Muhasabah: Cecawisno Ngadhepi Dino Sesuk
Dening : Ust. Joko Winarno
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ. يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسۡلِمُونَ
قَالَ الله تَعَالَى أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلۡتَنظُرۡ نَفۡسٞ مَّا قَدَّمَتۡ لِغَدٖۖ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرُۢ بِمَا تَعۡمَلُونَ
_*Ma’asyiral Muslimin, Rahimakumullah*_
Dinten menika minangka Jumat pungkasan, lan ugi dados dinten pungkasan ing taun 2021, ingkang bakal enggal nilar ing kita. Remen utawi mboten; yen kita taksih pinaringan umur , prmaila kita badhe lumebet ing taun 2022. Alhamdulillah, saat menika kita taksih dipun paring wekdal manggihii dinten menika. Pramila sumangga kita tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Allah SWT awit kathahing nugraha nikmat ingkang sampun kaparingaken tumrap kita sedaya, antawisipun awujud kesarasan – kawilujengan, umur panjang; langkung-langkung nugraha nikmat hidayah iman – Islam ingkang badhe nenuntun ing kita manggihaken kabingahan gesang ingkang sejati.
Shalawat lan salam kita aturaken konjuk dhumateng Rasulullah Muhammad SAW, Rasul akhiring zaman ingkang minangka tepa patuladhan lan ingkang ngasta piwucal Islam “rahmatan lil-‘alamin”, lan mugi lumeber tumrap sedaya kulawarga, para sahabat lan sedaya umat dumugi akhiring jaman.
Salajengipun, minangka khatib keparengna kawula gajak dhumateng sedaya jama’ah: sumangga kita tansah mbudidaya nambah raos iman-lan takwa dhumateng Allah; kanthi takwa ingkang saestu, inggih kanthi midherek setya-tuhu ing dhawuhipun sinartan ngajeng-ngajeng ganjaran-ipun. Mekaten ugi nilar lampah maksiat kanthi raos ajrih dhumateng pasiksanipun Allah. Inggih namung kanthi raos takwa mekaten kita badhe saget nggayuh drajat kalenggahan ingkang kinurmat lan gesang ingkang mulya :
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِندَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ
_“Satemene wong kang paling mulya ing antarane sira ing ngersane Allah yaiku wong kang paling takwa_ (Qs. Al Hujurat: 13)
_*Ma’asyiral Muslimin, Rahimakumullah*_
Lampah gesangipun uat manungsa menika tansah tuwuh, mekar lan nggayuh ‘kemajuan’ ingkang sanget ndamel eram. Naming umat manungsa badhe tetep mbetahaken pitedah paugeraning agami. Allah SWT paring dhawuh pangendikan:
فَأَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّينِ حَنِيفاً فِطْرَةَ اللَّهِ الَّتِي فَطَرَ النَّاسَ عَلَيْهَا لَا تَبْدِيلَ لِخَلْقِ اللَّهِ ذَلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ وَلَكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ ﴿٣٠﴾
_“Mangka adhepna jiwamu kanthi jejeg ing agamane (Allah); (tetepa marang) fitrahe Allah kang wis nyipta-ake manungsa miturut fitrah. Ora bakal ono owah-owahan ing atase fitrah (kodrat) kuwasane Allah. hya iki agama kang jejeg,nanging akehe manungsa ora padha mangerteni._ (Qs. Ar Ruum: 30)
Perkawis menika mboten wonten sanes namung amrih martabat kalenggahan kamanungsan kita tetep saget dipun jagi selaras ing kodratipun; sahingga mboten kecalan jatidhiri minangka titah – makhluk-ipun Allah ingkang paling. Nanging yen tiyang menika nilaraken, pramila badhe dhumawah ing drajat kalenggahan ingkang paling asor, nistha utawi ino.
لَقَدْ خَلَقْنَا الْإِنسَانَ فِي أَحْسَنِ تَقْوِيمٍ ﴿٤﴾ ثُمَّ رَدَدْنَاهُ أَسْفَلَ سَافِلِينَ ﴿٥﴾
_“Satemene Ingsun Allah wis nyipta-ake manungsa ing kahanan wujud titah kang sabecik-becike. Banjur ingsun balek-ake dheweke ing papan kalungguhan kang paling asor (nistha, ino)”_ (Qs. At-Tiin: 4-5)
_*Ma’asyiral Muslimin, Rahimakumullah*_
Piwucal Islam nenuntun umat manungsa amrih gesangipun kebak kawilujengan, tumata, lan nggayuh kamulyan; inggih gesang minangka pribadi, kulawarga, masyarakat utawi bangsa lan negari. Dene kuncinipun saking sedaya ingkang dipun gadhang menika sedaya estu sampun kacakup ing piwucaling Al-Qur’an minangka pitedah saking Allah SWT tumrap umat manungsa.
إِنَّ هَـذَا الْقُرْآنَ يِهْدِي لِلَّتِي هِيَ أَقْوَمُ وَيُبَشِّرُ الْمُؤْمِنِينَ الَّذِينَ يَعْمَلُونَ الصَّالِحَاتِ أَنَّ لَهُمْ أَجْراً كَبِيراً ﴿٩﴾
_“Satemene Al Qur'an iki minangka pituduh ing dalan kang luwih jejeg lan minangka kabar gumbira tumrap wong-wong mukmin kang nindak-ake amal shaleh, yen tumrap dheweke bakal antuk ganjaran kang agung,”_ (Qs. Al Isra’: 9)
Kanthi mekaten, saget dipun sebat bilih “masa depan” nasib ipun umat manungsa menika gumantung ing kados pundi tanggapanipun dhumateng Kitab al-Qur’an. Tiyang ingkang iman lan purun mendhet Al-Qur’an minangka pitedah gesang bakal nampi kautaman kanugrahan dipun angkat derajat kalenggahaniipun dening Allah; dene saperangan sanesipun tiyang badhe dipun damel asor jalaran nglirwa-aken.
Ing salebeting hadits dipun sebat-aken: saking Umar r.a. matur bilih Rasulullah SAW paring dhawuh :
اِنَ اللٌهَ يَرفَعُ بِهذَ االكتَاِبِ اَقَوامًا وَيَضَعُ بِه اخَرِينَ (رواه مسلم)
_“Allah ngangkat drajat kalungguhane saperangan kaum kanthi kitab iki (Al-Qur’an), lan Panjenengane nggawe asor saperangan kaum liyane uga kanthi kita iki”_ (HR Muslim)
_*Ma’asyiral Muslimin, Rahimakumullah*_
Kados pundi kalenggahipun al-Qur’an ing salebeting gesang menika, lan menapa ingkang perlu kita tindak-aken amrih saget nggayuh kamulyan lan kabingahan ingkang sejati?
Sepisan, Rasulullah SAW nyebat-aken bilih Al-Qur’an minangka Ma’dubatullah, inggih menika “pasugatan” utawi suguhanipun Allah, kados dipun dhawuhaken kanjeng Nabi:
إِنَّ هَذَا الْقُرْآنَ مَأْدُبَةُ اللَّهِ فَخُذُوا مِنْهُ مَا اسْتَطَعْتُمْ فَإِنِّي لَا أَعْلَمُ شَيْئًا أَصْفَرَ مِنْ خَيْرٍ مِنْ بَيْتٍ لَيْسَ فِيهِ مِنْ كِتَابِ اللَّهِ شَيْءٌ وَإِنَّ الْقَلْبَ الَّذِي لَيْسَ فِيهِ مِنْ كِتَابِ اللَّهِ شَيْءٌ خَرِبٌ كَخَرَابِ الْبَيْتِ الَّذِي لَا سَاكِنَ لَهُ
_“Satemene Al-Quran iki minangka suguhane Gusti Allah (ma’dubatullah), mangka jupuk-en sakuwat-iro. Satemene, Ingsun ora mangerti ono sawijining perkara kang luwih kosong sangka kabecikan – saliyane omah kang ing njerone ora ono wacan Al-Qur’an. Satemene, ati kang ing njerone ora ono wacan Al-Qur’an iku remuk (lebur) kaya dene rusake omah ora ono kang manggoni”._ (H.R. Ad-Darimi).
Kados dene pasugatan dhedhaharan-unjukan – ingkang samesthinipun dipun rahapi; pramila kita ugi kedah ‘ngrahapi’ Al-Qur’an menika kanthi cara nyinau suraos piwucalipun.
Al-Qur’an menika mboten cekap namung kanthi dipun waos tulisanipun, menapa malih namung kanthi nggadhahi mushaf-ipun lajeng dipun pacak ing rak buku utawi etalase ruang tamu. Nanging supados dipun sinau suraosipun, lan dipun babar tafsiripun, lan akhiripun kados pundi dipun ‘trap’aken ing tindak lampah padintenan. Remen nindaki majelis-majelis pengaosanipun, sahingga kita bakal mangertos lan nggadhahi kunci-kunci utawi wewadining gesang menika saking pitedahing Al-Qur’an ingkang jumlahipun wonten 6.236 ayat menika.
Kanthi pawitan menika, kita bakal nggadhahi daya lan kekiyatan ing penggalih ngadhepi kathahing kuwajiban gesang ingkang tansaya manekawarna lan ‘kompleks’. Kita bakal tansah sumadiya lan sembada ngadhepi dhatengipun ‘tantangan masa depan’ ing dinten ingkang badhe dhateng ing jaman ‘kapan mawon’, kados pundi kahanan sarta ewah-ewahan menapa mawon.
_*Ma’asyiral Muslimin, Rahimakumullah*_
Kaping kalih, paring piwucal lan marisaken Al-Quran ing satengahing kulawarga, khususipun tumrap para putra. Mboten wonten peparing ingkang paling sae dhumateng anak saking tiyang sepuh-ipun kejawi namung paring panggulawenthah ‘adab’ (tatakrama) ingkang sae. Kanjeng Nabi SAW ngendika:
مَا نَحَلَ وَالِدٌ وَلَدَهُ أَفْضَلَ مِنْ أَدَبٍ حَسَنٍ
_“Ora ono peparinge saka bapak tumrap anake kang luwih utama tinimbang panggulawenthah adab (tatakrama) kang becik”_ (HR At-Tirmidzi lan imam Al-Hakim)
Pramila panggayuhipun tiyang mukmin inggih menika kados pundi saget nyawisaken tuwuhipun putra-putri ingkang iman, nggadhahi ilmu lan bebuden ingkang luhur. Panggayuh ageng saben tiyang sepuh mboten namung kepeingin nggadhahi putra ingkang prigel nyambut damel, nanging ingkang langkung wigatos inggih menika ados pundi gadhah putra ingkang pinter lan dhedhasar akhlak al-Qur’an. In sya’Allah lare ingkang mekaten badhe nggadhahi kapinteran kangge nyinau ngelmu ingkang jembar, awujud ngelmu agami lan ngelmu kadonyan umumipun. Manunggalipun ilmu agami lan ilmu kadonyan minangka kuncinipun nggayuh karaharjaning gesang ingkang sampurna.
‘Peradaban’ umat manungsa menika nate nandhang surut lan ‘anjlog’ ing dhasar ingkang paling andhap; lajeng kanthi lahiripun piwucal Islam dipun angkat lan saget gumregah ngadeg sahingga nggayuh kemajuan ingkang dipun sebat minangka “Zaman Kejayaan Islam” (taun 750 M - 1258 M). Nanging jalaran surutipun pamor umat Islam ingkang tansaya ringkih, akhiripun peradaban menika dipun kuwaosi dening ‘dunia Barat’. Remen utawi mboten, setuju lan mboten; wiwit abad-18 dumugi ing saat menika ingkang kawastanan Revolusi Industri 4.0 mujudaken pangejawantahipun ‘peradaban barat’. Bab menika minangka gambaran bilih umat Islam saat menika nembe dereng nggadhahi ‘syarat’ minangka “khairu ummah” kados dene ingkang dipun dhawuhaken ing al-Qur’an. Dene bangsa sanes (non muslim) langkung nggadhahi ‘potensi’ lan syarat-syarat kangge mendhet kendhali kepemimpinan ingkang samesthinipun dipun asta tiyang Islam. Pramila, saat menika kita sedaya perlu nuwuhaken raos ‘kesadaran’ (hajat, kabetahan) kagem nyinau piwucaling Al-Quran; jalaran ing mriku kita badhe manggihaken piwucalpiun ‘ngudhari’ lan gluwari sak-wernaning perkawis gesang , kados dene ingkang sampun dipun tindak-aken dening generasi awal umat Islam jaman semanten.
_*Ma’asyiral Muslimin, Rahimakumullah*_
Masa depan utawi dinten ingkang badhe dhateng, tansah nuwuhaken pangajeng-ajeng ingkang endah lan kebak grengseng, sahingga njurung umat manungsa tansah mbudidaya cecawis ingkang paling sae. Allah SWT sampun paring pemut ing kita sedaya:
يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلۡتَنظُرۡ نَفۡسٞ مَّا قَدَّمَتۡ لِغَدٖۖ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرُۢ بِمَا تَعۡمَلُونَ ١٨
_He wong kang padha iman, takwa-o sira kabeh ing ngersane Allah, lan supaya saben pribadi padha nggatek-ake apa wae kang wis padha ditindak-ake (ing wektu kang kawuri) kanggo dina sesuk (akhirat); lan takwa-o sira marang Allah, satemene Allah Maha Priksa ing apa wae kang padha sira tindak-ake”._ (QS Al-Hasyr ayat 18)
Saking dhawuh menika, badhe tuwuh raos emut, bilih wekdal menika estu awis ageng lan ajinipun. Wekdal kados dene pedang. Yen kita mboten saget ngagem lan nggina-aken kanthi sae, pramila kita saget kebabat, kesingkir – ketinggalan jaman.
Kita dipun dahwuhi supados pinter ngatur wekdal, jalaran dinten mbenjang menika sesambungan lan gumatung kaliyan dinten menika. Menapa ingkang dumados ing mbenjang gumantung dhumateng menapa ingkang kita tindakaken ing dinten menika. Lan kita emut, bilih jatah wekdal kita menika saestu sakedhik sanget. Singkat! Ing saweneh hadits Rasulullah SAW ngendika:
عَنْ عَبْدِ اللَّهِ بْنِ عُمَرَ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُمَا قَالَ أَخَذَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ بِمَنْكِبِي فَقَالَ“ كُنْ فِي الدُّنْيَا كَأَنَّكَ غَرِيبٌ أَوْ عَابِرُ سَبِيلٍ”
_Saka Ibnu Umar r.a, dheweke kandha, “Rasûlullâh SAW nyekel ing pundakku, banjur ngendika, ‘Dadi-o sira ing donya iki kayadene wong neneka utawa lelungan’”_ (HR. Al-Bukhari)
Maksudipun, kita ing ndonya menika namung sakedhap – kadosdene tiyang ingkang namung tindak nglangkungi margi utawi musafir (tamasya) lan mesthi bakal enggal wangsul ing griya papan dunungipun piyambak. Nalika nampi dhawuh menika, Abdullah Ibn Umar r.a. nambahi nasehat (kangge kita sedaya):
إِذَا أَمْسَيْتَ فَلَا تَنْتَظِرْ الصَّبَاحَ وَإِذَا أَصْبَحْتَ فَلَا تَنْتَظِرْ الْمَسَاءَ وَخُذْ مِنْ صِحَّتِكَ لِمَرَضِكَ وَمِنْ حَيَاتِكَ لِمَوْتِكَ
_“Yen sira ono ing wektu sore, ojo nunggu wektu esuk; lan yen sira ono ing wektu esuk, ojo nunggu wektu Pigunak-no wektu sehatmu sadurunge lara; uripmu sadurunge mati.”_ (HR. Al Bukhari)
Maksudipun, supados kita sedaya enggal-enggal nindak-aken pakaryan kanthi sak sae-saenipun, sampun ngantos remen ‘ngrerendhe’ (nunda, semaya) amalan ing dinten mbenjang. Jalaran dereng kantenan kita taksih diparingi wekdal gesang dumugi mbenjang. Utawi mboten wonten jaminan bilih kita saget nindak-aken pakaryan menika ing dinten mbenjang.
_*Ma’asyiral Muslimin, Rahimakumullah*_
Wonten satunggaling nasihat saking ‘Ali bin Abi Thâlib r.a.:
اِرْتَحَلَتِ الدُّنْيَا مُدْبِرَةً، وَارْتَحَلَتِ الْآخِرَةُ مُقْبِلَةً، وَلِكُلِّ وَاحِدَةٍ مِنْهُمَا بَنُوْنٌ، فَكُوْنُوْا مِنْ أَبْنَاءِ الْآخِرَةِ، وَلَا تَكُوْنُوْا مِنْ أَبْنَاءِ الدُّنْيَا، فَإِنَّ الْيَوْمَ عَمَلٌ وَلَا حِسَابٌ وَغَدًا حِسَابٌ وَلَا عَمَلٌ
_“Satemene donya iki bakal lunga ninggalake awake dhewe, dene akherat yekti bakal tumeka. Sakelorone, donya lan akherat nduweni anak-anak; mangka siro padha dadi-o anak-anake akherat, lan ojo dadi anak-anake donya, jalaran dina ini minangka dina kanggo nindak-ake amal, dudu wektune ‘dihisab’; dene mbesok minangka dinane hisab, dudu wektune nindak-ake amal”_ (Shahih Al Bukhari)
Namung kemawon, pancen kita umat manungsa menika asring leno, inggih amergi saking kathahipun panggodhaning kadonyan ingkang tansah ngreridhu. Ing saweneh hadits saking Ibnu Abbas r.a., kanjeng Nabi SAW ngendika:
نِعْمَتَانِ مَغْبُوْنٌ فِيْهِمَا كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ: الصِّحَّةُ وَالْفَرَاغُ
_“Ono nikmat werna loro, kang akeh-akehe manungsa padha leno, yaiku: nikmat sehat lan wektu longgar”_
Ing riwayat sanes saking Imam at-Tirmidzi rahimahullah, Rasul ngemutaken:
فَإِنَّكَ لَا تَدْرِي يَا عَبْدَ اللهِ مَاسْمُكَ غَدًا
_“Mangka sira, he- Abdullah, ora mangerti kepriye nasibmu ing dina sesuk.”_
Maksudipun, mbokmenawi mbenjang besok kita kalebet toyang ingkang samoun pejah, sanes tiyang ingkang taksih gesang. Kita ugi mbten mangertos, menapa kalebet tiyang ingkang cilaka utawi kebak kabegjan.
_*Ma’asyiral Muslimin, Rahimakumullah*_
Sesambungan ing perkawis menika, kita perlu emut wontenipun saweneh Surat ing al-Qur’an ingkang paling populer ing bab wigatosipun ‘wekdal’. Allâh Subhanahu wa Ta’ala ngendika:
وَالْعَصْر ﴿١﴾ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍِ﴿٢﴾ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ
_“Demi wektu. Yekti, manungsa iku padha nandhang kapitunan (rugi) ; kejaba tumrape wong-kang padha iman lan tumindak becik (ngamal sholeh), lan padha ling-kinelingan ing bebener, lan padha ling-kinelingan ing kesabaran.”_ [Qs. Al-‘Ashr:1-3]
Pramila sakmenika wekdalipun cocok sanget kangge nindakaken introspeksi diri, muhasabah,utawi mulat salira. Umar bin Khattab r.a. ngendika:
حَاسِبُوْا أَنْفُوْسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُوْا
_“itung-itungen (amal) awakmu dhewe, sadurunge sira diitung (dihisab) dening Allah”._
Imam Ghazali ing kitab kitab Ihya’ Ulûmuddîn ngajari dhumateng kita sedaya kados pundi nindak-aken Muhasabah menika kados dene ‘pedagang’ ingkang ngitung bebathen lan kapitunanipun ing saben-saben wekdal tertemtu. Nalika pikantuk bebathen, piyambake mesthi remen kan ngaturaken syukur, lajeng mbudidaya njagi utawi yen saget nambah bathi. Dene yen pinanggih rugi, mesthi piyambake bakal madosi sebab undheraning karugen, lan mesthi bakal mbudidaya nyingkiri – mboten kepengin rugi malih ing wekdal candhakipun.
Menika-lah, setunggling tiyang mukmin ingkang tansah menggalih lan waspada saben tumindakipun, kados pundi nglampahi gesang ing alam ndonya menika.
_*Ma’asyiral Muslimin, Rahimakumullah*_
Minangka akhiring khutbah menika, sakedhik bab ingkang perlu dados pemut minangka hikmah piwucal ing akhir taun menika, antawispun:
1️⃣ Wekdal mujudaken perkawis ingkang sanget aji lan wigatos, kedah dipun atur anggenipun nggina-aken, siang-ndalu, kagem menapa mawon dipun telas-aken. Mugi dipun gatosaken, pundi ingkang minangka kewajiban lan hak. Pundi ingkang nyrepeg, wonten ingkang langukung wigatos, kirang wiagtos, saget dipun tundha, utawi dipun tilar babar pisan.
2️⃣ Monggo nggina-aken wekdal kangge nambah ngelmu lan ngamal tumindak ingkang paling sae ing salebeting gesang
3️⃣ Sampun ngantos mbebucal wekdal namung kangge perkawis ingkang mboten wonten pigunanipun utawi malah njrumus ing lampah maksiyat
Mekaten khutbah jumat ing siang menika, sumangga kita tansah njagi lan ngagem wekdal kanthi dipun isi ing iman, ilmu lan amal sak-sae-saenipun. Mumpung taksih pinaringan wekdal gesang. Jalaran kita mboten mangertos, dumugi kapan taksih diparingi wekdal menangi padhanging jagat menika. Nalikanipun gusti Allah nimbali ing kita, kinten-kinten sangu menapa ingkang sampun kita cawisaken? Kadospundi kita badhe caos jawaban nalikanipun Allah nimbali ing kita: menapa ingkang sampun kita tindak-aken sadangunipun gesang ing ndonya?
Mugi-mugi tahun ingkang sampun lumampah saget kita gina-aken minangka ‘pecut’ kagem ‘ndandani’ tindak lampah ingkang kirang prayogi; lan mugi gusti Allah paring pitulung lan margi ingkang gampil ing kita kangge mepaes dhiri ing tindak lampah ingkang saklangkung sae. A-miin.
بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ
_*Khutbah II*_
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ, اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ خُلَفَائِهِ الرَّاشِدِيْنَ، وَعَنْ أَزْوَاجِهِ أُمَّهَاتِ المُؤْمِنِيْنَ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ، وَعَنْ المُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعاً مَرْحُوْماً، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقاً مَعْصُوْماً، وَلا تَدَعْ فِيْنَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُوْماً.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
اللَّهُمَّ أَنْزِلْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ السَّمَاء وَأَخْرِجْ لَنَا مِنْ خَيْرَاتِ الأَرْضِ، وَبَارِكْ لَنَا في ثِمَارِنَا وَزُرُوْعِنَا يَا ذَا الْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.
اَللّهُمَّ لاَ تَجْعَلْ مُصِيْبَتَنَا فِي دِيْنِنَا وَلاَ تَجْعَلِ الدُّنْيَا أَكْبَرَ هَمِّنَا وَلاَ مَبْلَغَ عِلْمِنَا
اَللَّهُمَّ إِنِّي أَسْأَلُكَ فِعْلَ الخَيْرَاتِ، وَتَرْكَ المُنْكَرَاتِ، وَحُبَّ المَسَاكِينِ، وَإِذَا أَرَدْتَ بِعِبَادِكَ فِتْنَةً فَاقْبِضْنِي إِلَيْكَ غَيْرَ مَفْتُونٍ
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا، وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّابُ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ :إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ
0 Comments: