Njaga Takwa Bakda Ramadhan
Dening : Ust.Umar Hidayat, M.Ag.
Khutbah I :
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ إِلَيْهِ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ .وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى أٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ أَمَّابَعْدُ؛
فَيَآ أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تَقْوَاهُ كَمَا قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَاأَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
Ma’asyiral muslimin, Jamaah Sidang Jum’at yang dirahmati Allah,
Alhamdulillah, puji syukur kunjuk dhumateng ngarsa dalem Allah subhanahu wata’ala awit paringipun rahmat lan asih tresnanipun ing sedaya titah, sahingga kita taksih pinarungan kesarasan, kawilujengan lan umur panjang saget nindaki ibadah sholat Jum’at ing siang menika. Sholawat lan salam mugi tansah kaparingno dhumateng junjungan kita, kanjeng Nabi Muhammad SAW, tumedhaipun dhumateng sedaya keluarga, para sahabat lan sedaya umat pendherekipun dumugi akhiring zaman. Aamiin..
Salajengipun, ing wekdal ingkang sae menika, kawula ngajak ing dhiri pribadi kula lan sedaya jamaah, sumangga kita tansah mbudidaya nambah raos iman takwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala, inggih kanthi saestu anggenipun nindak-aken dhawuh timbalanipun lan nilar sedaya awisanipun. Keranten inggih namung kanthi raos takwa mekaten kita bakal nggayuh kamulyan gesang ingkang sejati.
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ
“Satemene wong kang paling mulya ing antarane sira kabeh ing ngersane Allah yaiku wong kang paling takwa.” (QS. Al Hujurat: 13)
Ma’asyiral muslimin, Jamaah Sidang Jum’at yang dirahmati Allah,
Wulan Ramadhan ingkang kebak barokah nembe kemawon nilar-aken kita, amrih kita mboten kalebet golongan toyang ingkang nandhang rugi, pramila perlu kita mbudidaya sageto njagi lan nglajengaken katahing amal kesaenan ingkang sampun kita tindak-aken ing wulan suci kala wingi.
Wekdal menika kita lumebet ing wulan syawal, ingkang minangka wulan kagem nambah amal utawi syahrut tarqiyah.
Wulan Syawal minangka wulan kagem mbuktek-aken : menapa kita sampun kasil nglampahi ibadah ong wulan Ramadhan kanthi sae utawi mboten. Menapa to ibadah lan amal saleh kita tansaya tambah sae sa-sampunipun wulan Ramadhan, utawi justru malah mandhap.
Ibarat mesin kendaraan, sadangunipun wulan Ramadhan wingi kita nindak-aken pangupakara total kadosdene “turun mesin”; pramila saestunipun kahanan kita samenika sae sanget kagem nindak-aken sakathahing amal shaleh ingkang perlu dipun jagi lan sampun ngantos nandhang risak. Ibarat kados dene dipun “servis” lan medal saking “bengkel spesialis”, mesin kagem tumandang dame ling dhiri kita menika siap sumadya nindak-aken pakaryan ageng, ingkang wigatos, lan ngasilaken perkawis ingkang luhur. Sampun ngantos mesin ingkang kahananipun sae menika justru ‘nganggur’ utawi mubazir. Sampun ngatos kita mangke namung getun keduwung jalaran mboten nggina-aken kanthi sae, lan akhiripun ngucap:
يَا حَسْرَتَا عَلَى مَا فَرَّطْتُ فِي جَنْبِ الله (الزمر: ٥٦)ـ
“Banget gedhe rasa getun-ku awit wis lena sajroning nindak-ake kuwajiban marang gusti Allah (QS Az-Zumar: 56).
Ma’asyiral muslimin, Jamaah Sidang Jum’at yang dirahmati Allah,
Kadospundi caranipun njagi raos iman-takwa sasampunipun wulan Ramadhan?
Sepisan, Prayogi kita tansah njagi amalan wajib. Ing salebeting hadits qudsi, Allah ta’ala paring dhawuh:
ومَا تَقَرَّبَ إِلَيَّ عَبْدِي بِشَيْءٍ أَحَبَّ إِلَيَّ مِمَّا افْتَرَضْتُ عَلَيْهِ (رَوَاهُ الْبُخَارِيُّ)ـ
“Ora ono sawijining kawula-Ku kang nyaket-ake dhiri marang Ingsun Allah kanthi sawijining perkara kang luwih Ingsun tresnani tinimbang apa kang wis Ingsun wajibake marang dheweke” (HR Al-Bukhari).
Kaping kalih, njagi amalan ibadah sunnah. Nalika ing wulan Ramadhan kadosipun sedaya amalan ibadah sunat saget kita tindak-aken, pramila sae sanget yen ing wulan sa-sampuniun kita lajengaken lan dipun jagi.
Kados pangendikanipun Rasulullah dhumateng ‘Abdullah bin ‘Amr bin Al-‘Ash ra. “Rasulullah Saw dhawuh shumateng kula:
يَا عَبْدَ اللَّهِ، لاَ تَكُنْ مِثْلَ فُلاَنٍ كَانَ يَقُومُ اللَّيْلَ، فَتَرَكَ قِيَامَ اللَّيْلِ
“He ‘Abdullah, sira ojo koyo si-fulan. Mbiyen dheweke sregep shalat wengi, nanging saiki dheweke wis ninggal-ake.” (HR. Bukhari no. 1152 lan Muslim no. 1159)
Ibadah sunnah menika mawerni-werni, wonten shalat sunnah, puasa sunnah, sedekah sunnah, lan amal sunnah sanesipun midherek tuntunan Nabi. Ing antawisipun kautamanipun amrih kita saget “ajeg” anggenipun nindak-aken inggih menika kita saget milih ibadah sunnah ingkang selaras utawi cocok kaliyan kahanan kita piyambak-piyambak, pundi ingkang kita rumaos remen lan sekeca anggenipun nglampahi.
Ma’asyiral muslimin, Jamaah Sidang Jum’at yang dirahmati Allah,
Kaping tiga, sumangga kita tansah istiqomah anggenipun ngamal kesaenan, jalaran, iman badhe tambah kiyat nalikanipun tansaya kathah amal kesaenan ingkang dipun lampahi. Suwalikipun, iman badhe tansaya ringkih nakinalika kita tumindak dosa utawi maksiyat. Sakedhik amalan kesaenan langkung sae yen dipun damel ajeg, tinimbang kathah nanging lajeng mendel, mboten kalajengaken.
Saking ’Aisyah radhiyallahu ’anha, piyambakipun ngendika Rasulullah shallallahu ’alaihi wa sallam paring dhawuh,
أَحَبُّ الأَعْمَالِ إِلَى اللَّهِ تَعَالَى أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ
“Amalan kang paling ditresani dening Allah Ta’ala yaiku amalan kang ajeg ditindak-ake senadyan mung sethithik.” (HR. Bukhari lan Muslim).
Kaping sekawan, sampun ngantos ‘jeleh’ lan rumaos cekap dhumateng ilmu, khususipun ilmu agama ingkang sampun dipun tampi.
Sasampunipun Ramadhan nilar ing kita, sumangga kita lajengaken remen nindaki majelis ilmu. Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
لَا يَشْبَعُ مُؤْمِنٌ مِنْ خَيْرٍ يَسْمَعُهُ حَتَّى يَكُوْنَ مُنْتَهَاهُ الْجَنَّةَ (رَوَاهُ ابْنُ حِبَّانَ وَالتِّرمِذِيُّ)ـ
“Sawijining wong mukmin ora samesthine rumangsa marem (wis cukup) kanthi kabecikan kang dheweke prungu sahingga uripe dipesthek-ake mlebu ing suwarga” (HR Ibnu Hibban lan at-Tirmidzi).
Hadirin ingkang pun rahmati Allah, mekaten khutbah ing siang menika, mugi-mugi manfaat tumrap kita sedaya. Mugi-mugi Allah subahanahu wata’ala tansah paring pitedah, pitulung lan margi ingkang gampil ing kita sedaya saget nindak-aken dhawuhipun kanthi sasae-saenipun. Amiin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ الله مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَاالسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
Khutbah II :
اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْن، وَالعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ، وَنَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَلِيُّ الصَّالِحِيْنَ
وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ إِمَامُ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَأَفْضَلُ خَلْقِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ، صَلَوَاتُ اللهِ وَسَلاَمُهُ عَلَيْهِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ .اَللَّهُمَّ رَبَّنَا تَـقَـبَّلْ مِنَّا صَلاَتَنَا وَصِيَا مَنَا وَرُكُوْ عَنَا وَسُجُوْدَنَا وَقُعُوْدَنَا وَتَضَرُّعَنَا وَتَخَشُّوْعَنَا وَزَكَاتَنَا وَتَعَبُّدَنَا وَتَمِّمْ تَقْصِيْرَنَا يَا اَلله يَا رَبَّ الْعَا لَمِيْنَ
اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعًا مَرْحُوْمًا، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقًا مَعْصُوْمًا، وَلا تَدَعْ فِيْنَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُوْمًا.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
0 Comments: