WICAKSANA NGADHEPI URIP KADONYAN
Dening : Ust. Faisal Ramdhani
Khutbah I
اَلْحَمْدُ ِللهِ وَكَفٰى ، وَسَلاَمٌ عَلٰى عِبَادِهِ الَّذِيْنَ اصْطَفٰى.
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلا ّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ اللهِ, اُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا لاَتُلْهِكُمْ أَمْوَالُكُمْ وَلآأَوْلاَدُكُمْ عَن ذِكْرِ اللهِ وَمَن يَفْعَلْ ذَلِكَ فَأُوْلَئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ
Kaum muslimin ingkang minulya, rahimakullah.
Gesang kadonyan menika sarwa dipun pepaesi kanthi mawerni-werni karemenan, jalaran pancen menika sampun dados kersanipun Allah SWT nyipta-aken selaras kaliyan fitrahipun umat manungsa. Lan saben-saben kita mesthi nggadhahi pepinginan saget nggayuh kasil gesang kadonyan menika, kanthi pinten-pinten ukuran, kadosdene: gadhah kulawarga (garwa lan putra), arta bandha ingkang sarwa cekap, lan saben panjangkanipun saget kasembadan. Allah SWT paring dhawuh:
زُيِّنَ لِلنَّاسِ حُبُّ الشَّهَوَاتِ مِنْ النِّسَاءِ وَالْبَنِينَ وَالْقَنَاطِيرِ الْمُقَنْطَرَةِ مِنْ الذَّهَبِ وَالْفِضَّةِ وَالْخَيْلِ الْمُسَوَّمَةِ وَالأَنْعَامِ وَالْحَرْثِ ذَلِكَ مَتَاعُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَاللَّهُ عِنْدَهُ حُسْنُ الْمَآبِ
“Dipepaesi ing pandelenge manungsa iku nduweni rasa seneng marang anane wanita, anak, arta bandha wujud emas, perak, jaran pilihan, kewan ternak lan pategalan. Iku kabeh minangka kesenengan urip ing ndonya iki; dene ing ngersane Allah yekti ana papan kang luwih becik kanggo bali (yaiku suwarga).” [Qs.Ali Imran: 14]
Mekaten ndamel sengsem gesang kadonyan menika, sahingga asring kita ngupaya mbujung amrih saget nggayuh panjangka pepinginan menika, malah kadhangkala supe dhateng hakekat gesang menika ingkang saestunipun minangka pacoban.
Pramila Allah paring pemut dhumateng kita ing Al Quran:
اعْلَمُوا أَنَّمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَلَهْوٌ وَزِينَةٌ وَتَفَاخُرٌ بَيْنَكُمْ وَتَكَاثُرٌ فِي الْأَمْوَالِ وَالْأَوْلَادِ كَمَثَلِ غَيْثٍ أَعْجَبَ الْكُفَّارَ نَبَاتُهُ ثُمَّ يَهِيجُ فَتَرَاهُ مُصْفَرّاً ثُمَّ يَكُونُ حُطَاماً وَفِي الْآخِرَةِ عَذَابٌ شَدِيدٌ وَمَغْفِرَةٌ مِّنَ اللَّهِ وَرِضْوَانٌ وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا مَتَاعُ الْغُرُورِ ﴿٢٠﴾
“Mangerti-o, menawa satemene urip kadonyan iku mung minangka dedolanan lan nggawe leno, pepaes lan moncer-monceran ing antarane siro, sarta seneng mamerake akehing bandha lan anak, kayadene udan kang tetandurane nggawe marem tumrape petani, banjur tanduran iku garing lan siro nyawang warnane dadi kuning banjur sirno. Lan akhirat iku (mbesok) ono pasiksan kang abot, lan uga pangapura saka Allah lan ridhane. Lan urip kadonyan iku ora liya kejaba kasenengan kang nggawe leno” (QS Al Hadid, 20)
Mekaten ageng godhaning kasemenan ndonya menika sahingga sebagian tiyang ingkang rumiyinipun kinurmat lan kajen ing masyarakat, akhiripun kepleset nindakaken lampah dosa, nglanggar hukum lan justru ndadosaken ino sangsaraning dhiri pribadi.
Kaum muslimin ingkang minulya, rahimakullah.
Donya menika pancen kebak godha, sahingga sepinten mawon kathahipun arta bandha ingkang saget dipun gayuh, tiyang badhe tansah nggadhahi pepinginan nambah, lan terus nambah tanpa kepingin mandheg.
Saking sahabat Ibnu ‘Abbas r.a, bilih Rasulullah SAW ngendika:
لَوْ أَنَّ لاِبْنِ آدَمَ وَادِيًا مِنْ ذَهَبٍ أَحَبَّ أَنْ يَكُونَ لَهُ وَادِيَانِ ، وَلَنْ يَمْلأَ فَاهُ إِلاَّ التُّرَابُ ، وَيَتُوبُ اللَّهُ عَلَى مَنْ تَابَ
“Saumpama ana anak Adam nduweni sawijining jurang kebak isi emas, mesthi dheweke isih kepingin nduweni jurang loro maneh kang liyane; babar pisan ora ana kang bisa ngebaki ing cangkeme (maksude: nggawe marem ing dheweke) kejaba diseseli lemah (tegese mati); dene Gusti Allah maha narima mertobate kawula kang padha gelem tobat.” (Muttafaqun ‘alaih; HR. Bukhari dan Muslim)
Kathah tiyang mbudidaya ngetingalaken kasilipun gesang kanthi ngengagem lan nyekapi kathahing sarana (fasilitas) ingkang awis reginipun, wisata(piknik) ing luar negri, mameraken kathahing bandha kanthi ngetingalaken saldo rekening tabungan, kendaraan lan rumah mewah.
الَّذِي جَمَعَ مَالاً وَعَدَّدَهُ ﴿٢﴾ يَحْسَبُ أَنَّ مَالَهُ أَخْلَدَهُ ﴿٣﴾
“Wong kang ngumpulake bandha lan tansah ngitung-itung, dheweke ngira menawa kanthi bandha kadonyan iku bisa njamin uripe,” (QS Al Humazah: 2-3)
Donya dipun sebat minangka karemenan sawetawis wekdal lan ndamel leno, jalaran saget ndamel manungsa kesupen, gegayuhan gesangipun namung bakal ketungkul ing kadonyan, kamangka gesang menika bakal dipun lampahi tumuju ing akhirat, kados pangendikanipun Allah ing ayat sanes:
قُلْ مَتَاعُ الدُّنْيَا قَلِيلٌ وَالْآخِرَةُ خَيْرٌ لِمَنِ اتَّقَى
“Kandhakno: “Kasenengan ing ndonya iki mung sedhela, dene akhirat iku luwih becik tumrape wong kang padha takwa.” ( QS. An Nisa ayat 77)
Donya menika saestu namung minangka sarana, sanes tujuan. Lan kita namung badhe mapan sekedhap mawon. Ing satunggaling hadits Rasulullah SAW paring sabda dhumateng Ibnu ‘Umar r.a.:
“ كُنْ فِي الدُّنْيَا كَأَنَّكَ غَرِيبٌ أَوْ عَابِرُ سَبِيلٍ”
‘Dadi-o siro ing ndonya kayadene wong kang neneka utawa lelungan (musafir).’” (HR. Al-Bukhari)
Maksudipun, kita ing ndonya menika samung sekedhap, kadosdene tiyang ingkang namung mlampah ing satengahing margi, utawi kadosdene musafir (wisatawan) lan mesthi bakal enggal wangsul ing papan dunungipun malih.
Kaum muslimin ingkang minulya, rahimakullah.
Nabi Sulaiman AS, ingkang dipun paringi kanugrahan kasughan lan panguawos ageng, minangka nabi ugi dados raja ingkang nuwaosi bangsa jin, tetep emut lan mapanaken gesang kadonya minangka nikat peparingipun Allah, sanes minangka sarana kangge pamer.
قَالَ هَذَا مِن فَضْلِ رَبِّي لِيَبْلُوَنِي أَأَشْكُرُ أَمْ أَكْفُرُ ﴿٤٠﴾
“Sulaiman ngucap: "Iki minangka nugraha peparinge Allah sesembahanku, kanggo nguji awakku, apa aku bisa syukur utawa kufur (marang ni`mat).” (QS. An Naml: 40)
Tiyang iman bakal saget mapanaken dhiri nalika nglampahi gesang padintenan kanthi watak andhap asor lan mboten gumedhe. Piwucal Islam paring pitedah amrih nglampahi gesang kanthi prasojo ing sedaya perkawis, meapa ing ucapan, sandhangan, lan ugi solah bawa. Allah SWT paring dhawuh berfirman:
وَاقْصِدْ فِي مَشْيِكَ وَاغْضُضْ مِن صَوْتِكَ إِنَّ أَنكَرَ الْأَصْوَاتِ لَصَوْتُ الْحَمِيرِ ﴿١٩﴾
"Lan siro lumaku-o kanthi prasojo, lan lirihno suaramu. Satemene sa-olo-olone suara keledai". (QS. Luqman: 19)
وَعِبَادُ الرَّحْمَنِ الَّذِينَ يَمْشُونَ عَلَى الْأَرْضِ هَوْناً وَإِذَا خَاطَبَهُمُ الْجَاهِلُونَ قَالُوا سَلَاماً ﴿٦٣﴾
“Lan kawula-Ningsun Allah kang maha Welas asih, yaiku kang padha lumaku ing salumahing bumi kanthi andhap asor, dene nalikane ono wong jahil kang ngganggu dheweke bakal bakal ngucap kanthi ucapan kang becik kebak ing rasa katentreman.” (QS. Al Furqan: 63)
Tiyang iman bakal tansah emut, bilih hakekat gesang kadonyan menika saestunipun minangka pacoban, kadosdene firmanipun Allah SWT:
إِنَّا جَعَلْنَا مَا عَلَى الْأَرْضِ زِينَةً لَهَا لِنَبْلُوَهُمْ أَيُّهُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا
“Satemene Ingsun Allah wis ndadek-ake apa kag ana ing bumi ini minangka pepaes, saperlu Ingsun paring pacoban ing manungsa, sapa wae wong kang paling becik amal tumindake.” (QS. Al-Kahfi: 7)
Kaum muslimin ingkang minulya, rahimakullah.
Emut ing perkawis menika, pramila kita bakal ndadosaken sedaya kasiling gesang menika dipun tujok-aken kangge ngibadah ingkang minangka kabinahan ingkang paling agung tiyang iman, inngih menika ridhanipun Allah. Menika jumbuh ing piwucaling Al-Qur’an:
قُلْ إِنَّ صَلاَتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ ﴿١٦٢﴾
“Maturo: Saestunipun shalat kula, ibadah kula, gesang kula lan pejah kula namung kagem ngupadi ridhanipun Allah, sesembahanipun sedaya titah alam sajagad raya,” (QS. Al An’am: 162)
Awit saking menika, mumpung kita taksih dipun paring wekdal gesang, pramila sumangga kita gina-aken umur kita. Sampun ngantos leno ing perkawis ingkang mboten piguna. Rasulullah Muhammad SAW paring sabda,
مِنْ حُسْنِ إِسْلَامِ الْمَرْءِ تَرْكُهُ مَا لَا يَعْنِيهِ
“Ing antarane tanda besike Islam sawijining pawongan, yaiku dheweke ninggalake perkara kang ora ono pigunange.” (HR. At-Tirmidzi)
Mekaten sekdehik atur khutbah ing siang menika, mugi kita tansah saget ngadhepi gesnag kadonyan menika kanthi wicakana, lan mboten gampil kejrumus nuruti hawa nepsu, sahingga manah kita pikantuk katentreman lan kabingahan sejati. Amiin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ الله مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَاالسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
Khutbah II :
اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْن، وَالعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ، وَنَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَلِيُّ الصَّالِحِيْنَ
وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ إِمَامُ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَأَفْضَلُ خَلْقِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ، صَلَوَاتُ اللهِ وَسَلاَمُهُ عَلَيْهِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ
اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعًا مَرْحُوْمًا، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقًا مَعْصُوْمًا، وَلا تَدَعْ فِيْنَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُوْمًا.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Follow Us
Khutbah Jumat dipersembahkan oleh Dewan Dakwah Islamiyah Indonesia Kabupaten Bantul