KHUTBAH SHALAT GRAHANA SRENGENGE
Dening: Ust. Slamet AR
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ خَلَقَ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ، وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْبَشَرِ،
أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه ، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه،
اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين،
أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا اْلإِخْوَان، أُوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ،
قَالَ اللهُ تَعاَلَى فِي اْلقُرْآنِ اْلكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمِ: وَمِنۡ ءَايَٰتِهِ ٱلَّيۡلُ وَٱلنَّهَارُ وَٱلشَّمۡسُ وَٱلۡقَمَرُۚ لَا تَسۡجُدُواْ لِلشَّمۡسِ وَلَا لِلۡقَمَرِ وَٱسۡجُدُواْۤ لِلَّهِۤ ٱلَّذِي خَلَقَهُنَّ إِن كُنتُمۡ إِيَّاهُ تَعۡبُدُونَ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Alhamdulillah, puji lan pangalembana kunjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring kathahing rahmat lan nikmat tumrap kita sedaya, sahingga ing dinten menika kita taksih pinaringan umur panjang, linangkung nikmat ingkang paling agung awujud pitedah ing iman Islam, ingkang nenuntun kita nglampahi gesang ing margi ingkang leres.
Shalawat lan salam mugi katur dhumateng junjungan kita kanjeng Nabi Muhammad saw; lumeberipun dhumateng kulawarga, para sahabat lan sedaya umat ingkang tansah nindakaken sunnah-sunnahipun dumugi akhiring zaman.
Ngawiti khutbah menika, keparenga kawula minangka khatib ngajak dhumateng jamaah sedaya, sumangga kita sami mbudidaya tansah njagi lan nambah raos iman takwa dhumateng Allah swt. Yen kita nyuwun tumurunipun rahmat lan barokah, pramila panyuwunan menika kedah dipun lambari raos iman lan takwa. Dene yen kita nyuwun amrih dipun tebihaken saking musibah lan pacobaning gesang, menika inggih kedah sinartan raos iman lan takwa. Keranten, sinten kemawon ingkang takwa dhumateng Allah, samangkenipun bakal pinaringan margi uwal saking pepetinging gesang lan bakal nampi rejeki saking arah ingkang tanpa kanyana-nyana. Allah ta’ala ngendika:
وَمَنْ يَتَّقِ اللهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا، وَ يَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ (سورة الطلاق: ٢-٣) ـ
“Lan sapa wae wong kang padha takwa ing ngarsane Allah, temen Panjenengane bakal paring ing dheweke dalan uwal sangka pepetenging urip, lan bakal paring rejeki ing dheweke sangka dalan kang ora kanyana” (QS Ath-Thalaq: 2-3).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Nyaketi akhiring ibadah Ramadhan menika, kita pinaringan kesempatan kagem manggihi satunggaling tanda kuwaos lan agungipun Allah SWT , inggih menika grahana srengenge. Pramila kita ummat Islam, nindakaken amalan sunnah piwucalipun kanjeng Nabi SAW kanthi nindak-aken ibadah sunat awujud shalat grahana srengenge.
Kita sedaya mangertos lan yakin wonten dzat-ipun Allah SWT kanthi mriksani tandha utawi ayat; awujud ayat qauliyah lan ayat kauniyah. Ayat qauliyah inggih menika ayat Al-Qur’an ingkang saget dipun waos lan dipun ucapaken, dene ayat kauniyah menika awujud kasunyatan ing saklebeting alam ndoya menika, kados dene titahipun ingkang awujud manungsa, kewan lan tetanduran, gumantosipun wekdal siang lan ndalu, sarta sedaya ingkang kumethip ing alam ndonya menika. Ayat utawi tanda menika namung saget tinampi dening tiyang ingkang kersa menggalih lan mawas kanthi akal ingkang wening:
.إنَّ فِي خَلْقِ السَّمَٰوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلَافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَآيَاتٍ لِأُولِي الْأَلْبَابِ الَّذِينَ يَذْكُرُونَ اللَّهَ قِيَامًا وَقُعُودًا وَعَلَىٰ جُنُوبِهِمْ وَيَتَفَكَّرُونَ فِي خَلْقِ السَّمَٰوَاتِ وَالْأَرْضِ رَبَّنَا مَا خَلَقْتَ هَٰذَا بَاطِلًا سُبْحَانَكَ فَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
“Saktemene ing sakjroning tumitahe langit lan bumi, lan gilir gumantine wektu wengi lan awan, mujudake tandha-kuwasane Allah tumrap wong kang nduweni akal, (yaiku) wong-wong kang padha eling ing ngarsane Allah ing wektu ngadeg, lungguh, utawa sare’; lan mikirake ing tumitahe langit lan bumi (kanthi ngucap): ‘Dhuh Gusti Allah, temtu Paduka sampun nyipta-aken menika sedaya mboten muspra, Maha suci paduka Allah, mugi nebihaken kawula saking bebayaning siksa neraka.” (QS Ali Imran [3]:190-191).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Dinten menika kita sesarengan nyekseni wontenipun prastawa grahana srengenge “hybrid”, sebagian ngalami grahana total, sebagian wilayah sanes grahana cincin lan parsial. Saestunipun grahana srengene utawi rembulan menika minangka tandha kuwaosipun Allah; kados pundi Allah kanthi gampil ndamel cahaynipun srengenge lan srembulan saget sirep kanthi gampil, kadosdene panjenenganipun Allah ugi kuwaos ndadosaken srengege jumedhul ing arah wetan lan angslup ing arah kilen.
Ing zaman Rasulullah SAW, nate manggihi prastawa grahana srengenge ingkang kaleres sesarengan kaliyan sedanipun putrane kanjeng Nabi Muhammad saw, inggih ingkang sesilih asma Ibrahim. Sebagian tiyang nggadhahi penganggep bilih grahana menika jalaran sedanipun putrane kanjeng nabi kasebat. Awit saking menika, kanjeng Nabi age-age tumuju dhateng masjid lajeng nindak-aken shalat sunat grahana sesarengan kaliyan para shahabat. Rasulullah SAW paring dhawuh:
اِنَّ الشَّمْسَ وَاْلقَمَرَ آيَتَانِ مِنْ آيَاتِ اللهِ لَا يَنْخَسِفَانِ لِمَوْتِ اَحَدٍ وَلَا لِحَيَاتِهِ ، فَإِذَا رَأَيْتُمْ ذٰلِكَ ؛ فَا ذْكُرُوْا اللهَ ، وَ كَبِّرُوْا، وَصَلُّوْا ، وَ تَصَدَّقُوْا.
“Saktemene srengenge lan rembulan iku tandha werna loro sangka ayat-ayat (kuwasane) gusti Allah. Dumadine grahana iku ora jalaran patine utawa uripe sawijining pawongan. Awit saka iku, yen sira menangi anane grahana iku sira padha nindakna dzikir, takbir, banjur leksanakna shalat lan padha ngetokna shadakoh” (Shahih Bukhari, 1044).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Hikmah ingkang paling wigatos kanthi wontenipun grahana menika estunipun minangka pemut tumrap kita sedaya umat manungsa, inggih supados tansah nyaket ing sipat kuwaosanipun Allah ingkang murba-wasesa ing atasing sedaya isi wonten ing alam ndonya menika.
Yen tiyang sanes namung ndadosaken prastawa grahana menika minangka lelampahan lumrah kados padatan, lajeng dipun sinau sacara ilmiah; malah wonten ugi ingkang namung dipun tonton minangka obyek wisata; pramila kita umat Islam ndadosaken minangka kagem wasilah emut dhumateng kuwaosipun Allah; hakikat gesang, inggih sangkan paraning dumados..
Nalika wonten prastawa grahana kita dipun emutaken supados nyaket (dhedhepe) dhumateng Allah, inggih kanthi nindakaken dhawuh lan nilar awisanipun; lan enggal nindakaken sawernaning amal shaleh, kadosdene: shalat, kathah ndedonga, dzikir,sedekah, lan sanes-sanesipun Prastawa grahana menika ugi minangka pemut tumrap umat manungsa, supados enggal sami muhasabah lan mertobat dhumateng Allah kanthi taubatan nashuha.
Tandha utawi ayat kuwaosipun Allah menika saget kemawon kanthi ‘dadakan’ malih dados bebaya lan musibah. Kita sedaya temtu taksih emut, kados pundi Allah ngirim ayat-ayat kuwaosipun kanthi ingkang langkung ageng ingkang awujud: tsunami ing Aceh tahun 2004, gempa bumi ing Jogja tahun 2006, gunung njeblug ing Merapi tahun 2010 lan, saat menika sumebaripun pandemi Covid-19 tahun 2020-2022, lan sanes-sanesipun. Allah ta’ala ngendika:
وَمَا نُرْسِلُ بِالآيَاتِ إِلاَّ تَخْوِيفًا (سورة الإسراء: ٥٩) ـ
“Lan Ingsun (Allah) ora ngirim ayat-ayat (minangka tandha kuwasaning-Sun) ora ana liya kejaba supaya padha wedi lan dadi pepeling (piwulang)” (QS Al-Isra: 59).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Taubatan nashuha inggih menika mertobat dhumateng Allah kanthi saestu ingkang jangkep rukun-rukunipun: inggih menika nggetuni saking tumindak dosanipun, nilaraken tumindak dosa, lan kedah nggadhahi tekad kangge mboten ngambali lampah dosa utawi maksiyat. Dene yen dosa menika sasambetan kaliyan sesami tiyang, pramila tobatipun dipun tambahi kanthi nyuwun pangapunten lan ngunduraken hak adami, utawi dipun suwun ikhlasipun. Allah ta’ala paring dhawuh:
وَتُوبُوا إِلَى اللَّهِ جَمِيعًا أَيُّهَ الْمُؤْمِنُونَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ (سورة النور: ٣١) ـ
“Lan sira padha mertobat-a, he’ sakabehing kawula kang padha iman amrip sira antuk kabegjan” (QS An-Nur: 31).
Prastwa grahana ing akhir wulan ramadhan menika mesthinipun nambah kita tansaya sakwa dhumateng Allah. Perkawis menika jumbuh kaliyan suasana batin lan penggalih kita umat Islam ingkang sampun nglampahi ibadah puasa kanthi khusyu’ dumugi dinten ing kaping sangalikur (29) saat menika.
Kanthi kalenggahan takwa menika kita emut dhumateng kuwaosipun Allah, Panjenenganipun saget ndamel sawernaning prastawa agung dumados. Kanthi mekaten, sipat takwa menika sageta minangka sangu ingkang dados piandel nalika kita badhe mungkasi ibadah ramadhan tumuju pahargyan dinten riyadi Idul fitri.
Sampun ngantos kita kejrumus ing patrap leno, pengin gesang ingkang sarwo moncer, lan nuruti hawa nepsu. Nanging samesthenipun kita justru kedah ngathah-ngathahaken donga, istighfar, mertobat lan nambah tansaya kathah anggenipun ngamal shaleh.
Hadirin rahimakumullah, mekaten atur khutbah ing saat menika. Mugi-mugi migunani lan minangka pemut tumrap kula panjenengan sami. A-miin.
Minangka panutuping atur khutbah menika, sumangga kita sami ndedonga mugi dipun ijabah dening Allah swt…
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ
اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْن، وَالعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ، اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحِسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.
اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعًا مَرْحُوْمًا، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقًا مَعْصُوْمًا، وَلا تَدَعْ فِيْنَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُوْمًا.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِي
0 Comments: