PANGGULAWENTHAHING ANAK KANTHI ASIH TRESNA Dening: Ust. Saiful Bahri Khutbah I الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ،...

PANGGULAWENTHAHING ANAK KANTHI ASIH TRESNA PANGGULAWENTHAHING ANAK KANTHI ASIH TRESNA

PANGGULAWENTHAHING ANAK KANTHI ASIH TRESNA

PANGGULAWENTHAHING ANAK KANTHI ASIH TRESNA


 PANGGULAWENTHAHING ANAK KANTHI ASIH TRESNA
Dening: Ust. Saiful Bahri

Khutbah I

الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ، مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ، رَفِيْعُ الدَّرَجَاتِ، وَهُوَ الَّذِيْ يَقْبَلُ التَّوْبَةَ عَنْ عِبَادِهِ وَيَعْفُوْ عَنِ السَّيِّئَاتِ، رَافِعُ السَّمَاوَاتِ، وَمُنَزِّلُ اْلآيَاتِ، اِلـهُنَا وَخَالِقُنَا وَرَازِقُنَا وَلَيْسَ لَنَا رَبٌّ سِوَاكَ.
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
 اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
 يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ .وَلْيَخْشَ الَّذِينَ لَوْ تَرَكُواْ مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعَافاً خَافُواْ عَلَيْهِمْ فَلْيَتَّقُوا اللّهَ وَلْيَقُولُواْ قَوْلاً سَدِيداً

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kanugerahan lan nikmat ingkang agung saking Allah subhanahu wata’ala tumrap para tiyang sepuh inggih kanthi lahiripun putra (anak), ing salebeting kulawarga bakal ndamel raos saklangkung bingah.  Kados firman Allah SWT ing Al-Qur’an:

زُيِّنَ لِلنَّاسِ حُبُّ الشَّهَوَاتِ مِنَ النِّسَاء وَالْبَنِينَ وَالْقَنَاطِيرِ الْمُقَنطَرَةِ مِنَ الذَّهَبِ وَالْفِضَّةِ وَالْخَيْلِ الْمُسَوَّمَةِ وَالأَنْعَامِ وَالْحَرْثِ ذَلِكَ مَتَاعُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَاللّهُ عِندَهُ حُسْنُ الْمَآبِ
“Digawe endah ing (pandulune) manungsa nduwe rasa dhemen marang wanita-wanita, anak-anak, arta bandha saka wujud emas, perak, jaran pilihan, kewan-kewan ternak lan sawah pategalan. Iku kabeh minangka kasenengan urip ing ndonya, lan ing ngersane Allah minangka papan bali kang becik (yaiku suwarga). (Qs. Ali ‘Imran: 14)

Ing awal ayat menika dipun sebat-aken, bilih umumipun fitrah manungsa nggadhahi raos remen (gandrung) dhumateng wanita, anak-anak lan arta bandha; khususipun pepenginan kagem nggadhahi anak  ingkang bakal dados sesambungan sejarah gesangipun, kita saget menangi kados pundi kathah tiyang ingkang sampun palakrama (nikah)  puluhan taun mbudidaya amrih saget nggadhahi putra. Sawernaning kupiya dipun lampahi, menapa kanthi terapi, tetamba dhumateng dokter lan ndherek kathah program kehamilan senadyan kedah mbayar kanthi ragat ingkang awis, sedaya dipun kupiya-aken amrih saget pikantuk momongan ingkang badhe nyambung sejarah gesangipun.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Allah subhanahu wata’ala paring pitedah ing kita, bilih umat manungsa biasanipun mapanaken anak ing kalenggahan werni tiga (3) inggih menika: minangka pepaes, pacoban lan panentrem ing manah.

Sepisan, Anak minangka pepaes utawi karemenan gesang kadonyan.
Allah SWT paring firman ing Surat al Kahfi ayat 46:

الْمَالُ وَالْبَنُونَ زِينَةُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَالْبَاقِيَاتُ الصَّالِحَاتُ خَيْرٌ عِندَ رَبِّكَ ثَوَاباً وَخَيْرٌ أَمَلاً
“Bandha lan anak-anak minangka pepaes urip kadonyan, nanging amalan-amalan kang langgeng lan saleh iku luwih becik ganjarane ing ngersane Allah pangeranira, luwih becik dadi pengarep-arep.”

Ing padintenan kita saget ningali kathahipun tiyang sepuh ingkang nyebut-nyebut lan mbangga-aken tuwuh ngrembakanipun anak kaliyan prestasinipun ing sangajengipun tiyang sanes, linangkung menawi anak nggadhahi keistimewaan ingkang pinunjul tinimbang lare sanesipun.

Kaping kalih, anak minangka pacoban utawi fitnah.
Firman Allah  ing Al-Quran surat Al Anfal ayat 28:

وَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَآ اَمْوَالُكُمْ وَاَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ ۙوَّاَنَّ اللّٰهَ عِنْدَهٗٓ اَجْرٌ عَظِيْم
    “Lan mangerti-o menawa arta bandhamu lan anak-anakmu iku minangka pacoban lan satemee ing ngersane Allah ana ganjaran kang agung.”
    
Midherek Profesor Quraish Shihab ing tafsir al-Misbah njelasaken, anak minangka pacoba maksudipun inggih: menapa jalaran gadhah anak ingkang dipun tresnani bakal ndadoskaen satunggaling tiyang justru tumindak kumowantun nglanggar paugeranipun Allah? Lan menapa tiyang menika bakal nindak-aken “amanah” ingkang samesthinipun kaparingaken dhumateng anak.
Wontenipun anak minangka ujian (pacoban) tumrap tiyang sepuh kagem nindak-aken tugas kuwajibanipun kanthi lampah ngrumat ln byekapi kabetahaning gesang wujud sandang, pangan, lan papan ingkang cekap. Mekaten ugi kuwajiban kagem nggulawenthah (ndidik) lan nuwuhaken bakat (potensi)  anak,  ingkang mbenjang bakal dados kawulanipun Allah lan sekaligus khalifah-ipun ing ndonya.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kaping tiga, anak minangka panentrem ing manah, ndamel remen ing pandulu (mripat)
Firman Allah SWT ing surat Al Furqan ayat 74:

وَالَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا
“Lan wong-wong padha matur (ndonga), ‘Dhuh Gusti Allah, mugi paduka paring nugraha ing kawula garwa lan anak turun kawula minangka pepaes ingkang ngremenaken ing peningal, lan kadadosna kawula minangka pemimpin tumrap tiyang-tiyang ingkang takwa’,”
 
Kawulanipun Allah bakal tansah nyuwun amrih saget nggadhahi jodho (garwa) lan putra wayah ingkang sae, amrih tansah saget ndamel remen, bingah lan tentrem ing manah. Kahanan ingkang tansah ngremenaken mekaten dados pertandha bilih kulawarga mekaten sampun nggayuh sebatan utawi predikat kulawarga sakinah, mawaddah warahmah.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kita dipun emutaken bilih ‘masa depan’ anak saestu dipun pengaruhi dening panggulawenthahing tiyang sepuhipun. Ing saweneh hadits Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam  paring sabda :

كُلُّ مَوْلُودٍ يُولَدُ عَلَى الفِطْرَةِ، فَأَبَوَاهُ يُهَوِّدَانِهِ، أَوْ يُنَصِّرَانِهِ، أَوْ يُمَجِّسَانِهِ
"Saben anak dilahir-ake ing kahanan fitrah, mangka ibu bapake kang ndadek-ake agamane yahudi utawa nasrani utawa majusi.” (Muttafaq ‘alaihi)

Sahabat Ali bin Abi Thalib r.a. paring piwucal wontenipun tiga tataran kagem nggulawenthah putra ingkang selaras kaliyan tuwuhipun anak, inggih  menika:

Sepisan, anak dipun anggep kadosdene raja.
Nalika kanak-kanak, usia pra-sekolah (umur 0-6 tahun), anak mbetahaken kawigatosan lan pangorbanan paling ageng saking tiyang sepuhipun. Nalika umur 0 taun,  si-bayi namung saget nangis, mesem utawi ngguyu. Ingkang mekaten minangka pertandha bilih hak-hak kabetahanipun sampun dipun cekapi utawi dereng; pramila tiyang sepuh kedah ndadosaken anak minangka raja. Menapa kemawon kabetahanipun kedah dipun cekapi, lan menika tiyang sepih kedah tansah nglenggana, tanggap ing sasmita lan raos welas asih ingkang tulus. Para tiyang sepuh , khususipun ibu; kedah tansah siap siapa 24 jam saben dintenipun namung kangge nyekapi betahipun si-bayi.

    Selaras kaliyan tambahing umur lan ketrampilan fisik motorik, pramila anak wiwit obah lan jumangkah kangge mangertos kanan kiring  lingkunganipun. Tumindakipun lare mboten wonten ingkang lepat, namung tiyang sepuhipun piyambak ingkang kedah nenuntun lan paring patuladhan kados pundi nglampahi gesang padintenan. Ingkang mekaten menika wekdalipun tiyang sepuh minangka guru sepisanan tumrap putra-putranipun.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kapaing kalih,  anak dipun anggep kados tahanan.
Ing usia anak-anak sekolah 7-12 taun,  anak sampun wancinipun mangertos ing hak lan kuwajibanipun, menapa ing bab akidah, hukum lan perkawis ingkang dipun larang utawi dipun keparengaken. Anak wiwit dipun latih “kedisiplinan lan tanggungjawab.” kados pundi ngatur wekdal kagem sinau, ngibadah lan dolan. Para tiyang sepuh kedah paring pitedah kados menapa setunggaling bebener kedah dipun jejeg-aken, lan paring priksa pundi perkawis awon ingkang kedah dipun singkiri. Nalika setunggaling wekdal saget tumindak kesaenan perlu dipun alembana lan diparingi hadiah, dene yen tumindak lepat jalaran nglanggar aturan, perlu dipun paringi paukuman ingkang ndidik.

Kaping tiga,  anak dipun anggep kadosdene sahabat.
Nalika umur 13-21 taun, anak  mlebet masa remaja, sacara umum sampun aqil baligh. Maksudipun  anak sampun saget menggalih kanthi leres (logis), abstrak lan ugi kritis. Sawernaning perkawis ingkang magepokan ing kepentingan anak perlu dipun rembag, lan anak dipun ajak ngendikan (dialog) kados dene umumipun kanca (sahabat). sampun ngantos wonten raos dipun atur utawi pepeninganipun dipun peksa. Tiyang sepuh kedah saget mapanaken dhiri kadosdene kaca (sahabat) amrih si-anak purun blaka (jujur) lan purun crita ing perkawis ingkang dipun pingini utawi nembe dipun alami, hingga salajengipun sesarengan dipun udhari.

Kanthi cara mekaten si-anak bakal rumaos dipun tresnani, dipun anggep (ajeni) lan bakal tuwuh raos kapitadosan ing dhiri pribadi, sarta nggadhahi mental kajiwan ingkang kiyat sahingga mangke bakal mampu tumindak kesaenan lan nyingkiri tumindak awon.
Salajengipun, tiyang sepuh kedah wantun masrahaken tanggel jawab ingkang langkung awrat tumrap anak, ingkang  menika sanget penting amrih ing tembe anak bakal dados pribadi ingkang prigel, tanggel jawab, mandiri lan saget dipun piandel.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Menawi para tiyang sepuh mboten nindak-aken tugas ingkang mekaten kanthi leres, pramila saget “salah kedaden”. Anak mboten  minangka pepaes lan ndamel tentrem utawi bingah ing manah, namung malah dados mengsah tumrap tiyang sepuh.
Bab menika kados firman Allah ﷻ ing surat At Taghabun ayat 14:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنَّ مِنْ أَزْوَاجِكُمْ وَأَوْلَادِكُمْ عَدُوّاً لَّكُمْ فَاحْذَرُوهُمْ وَإِن تَعْفُوا وَتَصْفَحُوا وَتَغْفِرُوا فَإِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ
“hei wong kang padha iman ! Satemene ing antarane bojo lan anak-anak-ira ono kang dadi mungsuh tumrap sira, mangka prayoga sira padha ngati-ati marang dheweke; lan menawa sira apura, lan sira rumat, mangka satemene Allah Maha Paring ngapura lan Maha welas asih.”

Saat menika anak-anak kita nembe mlebet lan miwiti masa pendidikan formal taun ajaran baru. Kita sampun ngantos nglepas tanggel jawab sahingga mbten cawe-cawe dhumateng lampahing pendidikan, namung jalaran sampun rumaos pasrah dhumateng pihak sekolah ingkang dipun anggep pilihan utawi favorit. Kuwajiban sepisanan bab panggulawenthahing anak menika dumungung ing astanipun tiyang sepuh, mboten saget dipun alihaken utawi dipun gentosi pihak sanes. Sekolah namung mbiyantu, dene kita meinangka tiyang sepuh ingkang ngatur kendali pokok-ipun.

Peparing ingkang paling sae saking tiyang sepuh tumrap anak inggih menika pendidikan akhlak lan adab, kadosdene hadis riwayat At-Tirmidzi :

 عن أَيُّوبَ بْنِ مُوسَى عَنْ أَبِيهِ عَنْ جَدِّهِ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صلى الله عليه وسلم مَا نَحَلَ وَالِدٌ وَلَدًا خَيْرًا لَهُ مِنْ أَدَبٍ حَسَنٍ
Sangka Ayyub bin Musa, sangka bapakne, sangka simbahe, Rasulullah saw paring sabda, ‘Ora ono peparinge wong tuwa tumrap anake kang luwih becik tinimbang pendidikan adab kang becik,’” (HR. At-Tirmidzi).

Mekaten atur khutbah ing siang menika mugi-mugi saget dados pemut lan manfaat kagem kita sedaya. Amiin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بما فيه مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبِّلَ الله مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَاالسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

Khutbah II

الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ،  أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اللهُمَّ أَرِنَا الحَقَّ حَقّاً وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا البَاطِلَ بَاطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.  
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ .رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

0 Comments: