Wancine Nyaket Lan Tresna Ing Al-Qur’an
Dening : Ust. Muhammad Hanafi, S.Ag., MSI.
Khutbah I
اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ عَلَّمَ الْإِنْسَانَ مَا لَمْ يَعْلَمْ
أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ الْعَزِيْزُ الْعَلَّامُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّداً خَيْرَ الْأَنَامِ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً تَمْلَأُ الْأَكْوَانَ مِنْ يَوْمِنَا هَذَا إِلَى يَوْمِ الْقِيَامِ، وَهُوَ الَّذِيْ أَنْزَل َ اللهُ اِلَيْهِ الْقُرْآنَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَان.
أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ. فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، إِنَّا نَحْنُ نَزَّلْنَا الذِّكْرَ وَإِنَّا لَهُ لَحَافِظُونَ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Alhamdulillah, puji pangalembana kagunganipun Allah ingkang paring pitedah, kathahing rahmat kamirahan sarta barokah sahingga siang menika kita sedaya daget nindaki ibadah shalat Jum’ah.
Ibadah Jum’ah minangka lampah tumuju ing derajat taqwa, ingkang intisarinipun mujudaken raos tundhuk lan ikhlas kangge ndhereki dhawuh timbalanipun Allah sarta nilar awisanipun. Awit saking menika, keparenga kawula ngajak sedaya jamaah: sumangga kita sesarengan mbudidaya nambah raos iman takwa kanthi nindakaken dhawuhipun lan nilar ingkang dados awisanipun Allah SWT.
Ramadhan minangka syahrul Qur’an, wulan dipun tumurun-aken Al-Qur’anul karim.
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنزِلَ فِيهِ الْقُرْءَانُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِنَ الْهُدَى وَالْفُرْقَانِ
“Wulan Ramadhan, yaiku wulan kang ing wektu iku katumurunake Al-Qur’an minangka pituduh tumrap umat manungsa lan sesuluh ing pituduh iku, lan minangka furqan (kang milah antarane perkara hak lan bathil).” (Surat Al-Baqarah : 185)
Al-Qur’an menika kelenggahanipun minangka pitedah gesang, pandom lan paugeran kagem nglampahi gesang ing alam ndonya menika. Gesang menika badhe karaos langkung gampil, jejeg lan sekeca menawi dhedhasar paugeran ingkang gumathok lan saget idpun piandel. Pramila Al-Qur’an nenuntun ing kita tumuju margi igkang leres, margining karaharjan lan kabungahan sejati.
إِنَّ هَٰذَا الْقُرْآنَ يَهْدِي لِلَّتِي هِيَ أَقْوَمُ وَيُبَشِّرُ الْمُؤْمِنِينَ الَّذِينَ يَعْمَلُونَ الصَّالِحَاتِ أَنَّ لَهُمْ أَجْرًا كَبِيرًا
“Satemene Al-Qur’an iki paring pituduh tumuju urip kang luwih jejeg (bener) lan paring kabar gumbira marang wong Mu’min kang padha nindak-ake amal saleh, menawa dheweke bakal nampa piwales ganjaran kang agung” (Surat Al-Isra’ ayat 9).
Pramila menika, kuwajiban lan hajat kita minangka muslim inggih perlu tansah mudidaya (ikhtiar) kangge nyinau, paring kawigatosan ing Al-Qur’an. Nglonggaraken wekdal kagem nyaket dhumateng Al-Qur’an. Allah paring dhawuh:
أَفَلَا يَتَدَبَّرُوْنَ الْقُرْآنَ وَلَوْ كَانَ مِنْ عِنْدِ غَيْرِ اللَّهِ لَوَجَدُوا فِيْهِ اخْتِلَافًا كَثِيْرًا
“Mangka apa-to dheweke ora nggatek-ake ing Al Quran? Yen saumpama Al-Quran iku dudu sangka ngersane gusti Allah, yekti dheweke bakal nemu akehe bab kang cengkah ing sajeroning Al-Qur’an iku”. (Surat An-Nisa ayat 82).
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Nyaket dhumateng Al-Qur’an minangka kabetahan (hajat) lan kuwajiban. Menika minangka bukti raos iman kita, kados pundi al-Qur’an minangka kitab suci lan dados pandom salebeting gesang. Dene tumapakaing lampah kanggge nyaket dhuamteng Al-Quran wonten pinten-pinten perangan:
Sepisan: tilawatul Qur’an, qira’atul Qur’an, maos mushaf Al-Qur’an. Allah ta’ala paring dhawuh:
إِنَّ الَّذِينَ يَتْلُونَ كِتَابَ اللَّهِ وَأَقَامُوا الصَّلاةَ وَأَنْفَقُوا مِمَّا رَزَقْنَاهُمْ سِرًّا وَعَلانِيَةً يَرْجُونَ تِجَارَةً لَنْ تَبُورَ
“Satemene wong kang padha tansah maca kitabe Allah, njejeg-ake shalat lan mblanja-ake sebagian rejeki kang wis Ingsun paring-ake – kanthi sesidheman utawa terang terwoco –dheweke ngarep-arep amalan pakaryan kang oran nandhang rugi (kapitunan)” (Surat Fathir ayat 29-30).
Ing salebeting hadits, Rasulullah Saw, paring piwucal ing bab agengipun ganjaran salebeting nyinau maos Al-Qur’an.
مَنْ قَرَأَ حَرْفاً مِنْ كِتَابِ اللهِ فَلَهُ حَسَنَةٌ
Sopo wong kang maca huruf siji saka kitabullah (Al-Qur’an), mangka dheweke nampa ganjaran siji kabecikan.
وَالْحَسَنَةُ بِعَشْرِ أَمْثَالِهَا
Lan saben siji kabecikan, bakal diganjar dening Allah kanthi sepuluh kabecikan.
لَا أَقُوْلُ الم حَرْفٌ
Aku ora nyebut “Alif Lam Mim” iku cacahe minangka siji huruf
وَلَكِنْ أَلِفٌ حَرْفٌ، وَلَامٌ حَرْفٌ، وَمِيْمٌ حَرْفٌ
“Nanging, Alif dietung “siji” huruf, Lam dietung siji huruf, lan Mim dietung siji huruf”. (Hadits Riwayat at-Tirmidzi).
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Kaping kalih, tahfidzul Qur’an, ngapalaken Al-Quran.
Tiyang ingkang ngapalaken Al-mesthi badhe ngambali anggenipun maos, muraja’ah, supados apalanipun tansaya kiyat. Lampah ngapalaken menika mujudaken dzikir ingkang sanget utami kagem emut dhumateng Allah. Ngapalaken Al-Qur’an kalebet upaya njagi kemurnian lan keaslian Al-Qur’an.
Malah ing akhirat mangke kita bakal dipun angkat derajatipun dening Allah ta’ala lantaran kathahing apalan hafalan Al-Quran. Abdullah bin ‘Amr Radhiyallahu anhu, nyebataken bilih Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda
يُقَالُ لِصَاحِبِ الْقُرْآنِ اقْرَأْ وَارْتَقِ وَرَتِّلْ كَمَا كُنْتَ تُرَتِّلُ فِى الدُّنْيَا فَإِنَّ مَنْزِلَكَ عِنْدَ آخِرِ آيَةٍ تَقْرَؤُهَا
“Didhawuhake marang wong kang moco (ngapalake) al-Qur’an mbesok, ‘Wacanen lan munggaho, lan kanthi tartil koyodene siro ing ndonya moco kanthi tartil ! sebab kelungguhanmu iku ing akhir ayat kang siro waca (apal).” (Hadits Riwayat Tirimizi).
Kaping tiga, Tafhimul Qur’an, ikhtiar mangertosi makna utawi tadabbur ing suraosipun Al-Quran. Allah ngendiko ing Al-Quran :
أَفَلَا يَتَدَبَّرُونَ الْقُرْآنَ أَمْ عَلَىٰ قُلُوبٍ أَقْفَالُهَا
“Mangka opo dheweke ora mikirake ing Al-Qur`an utawa atine dheweke wis kekunci?”. (Surat Muhammad ayat 24).
Al-Qur’an dipun tumurunaken ing basa Arab kanthi sastra ingkang inggil lan luhur.dipun betahaken upaya amrih kita saget mengertos ing suraos maknanipun. Pramila kita kedah maos kitab-kitab tafsir karyanipun para ulama, amrih saget mangertos kados pundi maksud ing satunggaling ayat. Kanthi mekaten kita bakal langkung manteb ing manah, tansaya tambah raos iman kita ing leresipun kitab Al-Qur’an.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Sasampunipun maos, ngapalaken lan mangertos ing maknanipun, pramila lampah ingkang Kaping Sekawan inggih menika: tathbiqul Qur’an, ngamalaken, mraktek-aken Al-Quran ing tindak lampah padintenan. Allah paring firman:
اِتَّبِعُوا مَا أُنْزِلَ إِلَيْكُمْ مِنْ رَبِّكُمْ وَلَا تَتَّبِعُوا مِنْ دُونِهِ أَوْلِيَاءَ ۗ قَلِيلًا مَا تَذَكَّرُونَ
“Manuto ing apa kang ditumurunake ing siro saka Allah sesembahaniro, lan siro ojo manut marang panggede (pemimpin) saliyane Allah. Banget sethithik saka siro kang njupuk minangka piwulang.” (Surat al-A’raf ayat 3).
Kita ndadosaken Al-Qur’an minangka panuntun utawi pandom kangge lampahing gesang padintenan kita. Kita selaraskan diri kita kanthi paugeran lan syariat ing Al-Qur’an.
Kaping gangsal inggih menika ta’limul Qur’an, mucalaken Al-Qur’an, utawi Al-Quran dhumateng masyarakat. Rasulullah paring sabda :
خَيْرُكُمْ مَنْ تَعَلَّمَ اْلقُرْآنَ وَعَلَّمَهُ
“Sabecik-becike wong ing antarane siro yaiku wong kang sinau Al Qur’an lan mulangake.” (Hadits Riwayat Al-Bukhari)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Akrab lan rumaket kita ing Al-Qur’anul karim, saget dipun priksani saking gangsal perkawis menika: tilawah, tahfidz, tadabbur, tathbiq lan ta’limul Qur’an. Menawi wonten tiyang ingkang mboten caket dhumateng al-Qur’an, piyambakipun kadosdene omah ingkang risak.. Sabda Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wasallam
إِنَّ الَّذِيْ لَيْسَ فِيْ جَوْفِهِ شَيْءٌ مِنَ الْقُرْآنِ كَالْبَيْتِ الْخَرِبِ “
“Wong kang ig dhirine ora ono (wacan) Al-Qur’an, iku koyodene omah kang rusak,” (Hadits Riwayat at-Tirmidzi).
Dene tiyang muslim ingkang akrab dhumateng Al-Qur’an minangka piyayi ingkang dipun gegadhang. Rasulullah SAW paring sabda :
لَا حَسَدَ إِلَّا فِي اثْنَتَيْنِ: رَجُلٌ آتَاهُ اللهُ الْقُرْآنَ فَهُوَ يَقُوْمُ بِهِ آناَءَ الَّليْلِ وَ آنَاءَ النَّهَارِ وَ رَجُلٌ آتَاهُ اللهُ مَالًا فَهُوَ يُنْفِقُهُ آنَاءَ اللَّيْلِ وَ آناَءَ النَّهَارِ
“Ojo nduweni rasa hasad (meri) kejobo marang golongan werna loro: Wong kang diparingi ilmu Al-Qur’an dening Allah, banjur dheweke maca ing wektu awan lan wengi, lan wong kang diparingi bandha dening Allah, banjur dheweke nginfak-ake ing wektu awan lan wengi”. ( HR al-Bukhari lan Muslim.)
Hadis menika ngisyarataken ing kita ing bab inggil lan luhuripun tiyang muslim ingkang tekun nyinau lan ngamalaken Al-Qur’an. Sumangga kita nambah raos tresna lan iman kita dhumateng al-Qur’an kanthi lampah maos, nyinau makna, mangertosi, ngamalaken lan mucalaken Al-Qur’an.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاِت وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. إِنَّهُ هُوَ البَرُّ التَّوَّابُ الرَّؤُوْفُ الرَّحِيْمُ.
أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيْم، بسم الله الرحمن الرحيم، ٱقْرَأْ بِٱسْمِ رَبِّكَ ٱلَّذِى خَلَقَ خَلَقَ ٱلْإِنسَٰنَ مِنْ عَلَقٍ ٱقْرَأْ وَرَبُّكَ ٱلْأَكْرَمُ ٱلَّذِى عَلَّمَ بِٱلْقَلَمِ عَلَّمَ ٱلْإِنسَٰنَ مَا لَمْ يَعْلَمْ ـ وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ أَرْحَمُ الرّاحِمِيْنَ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ لله وَحْدَه لاَشَرِيْكَ لَهُ، اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ، وَأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ اْلاِنْسِ وَالْبَشَرِ، اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ مُحَمَّدٍ وَعَلىَ اَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ، اَمَّا بَعْدُ. فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوْا الله تَعَالىَ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ وَمَا بَطَنَ وَحَافِظُوْا عَلىَ الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمُعَةِ وَالْجَمَاعَةِ.
وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ أيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا، اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ مُحَمَّدٍ وَعَلىَ اَلِهِ وَأَصْحَابِه أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِى التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ
اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَا وَاهِبَ الْعَطِيَّاتِ، اَللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِبَلاَدِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلاَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ الله إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُاللهِ اَكْبَرُ
0 Comments: