Ramadhan: Nggladhi Kasampurnaning Ngibadah
Dening : Ust. Hisyam Muhadi
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَذِى أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللَّهِ شَهِيداً
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.
اللّهُمَّ صَلي وِسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِنَا مُحَمّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدّيْنِ
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ.
يا ايُّهَا الّذِيْنَ امَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلّكُمْ تَتَّقُوْنَ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Saderengipun mlebet ing wulan Ramadhan, sanget sae menawi kita emut malih ing makanipunn “ngibadah”, amrih kita sampun ngantos klentu ing panampi (salah paham) lan akhiripun klentu ugi anggenipun ngamal tumindak.
Ngibadah minangka satungaling sipatipun toying iman, sebab menika minangka tujuanipun umat manungsa diun cipta. Allah paring pangendikan :
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ ﴿٥٦﴾
”Lan Ingsun Allah ora nyiptabangsa jin lan manungsa kejaba supaya ngibadah (ngumawula)” (QS Al Dzariyat : 56).
Midherek fatwanipun Syaikhul Islam Ibnu Taimiyah, ngibadah dipun maknani minangka sedaya perkawis ingkang pikantuk ridho saking Allah Swt, inggih ingkang awujud ucapan lan tuminndaking lahir utawi batos. Ngibadah mboten namung ingkang awujud amalan ritual, nanging ugi amal tumindak ingkang tebanipun wiyar.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Saking paparan menika saget dipun mangertosi bilih ngibadah mboten namung mligi wujudipun shalat, puuasa lan haji lan sanesipun. Nanging nyakup ing sawernaning lampah gesang umat manungsa, wiwit saking perkawis ekonomi, sosial, politik, budaya lan sanesipun.
Malah linangkung saking perkawis kasebat, ing piwucal Islam sedaya amalan mubah kados dene: dhahar, ngunjuk, tilem, rekreasi (piknik) lan sanesipun – menika saget miangka amal ngibadah yen dipun niyataken pados ridhanipun Allah Swt., lan mboten dipun sartani lampah munkar. Kanthi nglebetaken sedaya perkawis betahing gesang minangka ngibadah, pramila saben tiyang muslim saget ndadosaken sedaya lampah tumindakipun ing gesang minangka ngibadah dhumateng Allah swt. Kadosdene tuntunan doa ingkang dipun ajaraken ing al-Qur’an:
قُلْ إِنَّ صَلاَتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ ﴿١٦٢﴾
”Kandhakno, Saestunipun shalat kawula, ibadah kawula, gesang lan pejah kawula namung kangge (pados ridhonipun ) Allah Dzat Penguwaosipun jagat alam raya “ (QS Al An’am : 162)
Kanthi mekaten, pramila predikat “ahli ibadah” saget dipun gayuh dening sedaya tiyang muslim saking profesi menapa kemawon lan sedaya lapisan masyarakat,. Mboten mligi namung tumrap para kyai utawi santri ingkang sregep ngaji lan shalat tahajud. Nanging saget dipun gayuh dening rakyat biasa utawi pejabat, winasis (ilmuwan) utawi ustadz, kasepuhan utawi kaneman, pria utawi wanita, malah ugi tumrap tyang sugih utawi mlarat, lan sanesipun.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Kadang kita pinanggih wonten tiyang ingkang ngucap: eling, sasi puasa – ojo ngomong goroh ! Pitakonan ingkang saget tuewuh inggih menika:
Menapa yen kita mboten ing wulan puasa kepareng ngucap goroh (ngapusi) ?
Lajeng kados pundi amal tumindak sanes, kados: sinau, nyambut damel, pesrawungan lan sanesipun? Menapa kepareng dipun lampahi kanthi cara menapa kemawon (kalebet goroh) lan ingkang penitng saget kasil?
Salah paham ing perkawis maknaning ngibadah kanthi namung winates ing babagan “ibadah ritual” mawon kados dene salat lan puasa bakal njalari “karugen ing dhiri pribadhi”. Sebab piyambakipun mbten bakal nggadhahi penggalihan (karep) bilih sedaya tindak lampah ing gesangipun menika kangge sarana ngibadah dhumateng Allah swt.
Dene ing perkawis sanes, maknani ngibadah namung ing “ibadah ritual” kemawon, bakal ndadosaken ‘pemisahan’ piwucal agami saking perkawis ekonomi, politik, sosial, budaya lan sanesipun ing salebeting gesang padintenan. Sahingga bakal wonten panganggep, bilih perkawis menika mboten mbetahaken tuntunan piwucaling agami, kamangka Islam ngatur sedaya perkawis gesang kita umat manungsa.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Ampun salah paham ! ngibadah mbten namung ingkang sipat ritual. Nalika kita buka puasa, sampun ngantos dados tiyiag ingkang ketingal ‘balas dendam’ kanthi ngumbar hawa nepsu dhahar, kados-kados sedaya wujuding dhahar unjukan bakal dipun ‘untal malang’.
Ampun salah paham. Nalika kita buka puasa, kados kita lajeng kepareng ngucap goroh, ngrasani tiyang, utawi tumindak munkar sanesipun ..
Lan ampun ngatos salah paham ! Sasampuni nglampahi ibadah wulan Ramadhan kados-kados kita lajeng bebas tumindak menapa kemawon, jalaran sampun rumaos saget uwal saking belenggu kunjaraning puasa.
Kados pundi akibatipun yen salah paham?
Sampun ngatos gumun, yen kita nyekseni kathah kasus ingkang ndamel raos prihatin, wonten tiyang ingkang samoun sregep ngbadah salat, puasa, lan sampun tindak haji malah langkug kaping sepisan, nanging yen dipun sawang ing lampah gesang padintenanipun minangka pribadhi jebul taksih tebih saking paugeran piwucal agami.
Menawi salah paham ing makna ngibadah, pramila tiyang muslim ugi anggenipun srawung kaliyan tangga tepaih lan kanca makarya, bakal tumindak kasar. Saben srawung dhumateng sedherek muslim sanes ketingal umuk, takabur, malah mboten ketingal raos asih tresna, kongas, linangkug menawi ngadhepi sedherek sanes ingkang mboten sepaham (aliran / madhzab ipun). Anehipun, malah ketingal asih tresna, kurmat lan kepara ajrih dhumateng tiyang-tiyang kafir.
Nalika pados rejeki, kadang ngalalaken sedaya cara, mboten peduli kanthi cara halal utawi haram. Ing perkawis politik, mboten wonten kaperdulen kagem nampi ‘aspirasi’ utawi kepentinganipun umat Islam ingkang samesthinipun minangka kewajibanipun tiiyang muslim; nanging justru ndadosaken tiyang non muslim ingkang dipun anut lan dipun dhereki.
Wonten ugi tiyang epuh ingkang ketingal mboten remen menawi putrranipun kepengin ngamalaken piwucal agami amrih langkung sae lan leres. Bab menika bakal ndadosaken lare anem (generasi muda) nggadhahi sipat ringkih lan mboten nggadhahi bobot. Piyambakipun asring tumindak luweh-luweh nalika wonten lampah munkar ingkang dumados ing mawerni-werni sarana (media), ingkang tansaya dinten tambah ndodro.
Masyarakat rumaos sampun marem kanthi nindakaken salat lan puasa. Kados-kados ngibadah menika cekap ing salebeting masjid kemawon. Dene ing sa-njawining masjid, pasar, kantor, media massa, “ibadah” mboten perlu dipun paring papan panggenan; malah kadhangkala dados pendukung lampah munkar.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Ibadah puasa pancen saget paring ‘efek’ (pengaruh) ingkang sanget agung. Nalika kita puasa, wiwit saking fajar shubuh dumugi wekdal magrib, pramila sedaya amal tumindak kita kados dene dipun ayomi deining amalan puasa.
Tiyang puasa inggih tetep kedah nindak-aken wajibing gesang padintenan, nyekapi betahing pribadhi lan kulawarga, nyambut damel utawi sinau, sarta srawung ing satengahing masyarakat. Dene ing sela-selaning wekdal menika dipun sisipi shalat fardhu. Lan sedanipun dipun tindakaken ing salebeting suwasana bathin ingkang paling sae, inggih menika puasa, meper hawa nepsu.
Ramadhan saget ngubah tindak lampahing masyarakat sawara wetah. Sedaya masjid, mushola lan sarana pangibadahan ingkang saderengipun sepi, bakal dados rame (gayeng), kebak lan ubur kanthi sawernaning amalan ibadah ramadhan.
Kathah amalan ing ramadhan karacik ing sadhengah papan pangibadah. Wonten shalat taraweh kanthi jamaah saben dinten, kamangka sanes wajib. Wonten maos Al-Qur’an dumugi sewulan khatam. Wonten majelis taklim saben taraweh, kuliah shubuh lan nyrantos buka puasa. Saget dipun bayangaken, .. saben dinten wonten tiga (3) majelis taklim, pengaosan utawi ceramah agami, utawi kuliah tujuh menit, ateges ing sewulan wonten kaping 90 majelis taklim. Ramadhan pancen luar biasa lan istimewa !
Nanging kita kedah emut, bilih menika nembe ngibadah saking werni setunggal (inggih ibadah ritual). Pramila prayogi saget kita dadosaken ramadhan taun menika minangka momentum miwiti totalitas pangibadhan kita. Sedaya amal tumindak kita kaniyataken saestu kangge ngibadah.
Sumanga kita lumebet ing wulan ramadhan kanthi sedaya gmblenging tekad kangge ngamal ing sedayaning lampah gesang kita. Malah, monggo kita niyataken sarampungipun ramadhan mangke kita bakal nglajengaken pakulinan sae menika ing wulan-wulan candhakpiun.
اَللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِى رَجَبَ وَ شَعْبَانَ وَ بَلِغْنَا رَمَضَانَ
“Dhuh Allah, mugi paring berkah dhumateng kula ing wulan Rajab lan Sya’ban, lan kadumugek-na kula saget manggihi wulan Ramadhan.”
Mekaten khutbah siang menika mugi manfaat.
بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ خُلَفَائِهِ الرَّاشِدِيْنَ، وَعَنْ أَزْوَاجِهِ أُمَّهَاتِ المُؤْمِنِيْنَ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ، وَعَنْ المُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعاً مَرْحُوْماً، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقاً مَعْصُوْماً، وَلا تَدَعْ فِيْنَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُوْماً.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.
اَللَّهُمَّ سَلِّمْنـِي إِلَى رَمَضَانَ وَسَلِّمْ لِـي رَمَضَانَ وَتَسَلَّمْهُ مِنِي مُتَقَبَّلاً
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
0 Comments: