KUWAJIBAN ING ARTA BANDHA Dening : ust. Ahmad Alfian Muzakki Khutbah I الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ اْلإِيْمَانِ وَاْلإِس...

KUWAJIBAN ING ARTA BANDHA  KUWAJIBAN ING ARTA BANDHA

KUWAJIBAN ING ARTA BANDHA

KUWAJIBAN ING ARTA BANDHA


KUWAJIBAN ING ARTA BANDHA
Dening : ust. Ahmad Alfian Muzakki

Khutbah I

الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ اْلإِيْمَانِ وَاْلإِسْلاَمِ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ،
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوْا الله حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ ﴿٥٦﴾

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Ing antawisipun karemenan gesang ingkang kathah dipun pengini umumipun tiyang inggih menika menawi saget nggadhahi kacekapan arta bandha, kadosdene firman Allah SWT ing Qs. Ali Imran ayat 14:

زُيِّنَ لِلنَّاسِ حُبُّ الشَّهَوَاتِ مِنَ النِّسَاء وَالْبَنِينَ وَالْقَنَاطِيرِ الْمُقَنطَرَةِ مِنَ الذَّهَبِ وَالْفِضَّةِ وَالْخَيْلِ الْمُسَوَّمَةِ وَالأَنْعَامِ وَالْحَرْثِ ذَلِكَ مَتَاعُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَاللّهُ عِندَهُ حُسْنُ الْمَآبِ ﴿١٤﴾
“Didadek-ake endah ing umat manungsa nduweni kasenengan marang apa-apa kang dipengini , yaiku : wanita-wanita, anak-anak, arta bandha kang akeng saka wujuding emas, perak, jaran pilihan, kewan-kewan ternak lan sawah pategalan. Iku minangka kasenengan urip kadonyan, lan ing ngersane Allah ono papan bali kang becik (yaiku suwarga)”

Menapa pigunanipun kita nggadhahi arta bandha? Saestunipun arta bandha menika supados kita saget nyekapi kabtehan gesang pokok padintenan ingkang sipat pribadi lan kulawarga ((ing perkawis  sandang, pangan lan papan); salajengipun kangge nambah saenipun pangibadahan kados dene infak sedekah utawi zakat, lain perkawis sanes ingkang mbekta maslahat kagem sesami.

Kita minangka tiyang muslim, temtu kepingin ngleksanani sedaya rukun Islam dumugi ingkag kaping gangsal (saking : syahadat, shalat, puasa, zakat lan haji);  pramila bab menika temtu kemawon mbetahaken kadekapan arta bandha, inggih rukun: zakat lan haji. Kanthi mekaten, saestunipun saestunipun ing salebeting gesang menika wonten piwucal ingkang dipun paringkaen inggih menika supados kita saget mandiri ing babagan ekonomi lan kacekapan ing arta bandha kagem hajat gesang. Allah SWT paring firman:

وَأَقِيمُواْ الصَّلاَةَ وَآتُواْ الزَّكَاةَ وَارْكَعُواْ مَعَ الرَّاكِعِينَ ﴿٤٣﴾
“Lan jejegno shalat, bayarno zakat lan sira padha nindakno ruku` bebarengan wong-wong kang nindak-ake ruku’.” (Qs. Al Baqarah; 43).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Arta bandha ingkang mlempak saking anggen kita tumandang damel, senadyan minangka kasil saking anggen kita meres kringet lan menggalih piyambak, nanging mboten sedayanipun dados hak mutlak kita. Allah SWT paring dhawuh marih kita remen peparing dhumateng  sesame gesang, lan sebagian arta bandha menika sanes minangka hak kita piyambak.  

وَفِي أَمْوَالِهِمْ حَقٌّ لِّلسَّائِلِ وَالْمَحْرُومِ ﴿١٩﴾
     “Lan ing sajroning arta bandhane manungsa iku dumunung hak tumrape wong miskin kang njejaluk lan wong miskin kang ora antuk bagian.” (Qs. Adz Dzariyat: 19)

Semangat piwaucaling agami Islam menika antum welas asih lan karaharjaning gesang dhumateng sesami, ingkang menika dipun wujudaken ig dhawuh agami supados remen paring  pitulung lan bebantu saking saperangan kanugrahan rejekinipun Allah tumrap kawulanipun. Kita dioun dhawuhi supados ngedalaken zakat arta bandha, lan menika nggadhahi piguna kagem nyuceni arta bandha lan jiwanipun tiyang mukmin.

خُذْ مِنْ أَمْوَالِهِمْ صَدَقَةً تُطَهِّرُهُمْ وَتُزَكِّيهِم بِهَا وَصَلِّ عَلَيْهِمْ إِنَّ صَلاَتَكَ سَكَنٌ لَّهُمْ وَاللّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ ﴿١٠٣﴾
“Jupuken zakat saka saperangan arta bandhane wong mukmin, kanthi zakat iku sira ngresiki lan nyuceni ing dheweke, lan aturno donga kanggo wong-wong mau. Satemene dongamu iku ndadekake rasa tentrem ing atine. Lan Allah Maha Midhanget lan Maha Priksa.” (Qs. At Taubah: 103)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Menawi kita kagungan arta bandha, saestunipun ing mriku dumunung wontenipun ‘titipan’ utawi amanah saking Allah amrih dipun paringaken dhumateng tiyang sanes, kadosdene dhawuhipun Allah ing Al-Qur’an:

إِنَّ اللّهَ يَأْمُرُكُمْ أَن تُؤدُّواْ الأَمَانَاتِ إِلَى أَهْلِهَا ﴿٥٨﴾
“Sayektine Allah paring dhawuh ing siro amrih nekanake ‘amanat’ marang wong-wong kang nduweni hak kanggo nampa”, ( Qs. An Nisa’: 58).

Kanthi mekaten, menawi wonten tiyang ingkang saestunipun sampun wajib mbayar zakat, nanging dereng nindakaken zakatipun, pramila estunipun piyambakipun sampun mendhet arta bandha ingkang dados hakipun tyang sanes, ingkang dipun sebat kaum dhuafa’ ingkang mlebet ing 8 golongan (ashnaf). Perkawis ingkang mekaten saget njalari arta bandhanipun mboten pikantuk berkah.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Arta bandha ingkang dipun wedalaken menawi sipatipun wajib dipun sebat minangka zakat mal (arta bandha) kedah nyekapi syarat lan ketemtuan, inggih menika: nishab, haul, lan milku at taam.

Nishab: tegesipun ukuran jumlah arta bandha ingkang paling sekedhik nggadhahi aji sebanding 85 gram emas, lan dipun wedalaken zakat  kathahipun 2,5%. Haul, tegesipun anggenipun nggadhahi arta bandha menika sampun jangkep wekdal ing sadangunipun setunggal taun. Milku at taam, inggih menika arta bandha menika minangka hak milik pribadi sacara mutlak (sanes kagunganipun tiyang sanes).

Dene arta bandha ingkang dipun wedalaken ingkang sipatipun sunat, menika dipun sebat infak utawi sedekah; ingkang menika mboten wonten aturan batesan bab jumlah kathah-sekedhikipun, mekaten ugi wekdal danunipun dipun gadhahi. Tansaya kathah anggenipun infak, pramila langkung sae. !

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Menawi ing wulan Ramadhan menika kita rumaos sanget caket dhumateng Allah, kita sampun nggembleng kagem kagungan sipat jujur kanthi ibadah puasa. Namung dhiri kita piyambak lan Allah ingkang mangertosi “menopo puasa kita pancen dipun leksana-aken kanthi saestu utawi namung etho-ethok?”. Pramila saat menika ugi kita dipun uji imanipun, menopa kita tetep nggadhahi sipat jujur kangge ngetang katahing arta bandha ingkang kita gadhahi lan kedah dipun wedalaken zakat mal (arta bandha)-nipun.

Wulan ramadhan menika wekdal ingkang sae tumrap kita mbuktek-aken kejujuran dhumateng awak kita piyambak lan tumindak ingkang jejeg ing ngarsanipun Allah ing sedaya perkawis, kalebet ing bab kuwajiban kita ing arta bandha. Allah ta’ala paring dhawuh:

وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ ﴿٥٦﴾
“Lan jejegno shalat, bayarno zakat, lan tumindako ta`at marang rasul, amrih siro nampa nugraha rahmat.” (Qs. An Nuur: 56)

Allah paring pambombong ingkang inggil tumrap tetiyang ingkang purun mbelanja-aken arta bandhanipun kanthi dhasar iman; Allah paring sebatan minangka “potangan” lan Panjenenganipun badhe paring lelintu (ijol) lan ngunduraken kanthi tikel matikel:

إِن تُقْرِضُوا اللَّهَ قَرْضاً حَسَناً يُضَاعِفْهُ لَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللَّهُ شَكُورٌ حَلِيمٌ ﴿١٧﴾
“Menawa sira ngaturake potangan marang Allah kanthi potangan kang becik, yekti Allah bakal nikel-nikelake piwales ganjaran marang siro, lan ngapuro ing dosaniro. Lan Allah Maha Paring Piwales lan Maha Asih.” (Qs. At Taghabun: 17).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Bab menika kawula aturaken, mumpung samekika kita taksih ing wekdal sa-protigan  (1/3) awal ing wulan Ramadhan, pramila sanget sae menawi kita dadosaken minangka momentum optimalisasi (wekdal kangge nggenjot) iman takwa lumantar ibadah Maliyah (arta bandha). Menapa malih yen dipun bayaraken ing wulan Ramadhan ingkang in sya’Allah bakal nggadhahi aji boboting ganjaran ingkang saestu tikel matikel; linangkung menawi kaleres sesarengan pikantuk nugraha “lailatul qodar’; pramila  bab menika mesthi bakal nggadhahi bobot ingkang “luar biasa fantastis”.

Sumangga kita wujudaken raos iman takwa, lan sipat jujur kita dhumateng Allah lumantar ibadah Maliyah; kita cawisaken arta bandha kita kanthi sae kagem mbayar zakat utawi infak sedekah kagem mapag tumurunipun lailatul Qodar ing “puncak” ibadah nalika mlebet sa-protigan (1/3) pungkasaning wulan ramadhan mangke.

Mugi-mugi kita tansah pikantuk kaberkahan lan saget nggayuh takwa ingkang sak sae-saenipun. Amiin.

بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ

Khutbah II

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
 وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ خُلَفَائِهِ الرَّاشِدِيْنَ، وَعَنْ أَزْوَاجِهِ أُمَّهَاتِ المُؤْمِنِيْنَ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ، وَعَنْ المُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعاً مَرْحُوْماً، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقاً مَعْصُوْماً، وَلا تَدَعْ فِيْنَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُوْماً.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.  
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

0 Comments: