IDUL FITRI: PAMBUKANING KAMULYAN URIP
Dening : Ust. Syamsul Munawar
Assalaamu ‘alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh.
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
وَأَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى أٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ أَمَّابَعْدُ؛
فَيَآ أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تَقْوَاهُ كَمَا قَالَ تَعَالَى:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
وَاعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هٰذَا يَوْمٌ عَظِيْمٌ، وَعِيْدٌ كَرِيْمٌ، أَحَلَّ اللهُ لَكُمْ فِيْهِ الطَّعَامَ، وَحَرَّمَ عَلَيْكُمْ فِيْهِ الصِّيَامَ، فَهُوَ يَوْمُ تَسْبِيْحٍ وَتَحْمِيْدٍ وَتَهْلِيْلٍ وَتَعْظِيْمٍ ، فَسَبِّحُوْا رَبَّكُمْ فِيْهِ وَعَظِّمُوْهُ وَتُوْبُوْا إِلَى اللهِ وَاسْتَغْفِرُوْهُ
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…
Alhamdulillah, puji syukur sumangga tansah kita konjukaken dhumateng ngarsa dalem Allah subhanahu wata’ala , awit saking athahing nikmat peparingipun dhumateng kita, khususipun ing enjang ingkang mulya menika kita umat Islam ing pundi papan sa ngalam ndonya sami mahargya dinten riyadi kanthi nindakaken “Shalat Idul Fitri” sasampunipun nglampahi puasa Ramadhan sewulan natas.
Shalawat lan salam mugi kaparingno dhumateng Rasulullah Muhammad SAW, tumedhakipun dhumateng sedaya kulawarga, para sahabat lan sumrambah tumrap sedaya umaipun sahingga akhiring zaman.
Ing salajengipun, keparenga kawula ngajak dhumateng sedaya hadirin, “sumangga kita nambah raos takwa dhumateng Allah, jalaran kanthi raos takwa mekaten saben tyang muslim bakal nampi kamulyan desang ingkang sejati:
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ
“Satemene wong kang paling mulya ing anatarane siro kabeh ing ngersane Allah yaiku wong kang paling takwa.” (QS. Al Hujurat: 13)
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…
Mugi-mugi kanthi puasa Ramadhan kita sedaya saget nggayuh derajat kawulanipun Allah ingkang takwa, kadosdene dhawuh firmanipun Allah ta’ala:
يا ايُّهَا الّذِيْنَ امَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلّكُمْ تَتَّقُوْنَ
"He wong kang padha iman, wis kawajibake tumrap siro nindakake puasa, koyodene kang wis kawajibake tumrap wong sadurungiro kabeh amrih siro dadi kawula kang takwa." (QS Al Baqarah 2: 183)
Gegambaranipun jejer kawula ingkang takwa inggih menika kadosdene ingkang kita lampahi lan raosaken slabetipun ngibadah ing wulan Ramadhan, inggih menika: sregep, raos grengseng lan temen nindakaken pangibadahan sinartan kanthi penggalih ingkang kebak kabingahan. Sedaya wujud tindak lampah padintenan, menapa ingkang wujud pangendikan, tumindak utawi solah bawa,nalika nyambut damel, pesrawungan utawi mirunggan lenggah kaliyan kulawarga tansah dipun lampahi ing kahanan ingkang sae lan dipun lambari raos iman.
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…
Kita saget manggihaken kathahing hikmah minangka piwucal kesaenan lan supados saget dipun amalaken minangka trap-trapaning ngagesang, ing santawisipun kados pundi tiyang mukmin salebetipun ngendaleni dhiri (al-imsak) ing salebeting tindak lampah padintenan.
Sepisan, nuwuhaken watak jujur (shidiq)
Puasa nglatih watak jujur lan raos dipun awat-awati sacara pribadinipun tiyang muslim. Mboten wonten tiyang sanes ingkang mangertos, menopo kita menika saestu anggenipun nglampahi puasa utawi namung apus-apus nderek puasa. Diri pribadi kita kaliyan Gusti Allah ta’ala ingkang mangertos.
Mekaten ugi perkawis sanes bab kathahing arta bandha ingkang dipun gadhahi lan kedah sepinten ingkang kedah dipun bayar zakat mal-ipun. Saget kemawon tiyang mboten jujur kangge ngedalaken ing wulan Ramadhan wingi. Namung diri pribadi kaliyan Allah SWT kemawon ingkang priksa. Tiyang sanes saget kapusan lan cingak. Wonten tiyang ingkang gelar tata lair ketingal prasojo lan malah miskin, kamangka gadhah arta bandha ingkang sarwa maprah lan mewah.
Watak jujur menika saestu wigatos. Ing perkawis menika Allah paring dhawuh dhumateng tiyang mukmin amrih tansah sesarengan ing salebeting golonganipun tiyang ingkang jujur (shidiq).
يٰٓأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَكُونُوا مَعَ الصّٰدِقِينَ
"He wong kang padha iman, sira padha nindakno takwa, dan prayoga siro tansah bebarengan kelawan wong kang padha jujur (shidiq)." (QS. At-Taubah: 119)
Watak jujur minangka syarat pokok kesaenan ing salebeting gesang. Rasullullah SAW paring sabda:
عَلَيْكُمْ بِالصِّدْقِ فَإِنَّ الصِّدْقَ يَهْدِى إِلَى الْبِرِّ وَإِنَّ الْبِرَّ يَهْدِى إِلَى الْجَنَّةِ وَمَا يَزَالُ الرَّجُلُ يَصْدُقُ وَيَتَحَرَّى الصِّدْقَ حَتَّى يُكْتَبَ عِنْدَ اللَّهِ صِدِّيقًا وَإِيَّاكُمْ وَالْكَذِبَ فَإِنَّ الْكَذِبَ يَهْدِى إِلَى الْفُجُورِ وَإِنَّ الْفُجُورَ يَهْدِى إِلَى النَّارِ وَمَا يَزَالُ الرَّجُلُ يَكْذِبُ وَيَتَحَرَّى الْكَذِبَ حَتَّى يُكْتَبَ عِنْدَ اللَّهِ كَذَّابًا
“Prayoga sira kabeh tansah laku jujur, jalaran laku jujur bakal nenuntun marang kabecikan, lan satemene kabecikan bakal nenuntun tumuju suwarga. Yen sawijining pawongan tansah laku jujur lan mbudidaya ing kejujuran, yekti dheweke bakal dicathet ing ngersane Allah minangka wong kang jujur (shidiq). Awas, tinggalno laku goroh, jalaran satemene laku goroh iku bakal nyeret tumuju tumindak olo, lan laku olo iku bakal nyeret tumuju ing neraka. Yen sawijinig pawongan seneng tumindak goroh, lan tansah mbudidaya goroh, dheweke bakal dicathet dening Allah minangka wong tukang goroh.” (HR. Muslim no. 2607)
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…
Yen puasa menika namung kagem pados ridhanipun Allah, lan panjenenganipun piyambak ingkang priksa hakikatipun puasa, pramila lampah batin ingkang paling wigatos inggih menika nuwuhaken raos bilih kita sedaya menika nembe dipun priksani utawi tansah dipun awasi dening Allah.
Kadosdene pangendikanipun Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam nalika dipun suwuni priksa dening malaikat Jibril: “Mugi paduka paring priksa ing kula, Ihsan menika menapa? Kanjeng Nabi ngendika :
أَنْ تَعْبُدَ اللهَ كَأَنَّكَ تَرَاهُ، فَإِنْ لَمْ تَكُنْ تَرَاهُ فَإِنَّهُ يَرَاكَ
“Ihsan yaiku sira nngibadah marang Allah kaya dene sira bisa sumurup marang Allah, t=yen sira ora bisa ngrasa mengkono, mangka sira nduwe-o pangrasa yen Gusti Allah iku tansa mriksani ing sira” (HR. Muslim)
Kanthi mekaten, ngibadah puasa menika minangka satunggaling wasilah (sarana) tumrap umat Islam kangge mbentuk sikap utawi watak jujur. Mendah saenipun ing satengahi g gesang menika yen saben tiyang sami tumindak jujur
Pramika negari badhe aman lan tentrem saking sawernaning kasus korupsi lan kolusi. Kulawarga bakal guyub rukun saking tumindak ‘selingkuh’ lan dhdhelikan antawisipun suami istri. Dunia bisnis bakal kalis saking sedaya tindak manipulasi. Lembaga politik lan organisasi bakal tebih saking lampah “pat-gulipat” kong-kalingkong, politik kambing hitam (cucuh-cucuhan). Jagading hukum peradilan bakal resik saking dodolan sumpah palsu lan sanes-sanesipun
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…
Kaping kalih, nglatih disiplin lan taat dhumateng aturan syariat
Puasa kedah dipun leksana-aken kanthi disiplin, inggih midherek ing paugeran ingkang samun kagarisaken. Kadosdene, ingbab wekdal: dipun wiwiti kanthi nahan dhiri mboten dhahar-ngunjuksaking wekdal fajar subuh dumugi wekdal magrib, nalika srengenge sampun angslup. Sanesipun menika nahan dhiri saking sedaya tindak lampah ingkang kalebet lagho, ucap lan tumindak awon ingkang saget njalari rusakipun bobot maknaning ngibadah puasa ingkang tujuanipun kangge nahahn dhiri utawi meper hawa nepsu.
Kita mboten kepareng ‘nyolong wekdal’ utawi ngrumiyini buka, mekaten ugi nalika dhahar sahur, mboten kepareng ngrerendhe lan kliwat bates wekdalipun saking fajar shubuh senadyan namung setunggal (1) menit.
Allah paring firman ing Al-Qur'an Surah An-Nisaa’ Ayat 59
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ أَطِيعُواْ اللّهَ وَأَطِيعُواْ الرَّسُولَ وَأُوْلِي الأَمْرِ مِنكُمْ فَإِن تَنَازَعْتُمْ فِي شَيْءٍ فَرُدُّوهُ إِلَى اللّهِ وَالرَّسُولِ إِن كُنتُمْ تُؤْمِنُونَ بِاللّهِ وَالْيَوْمِ الآخِرِ ذَلِكَ خَيْرٌ وَأَحْسَنُ تَأْوِيلاً ﴿٥٩﴾
"He wong kang padha iman! Taat-o marang Allah lan taat-o marang Rasul, lan ulil amri (kang ngasto paguawasa) ing antarane siro. Sabanjure, yen siro beda panemu ing siji perkara, mangka padha kondurna marang Allah lan Rasul, yen sira iman marang Allah lan dina akhir. Kang mengkono iku luwih utama tumrap siro lan luwih becik pungkasane”
Ayat sanesipun dipun tegasaken:
وَمَن يُطِعِ اللّهَ وَالرَّسُولَ فَأُوْلَـئِكَ مَعَ الَّذِينَ أَنْعَمَ اللّهُ عَلَيْهِم مِّنَ النَّبِيِّينَ وَالصِّدِّيقِينَ وَالشُّهَدَاء وَالصَّالِحِينَ وَحَسُنَ أُولَـئِكَ رَفِيقاً ﴿٦٩﴾
“Lan sapa wong kang taat marang Allah lan Rasul (Muhammad) mangka dheweke bakal bebarengan kelawan wong-wong kang nampa nikmat sangka Allah, (yaiku) para nabi, para pandhemen bebener, wong kang padha mati syahid, lan wong-wong shaleh. Wong-wong kang mengkono iku minangka sabecik-becike konco." (QS an Nisa: 69)
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…
Kaping tiga, ngresepaken piwucaling agami ing salebeting jiwa raga, lajeng dipun amalaken ing lampah gesang padintenan.
Sabena mal tumindak tansah dipun lambari niyat kagem ngibadah lan ngupadi ridhanipun Allah SWT, kadosdene donga ingkang dipun tuntunaken ing Al-Qur’an:
قُلْ إِنَّ صَلاَتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ ﴿١٦٢﴾
“Maturo: Saestunipun shalat kula, ibadah kula, gesang kula lan pejah kula namung kagem ngupadi ridhanipun Allah, sesembahanipun sedaya titah alam sajagad raya,” (QS. Al An’am: 162)
Tiyang ingkang sampun nggayuh tingkat ngresepaken piwucaling agami ing gesang bakal ketingal ing lampah gesang padintenanipun; gegancangan ngamal kesaenan amrih pikantuk ridhanipun Allah ta’ala.
وَلِكُلٍّ وِجْهَةٌ هُوَ مُوَلِّيهَا فَاسْتَبِقُواْ الْخَيْرَاتِ أَيْنَ مَا تَكُونُواْ يَأْتِ بِكُمُ اللّهُ جَمِيعاً إِنَّ اللّهَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ ﴿١٤٨﴾
“Lan tumrap saben umat nduweni arah kiblate (dhewe), kanthi iku dhewe ngadhep. Mangka sira padha gegancangan-o tumindak ing kabecikan. Ono ngendi wae sira dumunung, allah bakal ngumpulake siro kabeh (ng dina kiamat). Satemene gusti Allah Maha Kuwasa marang samubarang perkara. (QS. Al Baqarah: 148)
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…
Ing perkawis ingkang mekaten, gesang tumrap tiyang iman menika amrih sami gegancangan ing kabecikan; sanes kagem lelumban ing perkawis awon lan lampah culika. Samesthinipun dipun isi lan dipun pepaesi kanthi akhlak bebuden ingkang mulya, gampil ngapuro, welas asih dhateng sesami, lan andhap asor ing salebeting pesrawungan
Ing bab sanes kedah nyingkiraken sawernaning watak awon, kados dene: adigang-adigung, cethil, remen ndhem-ndheman, drengki-srei, lan ugi serakah.
Menika sedya jalaran kita kedah enggal nindakaken amal kesaenan, enggal mertobat nggayuhh maghfiroh (pangapunten) saking Allah ta’ala. Jalaran kita mboten mangertos, saget ugi saestunipun kita menika oyak-oyakan rebat cepet kaliyan malaikat maut ingkang mbok bilih samoun ‘nginceng” badhe njabut nyawa kita.
وَسَارِعُواْ إِلَى مَغْفِرَةٍ مِّن رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ ﴿١٣٣﴾
“Lan enggal-enggalo sira nggayuh ing pangapurane Allah sesembahanira, lan ngarep-arep nggayuh suwarga kang jembare kaya dene langit lan bumi, kang dicawisake tumrap wong kang pada takwa,” (QS Ali Imran: 133)
Inggih kados mekaten gegambaranipun kapribaden tiyang ingkang takwa ing salebeting Al-Qur’an:
الَّذِينَ يُنفِقُونَ فِي السَّرَّاء وَالضَّرَّاء وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ وَاللّهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ ﴿١٣٤﴾
“(yaiku) wong-wong kang padha mblanja-ake (arta bandhane); apa ing wektu longgar utawa rupeg, lan wong kang padha nahan rasa muntab, lan bisa weneh ngapura (lupute) wong liya. Allah tresna marang wong kang padha tumindak ing kabecikan.” (Qs. Ali Imran: 134)
Kados mekaten lampah takwa ingkang supados saget minangka pepaes ingkang ndamel endah ing salebeting gesang bebrayan satengahing masyarakat.
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Ma’asyiral muslimin, jamaah Shalat ‘Id rahimakumullah…
Ramadhan taun menika nggadhahi aji ingkang sanget ageng, sebab kanthi kasil ibadah ramadhan mekaten sageto bakal nuwuhaken tetiyang ingkang nggadhahi watak takwa. Dene kita mangertos, bilih negari kita ing wekdal sekedhap maleh badhe kagungan hajat agung inggih menika “pemilihan umum” kangge milih pemimpin bangsa, wiwit saking presiden lan wakil presiden, sarta anggota DPR ing pusat ngantos daerah. Mugi-mugi mawon hajatan menika saget lancar lan pikantuk pengayoman lan ridho saking Allah subhanahu wata’ala.
Temtu kita nggadhahi pangajeng-ngajeng, kanthi ibadah puasa ramadhan ing taun menikasageto saestu ngasilaken para piyantun calon pemimpin negari ingkang takwa lan adil tumrap masyarakat.
Pemimpin ingkang iman, takwa lan adil nggambaraken kahanan rakyatipun ingkang iman takwa ugi. Ingkang kados mekaten saget minangka kamenangan agung, mboten namung ingkang sipat pribadi, nanging ugi dados kamenanganipun kita sedaya bangsa Indonesia. Mugi-mugi Allah kepareng ngabulaken donga panyuwunan kita menika. Amiin.
Minangka panutup khutbah enjang ingkang mulya menika, sumangga kita sesarengan ndedonga sinartan nyadhongaken asta kekalih, kanthi tumungkuling sirah lan ngeningaken cipta, sami sesarengan nyenyuwun rahmat lan welas asihipun Allah subhanahu wata’ala.
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ
اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْن، وَالعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ،
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحِسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.
اَللَّهُمَّ رَبَّنَا تَـقَـبَّلْ مِنَّا صَلاَتَنَا وَصِيَا مَنَا وَرُكُوْ عَنَا وَسُجُوْدَنَا وَقُعُوْدَنَا وَتَضَرُّعَنَا وَتَخَشُّوْعَنَا وَزَكَاتَنَا وَتَعَبُّدَنَا وَتَمِّمْ تَقْصِيْرَنَا يَا اَلله يَا رَبَّ الْعَا لَمِيْنَ
اللَّهُمَّ اقْسِمْ لَنَا مِنْ خَشْيَتِكَ مَا يَحُولُ بَيْنَنَا وَبَيْنَ مَعَاصِيكَ وَمِنْ طَاعَتِكَ مَا تُبَلِّغُنَا بِهِ جَنَّتَكَ وَمِنْ الْيَقِينِ مَا تُهَوِّنُ بِهِ عَلَيْنَا مُصِيبَاتِ الدُّنْيَا وَمَتِّعْنَا بِأَسْمَاعِنَا وَأَبْصَارِنَا وَقُوَّتِنَا مَا أَحْيَيْتَنَا وَاجْعَلْهُ الْوَارِثَ مِنَّا وَاجْعَلْ ثَأْرَنَا عَلَى مَنْ ظَلَمَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى مَنْ عَادَانَا وَلَا تَجْعَلْ مُصِيبَتَنَا فِي دِينِنَا وَلَا تَجْعَلْ الدُّنْيَا أَكْبَرَ هَمِّنَا وَلَا مَبْلَغَ عِلْمِنَا وَلَا تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لَا يَرْحَمُنَا
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى ، والتُّقَى ، والعَفَافَ ، والغِنَى
رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا، وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّابُ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْن
“Taqobbalallahu minna wa minkum, shalihal a’maal, kullu ‘aamin wa antum bi khair.”
Wassalaamu ‘alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh.
0 Comments: