mekaten saget minangka kamenangan  agung, mboten namung ingkang sipat pribadi, nanging ugi dados kamenanganipun kita sedaya bangsa Indonesia. Mugi-mugi Allah kepareng ngabulaken donga panyuwunan kita menika. Amiin.


Minangka panutup khutbah enjang ingkang mulya menika, sumangga kita sesarengan ndedonga sinartan nyadhongaken asta kekalih, kanthi tumungkuling sirah lan ngeningaken cipta, sami sesarengan nyenyuwun rahmat lan welas asihipun Allah subhanahu wata’ala.


بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ 

اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْن، وَالعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ،

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحِسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.

اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.

اَللَّهُمَّ رَبَّنَا تَـقَـبَّلْ مِنَّا صَلاَتَنَا وَصِيَا مَنَا وَرُكُوْ عَنَا وَسُجُوْدَنَا وَقُعُوْدَنَا وَتَضَرُّعَنَا وَتَخَشُّوْعَنَا وَزَكَاتَنَا وَتَعَبُّدَنَا وَتَمِّمْ تَقْصِيْرَنَا يَا اَلله يَا رَبَّ الْعَا لَمِيْنَ

اللَّهُمَّ اقْسِمْ لَنَا مِنْ خَشْيَتِكَ مَا يَحُولُ بَيْنَنَا وَبَيْنَ مَعَاصِيكَ وَمِنْ طَاعَتِكَ مَا تُبَلِّغُنَا بِهِ جَنَّتَكَ وَمِنْ الْيَقِينِ مَا تُهَوِّنُ بِهِ عَلَيْنَا مُصِيبَاتِ الدُّنْيَا وَمَتِّعْنَا بِأَسْمَاعِنَا وَأَبْصَارِنَا وَقُوَّتِنَا مَا أَحْيَيْتَنَا وَاجْعَلْهُ الْوَارِثَ مِنَّا وَاجْعَلْ ثَأْرَنَا عَلَى مَنْ ظَلَمَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى مَنْ عَادَانَا وَلَا تَجْعَلْ مُصِيبَتَنَا فِي دِينِنَا وَلَا تَجْعَلْ الدُّنْيَا أَكْبَرَ هَمِّنَا وَلَا مَبْلَغَ عِلْمِنَا وَلَا تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لَا يَرْحَمُنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى ، والتُّقَى ، والعَفَافَ ، والغِنَى

رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا، وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّابُ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ

رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ 

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْن


“Taqobbalallahu minna wa minkum, shalihal a’maal, kullu ‘aamin wa antum bi khair.”


Wassalaamu ‘alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh.

 Njaga Takwa Bakda Ramadhan Dening : Ust.Umar Hidayat, M.Ag. Khutbah I : إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُه...

NJAGA TAKWA BAKDA RAMADHAN NJAGA TAKWA BAKDA RAMADHAN

Khutbah Jumat

Khutbah Jumat Bahasa Jawa




 Njaga Takwa Bakda Ramadhan

Dening : Ust.Umar Hidayat, M.Ag.


Khutbah I :


إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ إِلَيْهِ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ  .وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى أٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ أَمَّابَعْدُ؛

فَيَآ أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تَقْوَاهُ كَمَا قَالَ تَعَالَى:   يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

يَاأَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا  


Ma’asyiral muslimin, Jamaah Sidang Jum’at yang dirahmati Allah,

Alhamdulillah, puji syukur kunjuk dhumateng ngarsa dalem Allah subhanahu wata’ala awit paringipun rahmat lan asih tresnanipun  ing sedaya titah, sahingga kita taksih pinarungan kesarasan, kawilujengan lan umur panjang saget nindaki ibadah sholat Jum’at ing siang menika. Sholawat lan salam mugi tansah kaparingno dhumateng junjungan kita, kanjeng  Nabi Muhammad SAW, tumedhaipun dhumateng sedaya keluarga, para sahabat lan sedaya umat pendherekipun dumugi akhiring zaman.  Aamiin.. 


Salajengipun, ing wekdal ingkang sae menika, kawula ngajak ing dhiri pribadi kula lan sedaya jamaah, sumangga kita tansah mbudidaya nambah raos iman takwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala, inggih kanthi saestu anggenipun nindak-aken dhawuh timbalanipun lan nilar sedaya awisanipun. Keranten inggih namung kanthi raos takwa mekaten kita bakal nggayuh kamulyan gesang ingkang sejati.


إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ

“Satemene wong kang paling mulya ing antarane sira kabeh ing ngersane Allah yaiku wong kang paling takwa.” (QS. Al Hujurat: 13)


Ma’asyiral muslimin, Jamaah Sidang Jum’at yang dirahmati Allah,

Wulan Ramadhan ingkang kebak barokah nembe kemawon nilar-aken kita, amrih kita mboten kalebet golongan toyang ingkang nandhang rugi, pramila perlu kita mbudidaya sageto njagi lan nglajengaken katahing amal kesaenan ingkang sampun kita tindak-aken ing wulan suci kala wingi. 


Wekdal menika kita lumebet ing wulan syawal, ingkang minangka wulan kagem nambah amal utawi syahrut tarqiyah. 


Wulan Syawal minangka wulan kagem mbuktek-aken : menapa kita sampun kasil nglampahi ibadah ong wulan Ramadhan kanthi sae utawi mboten. Menapa to ibadah lan amal saleh kita tansaya tambah sae sa-sampunipun wulan Ramadhan, utawi justru malah mandhap.


Ibarat mesin kendaraan, sadangunipun wulan Ramadhan wingi kita nindak-aken pangupakara total kadosdene “turun mesin”; pramila saestunipun kahanan kita samenika sae sanget kagem nindak-aken sakathahing amal shaleh ingkang perlu dipun jagi lan sampun ngantos nandhang risak. Ibarat kados dene dipun “servis” lan medal saking “bengkel spesialis”, mesin kagem tumandang dame ling dhiri kita menika siap sumadya nindak-aken pakaryan ageng, ingkang wigatos, lan ngasilaken perkawis ingkang luhur. Sampun ngantos mesin ingkang kahananipun sae menika justru ‘nganggur’  utawi mubazir. Sampun ngatos kita mangke namung getun keduwung jalaran mboten nggina-aken kanthi sae, lan akhiripun ngucap:  


يَا حَسْرَتَا عَلَى مَا فَرَّطْتُ فِي جَنْبِ الله (الزمر: ٥٦)ـ 

“Banget gedhe rasa getun-ku awit  wis lena sajroning nindak-ake kuwajiban marang gusti Allah (QS Az-Zumar: 56).


Ma’asyiral muslimin, Jamaah Sidang Jum’at yang dirahmati Allah,

Kadospundi caranipun njagi raos iman-takwa sasampunipun wulan Ramadhan? 


Sepisan, Prayogi kita tansah njagi amalan wajib. Ing salebeting hadits qudsi, Allah ta’ala paring dhawuh: 


ومَا تَقَرَّبَ إِلَيَّ عَبْدِي بِشَيْءٍ أَحَبَّ إِلَيَّ مِمَّا افْتَرَضْتُ عَلَيْهِ (رَوَاهُ الْبُخَارِيُّ)ـ 

“Ora ono sawijining kawula-Ku kang nyaket-ake dhiri  marang Ingsun Allah kanthi sawijining perkara kang luwih Ingsun tresnani tinimbang apa kang wis Ingsun wajibake marang dheweke” (HR Al-Bukhari). 


Kaping kalih, njagi amalan ibadah sunnah. Nalika ing wulan Ramadhan kadosipun sedaya amalan ibadah sunat saget kita tindak-aken, pramila sae sanget yen ing wulan sa-sampuniun kita lajengaken lan dipun jagi.


Kados pangendikanipun Rasulullah dhumateng ‘Abdullah bin ‘Amr bin Al-‘Ash ra. “Rasulullah Saw dhawuh shumateng kula: 


يَا عَبْدَ اللَّهِ، لاَ تَكُنْ مِثْلَ فُلاَنٍ كَانَ يَقُومُ اللَّيْلَ، فَتَرَكَ قِيَامَ اللَّيْلِ 

“He ‘Abdullah, sira ojo koyo  si-fulan. Mbiyen dheweke sregep shalat wengi, nanging saiki dheweke wis ninggal-ake.” (HR. Bukhari no. 1152 lan Muslim no. 1159) 


Ibadah sunnah menika mawerni-werni, wonten shalat sunnah, puasa sunnah, sedekah sunnah, lan amal sunnah sanesipun midherek tuntunan Nabi. Ing antawisipun kautamanipun amrih kita saget “ajeg” anggenipun nindak-aken inggih menika kita saget milih ibadah sunnah ingkang selaras utawi cocok kaliyan kahanan kita piyambak-piyambak, pundi ingkang kita rumaos remen lan sekeca anggenipun nglampahi.


Ma’asyiral muslimin, Jamaah Sidang Jum’at yang dirahmati Allah,

Kaping tiga, sumangga kita tansah istiqomah anggenipun ngamal kesaenan, jalaran, iman badhe tambah kiyat nalikanipun tansaya kathah amal kesaenan ingkang dipun lampahi. Suwalikipun, iman badhe tansaya ringkih nakinalika kita tumindak dosa utawi maksiyat. Sakedhik amalan kesaenan langkung sae yen dipun damel ajeg, tinimbang kathah nanging lajeng mendel, mboten kalajengaken. 


Saking ’Aisyah radhiyallahu ’anha, piyambakipun ngendika Rasulullah shallallahu ’alaihi wa sallam paring dhawuh,


أَحَبُّ الأَعْمَالِ إِلَى اللَّهِ تَعَالَى أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ

“Amalan kang paling ditresani dening Allah Ta’ala yaiku amalan kang ajeg ditindak-ake senadyan mung sethithik.” (HR. Bukhari lan Muslim).

 

Kaping sekawan, sampun ngantos ‘jeleh’ lan rumaos cekap dhumateng ilmu, khususipun ilmu agama ingkang sampun dipun tampi. 


Sasampunipun Ramadhan nilar ing kita, sumangga kita lajengaken remen nindaki majelis ilmu. Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika: 


لَا يَشْبَعُ مُؤْمِنٌ مِنْ خَيْرٍ يَسْمَعُهُ حَتَّى يَكُوْنَ مُنْتَهَاهُ الْجَنَّةَ (رَوَاهُ ابْنُ حِبَّانَ وَالتِّرمِذِيُّ)ـ 

“Sawijining wong mukmin ora samesthine rumangsa marem (wis cukup) kanthi kabecikan kang dheweke prungu sahingga uripe dipesthek-ake mlebu ing suwarga” (HR Ibnu Hibban lan at-Tirmidzi). 


Hadirin ingkang pun rahmati Allah, mekaten khutbah ing siang menika, mugi-mugi manfaat tumrap kita sedaya. Mugi-mugi Allah subahanahu wata’ala tansah paring pitedah, pitulung lan margi ingkang gampil ing kita sedaya saget nindak-aken dhawuhipun kanthi sasae-saenipun. Amiin.


بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ الله مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَاالسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

 

Khutbah II :

 

اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْن، وَالعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ، وَنَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَلِيُّ الصَّالِحِيْنَ

وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ إِمَامُ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَأَفْضَلُ خَلْقِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ، صَلَوَاتُ اللهِ وَسَلاَمُهُ عَلَيْهِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ

اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ  .اَللَّهُمَّ رَبَّنَا تَـقَـبَّلْ مِنَّا صَلاَتَنَا وَصِيَا مَنَا وَرُكُوْ عَنَا وَسُجُوْدَنَا وَقُعُوْدَنَا وَتَضَرُّعَنَا وَتَخَشُّوْعَنَا وَزَكَاتَنَا وَتَعَبُّدَنَا وَتَمِّمْ تَقْصِيْرَنَا يَا اَلله يَا رَبَّ الْعَا لَمِيْنَ

اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعًا مَرْحُوْمًا، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقًا مَعْصُوْمًا، وَلا تَدَعْ فِيْنَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُوْمًا.

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

WICAKSANA NGADHEPI URIP KADONYAN Dening : Ust. Faisal Ramdhani Khutbah I اَلْحَمْدُ ِللهِ وَكَفٰى ، وَسَلاَمٌ عَلٰى عِبَادِهِ الَّذِيْنَ اصْ...

WICAKSANA NGADHEPI URIP KADONYAN WICAKSANA NGADHEPI URIP KADONYAN

Khutbah Jumat

Khutbah Jumat Bahasa Jawa


WICAKSANA NGADHEPI URIP KADONYAN

Dening : Ust. Faisal Ramdhani


Khutbah I


اَلْحَمْدُ ِللهِ وَكَفٰى ، وَسَلاَمٌ عَلٰى عِبَادِهِ الَّذِيْنَ اصْطَفٰى.

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلا ّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ

اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن 

اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ اللهِ, اُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.

قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا لاَتُلْهِكُمْ أَمْوَالُكُمْ وَلآأَوْلاَدُكُمْ عَن ذِكْرِ اللهِ وَمَن يَفْعَلْ ذَلِكَ فَأُوْلَئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ


Kaum muslimin ingkang minulya, rahimakullah.

Gesang kadonyan menika sarwa dipun pepaesi kanthi mawerni-werni karemenan, jalaran pancen menika sampun dados kersanipun Allah SWT nyipta-aken selaras kaliyan fitrahipun umat  manungsa. Lan saben-saben kita mesthi nggadhahi pepinginan saget nggayuh kasil gesang kadonyan menika, kanthi pinten-pinten ukuran, kadosdene: gadhah kulawarga (garwa lan putra), arta bandha ingkang sarwa cekap, lan saben panjangkanipun saget kasembadan. Allah SWT  paring dhawuh:


زُيِّنَ لِلنَّاسِ حُبُّ الشَّهَوَاتِ مِنْ النِّسَاءِ وَالْبَنِينَ وَالْقَنَاطِيرِ الْمُقَنْطَرَةِ مِنْ الذَّهَبِ وَالْفِضَّةِ وَالْخَيْلِ الْمُسَوَّمَةِ وَالأَنْعَامِ وَالْحَرْثِ ذَلِكَ مَتَاعُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَاللَّهُ عِنْدَهُ حُسْنُ الْمَآبِ

“Dipepaesi ing pandelenge manungsa iku nduweni rasa seneng marang anane wanita, anak, arta bandha wujud emas, perak, jaran pilihan, kewan ternak lan pategalan. Iku kabeh minangka kesenengan urip ing ndonya iki; dene ing ngersane Allah yekti ana papan kang luwih becik kanggo bali (yaiku suwarga).” [Qs.Ali Imran: 14]


Mekaten ndamel sengsem gesang kadonyan menika, sahingga asring kita ngupaya mbujung amrih saget nggayuh panjangka pepinginan menika, malah kadhangkala supe dhateng hakekat gesang menika ingkang saestunipun minangka pacoban. 


Pramila Allah paring pemut dhumateng kita ing Al Quran:


اعْلَمُوا أَنَّمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَلَهْوٌ وَزِينَةٌ وَتَفَاخُرٌ بَيْنَكُمْ وَتَكَاثُرٌ فِي الْأَمْوَالِ وَالْأَوْلَادِ كَمَثَلِ غَيْثٍ أَعْجَبَ الْكُفَّارَ نَبَاتُهُ ثُمَّ يَهِيجُ فَتَرَاهُ مُصْفَرّاً ثُمَّ يَكُونُ حُطَاماً وَفِي الْآخِرَةِ عَذَابٌ شَدِيدٌ وَمَغْفِرَةٌ مِّنَ اللَّهِ وَرِضْوَانٌ وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا مَتَاعُ الْغُرُورِ ﴿٢٠﴾

“Mangerti-o, menawa satemene urip kadonyan iku mung minangka dedolanan lan nggawe leno, pepaes lan moncer-monceran ing antarane siro, sarta seneng mamerake akehing bandha lan anak, kayadene udan kang tetandurane nggawe marem tumrape petani, banjur tanduran iku garing lan siro nyawang warnane dadi kuning banjur sirno. Lan akhirat iku (mbesok) ono pasiksan kang abot, lan uga pangapura saka Allah lan ridhane. Lan urip kadonyan iku ora liya kejaba kasenengan kang nggawe leno” (QS Al Hadid, 20)


Mekaten ageng godhaning kasemenan ndonya menika sahingga sebagian tiyang ingkang rumiyinipun kinurmat lan kajen ing masyarakat, akhiripun kepleset nindakaken lampah dosa, nglanggar hukum lan justru ndadosaken ino sangsaraning dhiri pribadi.


Kaum muslimin ingkang minulya, rahimakullah.

Donya menika pancen kebak godha, sahingga sepinten mawon kathahipun arta bandha ingkang saget dipun gayuh, tiyang badhe tansah nggadhahi pepinginan nambah, lan terus nambah tanpa kepingin mandheg.


Saking sahabat Ibnu ‘Abbas r.a, bilih Rasulullah SAW ngendika:


لَوْ أَنَّ لاِبْنِ آدَمَ وَادِيًا مِنْ ذَهَبٍ أَحَبَّ أَنْ يَكُونَ لَهُ وَادِيَانِ ، وَلَنْ يَمْلأَ فَاهُ إِلاَّ التُّرَابُ ، وَيَتُوبُ اللَّهُ عَلَى مَنْ تَابَ

“Saumpama ana anak Adam nduweni sawijining jurang kebak isi emas, mesthi dheweke isih kepingin nduweni jurang loro maneh kang  liyane; babar pisan ora ana kang bisa ngebaki ing cangkeme (maksude: nggawe marem ing dheweke) kejaba diseseli lemah (tegese mati); dene Gusti Allah maha narima mertobate kawula kang padha gelem tobat.” (Muttafaqun ‘alaih; HR. Bukhari dan Muslim)


Kathah tiyang mbudidaya ngetingalaken kasilipun gesang kanthi ngengagem lan nyekapi kathahing sarana (fasilitas) ingkang awis reginipun, wisata(piknik) ing luar negri, mameraken kathahing bandha kanthi ngetingalaken saldo rekening tabungan, kendaraan lan rumah mewah.


الَّذِي جَمَعَ مَالاً وَعَدَّدَهُ ﴿٢﴾ يَحْسَبُ أَنَّ مَالَهُ أَخْلَدَهُ ﴿٣﴾

“Wong kang ngumpulake bandha lan tansah ngitung-itung, dheweke ngira menawa kanthi bandha kadonyan iku bisa njamin uripe,” (QS Al Humazah: 2-3)


Donya dipun sebat minangka karemenan sawetawis wekdal lan ndamel leno, jalaran saget ndamel manungsa kesupen, gegayuhan gesangipun namung bakal ketungkul ing kadonyan, kamangka gesang menika bakal dipun lampahi tumuju ing akhirat, kados pangendikanipun Allah ing ayat sanes:


قُلْ مَتَاعُ الدُّنْيَا قَلِيلٌ وَالْآخِرَةُ خَيْرٌ لِمَنِ اتَّقَى

“Kandhakno: “Kasenengan ing ndonya iki mung sedhela, dene akhirat iku luwih becik tumrape wong kang padha takwa.” ( QS. An Nisa ayat 77)


Donya menika saestu namung minangka sarana, sanes tujuan. Lan kita namung badhe mapan sekedhap mawon. Ing satunggaling hadits Rasulullah SAW paring sabda dhumateng Ibnu ‘Umar r.a.:


 “ كُنْ فِي الدُّنْيَا كَأَنَّكَ غَرِيبٌ أَوْ عَابِرُ سَبِيلٍ” 

‘Dadi-o siro ing ndonya kayadene wong kang neneka utawa lelungan (musafir).’” (HR. Al-Bukhari)


Maksudipun, kita ing ndonya menika samung sekedhap, kadosdene  tiyang ingkang namung mlampah ing satengahing margi, utawi kadosdene musafir (wisatawan) lan mesthi bakal enggal wangsul ing papan dunungipun malih.


Kaum muslimin ingkang minulya, rahimakullah.

Nabi Sulaiman AS, ingkang dipun  paringi kanugrahan kasughan lan panguawos ageng, minangka nabi ugi dados raja ingkang nuwaosi bangsa jin, tetep emut lan mapanaken gesang kadonya minangka nikat peparingipun Allah, sanes minangka sarana kangge pamer.


قَالَ هَذَا مِن فَضْلِ رَبِّي لِيَبْلُوَنِي أَأَشْكُرُ أَمْ أَكْفُرُ ﴿٤٠﴾

“Sulaiman ngucap: "Iki minangka nugraha peparinge Allah sesembahanku, kanggo nguji awakku, apa aku bisa syukur utawa kufur (marang ni`mat).”  (QS. An Naml: 40)


Tiyang iman bakal saget mapanaken dhiri nalika nglampahi gesang padintenan kanthi watak andhap asor lan mboten gumedhe. Piwucal Islam paring pitedah amrih nglampahi gesang kanthi prasojo ing sedaya perkawis, meapa ing ucapan, sandhangan, lan ugi solah bawa. Allah SWT paring dhawuh berfirman:


وَاقْصِدْ فِي مَشْيِكَ وَاغْضُضْ مِن صَوْتِكَ إِنَّ أَنكَرَ الْأَصْوَاتِ لَصَوْتُ الْحَمِيرِ ﴿١٩﴾

"Lan siro lumaku-o kanthi prasojo, lan lirihno suaramu. Satemene sa-olo-olone suara keledai". (QS. Luqman: 19)


وَعِبَادُ الرَّحْمَنِ الَّذِينَ يَمْشُونَ عَلَى الْأَرْضِ هَوْناً وَإِذَا خَاطَبَهُمُ الْجَاهِلُونَ قَالُوا سَلَاماً ﴿٦٣﴾

“Lan kawula-Ningsun Allah kang maha Welas asih, yaiku kang padha lumaku ing salumahing bumi kanthi andhap asor, dene nalikane ono wong jahil kang ngganggu dheweke bakal bakal ngucap kanthi ucapan kang becik kebak ing rasa katentreman.” (QS. Al Furqan: 63)


Tiyang iman bakal tansah emut, bilih hakekat gesang kadonyan menika saestunipun minangka pacoban, kadosdene firmanipun Allah SWT:


إِنَّا جَعَلْنَا مَا عَلَى الْأَرْضِ زِينَةً لَهَا لِنَبْلُوَهُمْ أَيُّهُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا

“Satemene Ingsun Allah wis ndadek-ake apa kag ana ing bumi ini minangka pepaes, saperlu Ingsun paring pacoban ing manungsa, sapa wae wong kang paling becik amal tumindake.” (QS. Al-Kahfi: 7)


Kaum muslimin ingkang minulya, rahimakullah.

Emut ing perkawis menika, pramila kita bakal ndadosaken sedaya kasiling gesang menika dipun tujok-aken kangge ngibadah ingkang minangka kabinahan ingkang paling agung tiyang iman, inngih menika ridhanipun Allah. Menika jumbuh ing piwucaling Al-Qur’an:


قُلْ إِنَّ صَلاَتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ ﴿١٦٢﴾

“Maturo: Saestunipun shalat kula, ibadah kula, gesang kula lan pejah kula namung kagem ngupadi ridhanipun Allah, sesembahanipun sedaya titah alam sajagad raya,” (QS. Al An’am: 162)


Awit saking menika, mumpung kita taksih dipun paring wekdal gesang, pramila sumangga kita gina-aken umur kita. Sampun ngantos leno ing perkawis ingkang mboten piguna. Rasulullah Muhammad SAW  paring sabda,


مِنْ حُسْنِ إِسْلَامِ الْمَرْءِ تَرْكُهُ مَا لَا يَعْنِيهِ

“Ing antarane tanda besike Islam sawijining pawongan, yaiku dheweke ninggalake perkara kang ora ono pigunange.” (HR. At-Tirmidzi)


Mekaten sekdehik atur khutbah ing siang menika, mugi kita tansah saget ngadhepi gesnag kadonyan menika kanthi wicakana, lan mboten gampil kejrumus nuruti hawa nepsu, sahingga manah kita pikantuk katentreman lan kabingahan sejati. Amiin.


بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ الله مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَاالسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

 

Khutbah II :

 

اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْن، وَالعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ، وَنَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَلِيُّ الصَّالِحِيْنَ

وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ إِمَامُ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَأَفْضَلُ خَلْقِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ، صَلَوَاتُ اللهِ وَسَلاَمُهُ عَلَيْهِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ

اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ  

اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعًا مَرْحُوْمًا، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقًا مَعْصُوْمًا، وَلا تَدَعْ فِيْنَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُوْمًا.

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ