اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي جَعَلَ رَمَضَانَ شَهْرًا مُبَارَكًا، وَفَرَضَ عَلَيْنَا الصِّيَامَ لِأَجْلِ التَّقْوٰى. أَشْهَدُ أَنْ لَاۧ إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ .
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مَحَمَّدِنِ الْمُجْتَبٰى، وَعَلٰى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَهْلِ التُّقٰى وَالْوَفٰى.
أَمَّا بَعْدُ فَيَاأَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ مَنِ اتَّقَى.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Jama’ah Sholat Jum’at rahimakumullah..
Alhamdulillah, wekdal menika kita sampun dumunung ing wulan ingkang mulya, inggih wulan suci Ramadhan. Wulan menika nggadhahi dasa nama ingkang populer kados dene sayyidusy syuhur, syahrul mubarok, syahrul qur’an, syahrut taubat lan sanes-sanesipun.
Ing wulan menika ugi Allah SWT numurunaken Alquranul Karim lan paring nugraha satunggaling ndalu ingkang langkung sae tinimbang sewu wulan, inggih menika lailatul qodar. Awi istimewanipun wulan menika, pramila lampah pangibadahipun umat Islam dados tansaya nambah grengseng tinimbang wulan sanes-sanesipun.
Kahanan mekaten ketingal wiwit saking anggenipun sami mahargya – mapag dahtengipun Ramadhan; lajeng lampah pangibadhan sholat fardhu kanthi jama’ahan, sholat tarawih, thalabul ilmi, tadarus Alquran, dzikir, ndonga, infak sedekah, hingga owah-owahan tindak lampah padintenan, sedaya tambah tansaya sae. Saestu grengsengipun ibadah mekaten sanget ndamel eram, luar biasa !
Jama’ah Sholat Jum’at rahimakumullah..
Wulan Ramadhan ingkang dipun pahargya kanthi raos bingah menika saestunipun minangka wulan tarbiyah (pendidikan). Dipun ibarataken, kita nembe dipun gembleng (dadar) ing satunggaling wekdal sewulan natas amrih saget dados tiyang ingkang nggadhahi kapinteran lan ketrampilan khusus. Kenging menapa mekaten? Sebab ing wulan menika sedaya tiyang iman wajib nindakaken puasa, inggih yegah raos luwe lan ngelak, sarta mawerni-werni karemenan gesang kaliyan garwanipun, wiwit saking wekdal fajar subuh dumugi angslupipun srengenge.
Ingkang kados mekaten minangka pendadaran tumrap jiwa lan raga ingkang sanget awrat tumrap satunggaling kawula. Ing perkawis menika wonten sesambungipun ingkang rumaket antawisipun olah kajiwan lan olahing raga kangge ngukir watak ingkang pinunjul. Ing saweneh hadits Rasulullah SAW paring pemut, kados pundi wigatosipun puasa menika tumrap kita sedaya umat, Rasulullah Sallallahu ‘Alaihi Wasallam paring sabda :
رُبَّ صَائِمٍ حَظُّهُ مِنْ صِيَامِهِ الْجُوعُ وَالْعَطَشُ، وَرُبَّ قَائِمٍ حَظُّهُ مِنْ قِيَامِهِ السَّهَرُ
“Pira akehe wong kang nindak-ake puasa nanging ora antuk hasil apa-apa kejaba mung rasa luwe lan ngelak wae, lan pira akehe wong kang padha ngadeg shalat nanging ora entuk hasil apa-apa kejaba mung melek tangi wae.” (HR. Ahmad)
Jama’ah Sholat Jum’at rahimakumullah..
Hadits menika minangka pemut tumrap kita, bilih kasunyatan kathah tiyag ingkang nglampahi gemblengan jiwa raga kanthi puasa, nanging mboten pikantuk kasil menapa-napa kejawi namung raos luwe lan ngelak. Bab menika ngemu teges bilih gemblengan fisik ing puasa sanget gegayutan kaliyan panggulawenthahing watak. Kekalihipun nyawiji, sahingga kasil akhir ing pangibadahan puasa Ramadhann menika sanes inking wujud gelar tata lair, nanging owah-owahan tambahing kesaenan watak kapribaden tiyang iman, inggih mennika dados tiyang takwa kados dhawuhing ayat Alquran ingkang dados dasar wajibipun ibadah puasa tumrap tiyang iman, inggih QS. Al Baqarah, 183 :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
“He wong kang padha iman, wis kawajibake tumrap sira kabeh nindak-ake puasa, kaya dene kang wis kawajibake tumrap para kawula sadurungira kabeh, supayane sira bisa nggayuh derajat takwa”
Awit saking menika kita kedah njagi ibadah puasa kita saking sawernaning perkawis ingkang saget mbatalaken lan ngicalaken ganjaraning puasa, kados dhawuh pemutipun kanjeng Nabi Muhammad Saw:
خَمْسٌ يُفْـطِرْنَ الصَّائِمَ وَيُنْقِـضْنَ الْوُضُوْءَ: الْكَـذِبُ، وَالْغِيْبَةُ، وَالنَّمِيْمَةُ، وَالنَّظْرُ بِشَهْوَةٍ، وَالْيَمِيْنُ الْكَاذِبَةُ
“Lima perkara kang bisa mbusak ganjarane wong puasa lan wong kang wudhu, yaiku goroh (ngapusi), grasani (nyatur alane liyan, ghibah), adu-adu, ndeleng kanthi kebak hawa nepsu (syahwat), lan ngucap sumpah palsu”. (HR. Al-Dailami, Ahmad lan Ibnu Majah)
Ing jaman digital samenika, kita kedah ngatos-atos (waspada) ngagem medsos. Sebab, kanthi ndamel status utawi ngucap, posting ingkang isinipun kalebet gangsal perkawis lan tiruanipun, sedaya hakikatipun sami.
Jama’ah Sholat Jum’at rahimakumullah..
Bab wigatos ingkang minangka intisari saking pendidikan ibadah Ramadhan menika inggih kita kedah saget mawujud minangka kawulanipun Allah ingkang sehat sacara jiwa raga nggayuh derajat ingkang paling utama ing ngersanipun Allah SWT. Sahingga ing akhiring Ramadhan mangke kita saget dados satunggaling tiyangingkang pikantuk kamenangan lan wangsul ing jatidiri kita ingkang fitri (suci). Menika-lah takwa ingkang sejati. Dene Nabi Saw paring sabda:
اتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ
“Padha laku-o takwa sira marang Allah ing ngendi wae papan dumunung, lan inggal tututana saben tuindak kang wis kebacut olo kanthi kabecikan kang bisa kanggo nebus (ngilangi), lan srawunga ing sapadha-padha kanthi akhlak kang becik.” (HR. Tirmidzi)
Saking hadits menika sampun cetha, amrih kita tansah takwa dhumateng Allah ing pundi papan lan wekdal kapan mawon; menapa ing wulan Ramadhan utawi wulan sanesipun. Takwa nalika ing masjid utawi ing pasar, papan nyamut damel, ing pesrawungan lan sanesipun.
Jama’ah Sholat Jum’at rahimakumullah..
Kanthi puasa, kita ngraosaken dados saestu caket dhumateng Allah. Sahingga mawerni-werni amal kesaenan saget kanthi raos entheng kita tindak-aken, gampil ugi nilar tumindak dosa (maksiat). Sumangga kita sesarengan ndadosaken Ramadhan menika saestu minangka wulan pendidikan, panggemblengan (kadosdene kawah candradimuka) sahingga raos iman takwa kita mboten namung sifatipun sedhelo (musiman /temporer), nanging bakal tansah tuwuh lan tansaya bakoh tumuju diwasa lan sampurna. Kita sregep ngibadah, sregep ngamal saleh lan ngamal tumindak sae menika sampun ngantos namung ing wulan Ramadhan.
Mbok bilih menika ingkang kedah kita penggalih, dhawuhipun Allah ingkang tansah dipun ngendika-aken para khatib saben khutbah jumat:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ
“He wong kang padha iman, takwa-o sira marang Allah kanti sabener-bener takwa ing ngersane, lan sira ojo nganti tumeka ing pati kejaba tetep ing sajroning ngrungkebi agama Islam.” (Qs. Ali ‘Imran: 102)
Mugi-mugi kita saestu saget ndadosaken ibadah puasa Ramadhan taun menika minangka ‘kawah candradimuka’ (pelatihan) ingkang paling sae kagem nggayuh derajat takwa. lan mugi sedaya amal kesaenan ingkang kita tindak-aken ing wulan ramadhan menika saget kita jagi lan dipun dipun lajengaken kanthi istiqomah. Malah, senadyan ramadhan menika mbenjang sampun rampung nilaraken, kita tetep grengseng (semangat) nglampahi gesang kanthi lelandhesan takwa. Amiin.
بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ خُلَفَائِهِ الرَّاشِدِيْنَ، وَعَنْ أَزْوَاجِهِ أُمَّهَاتِ المُؤْمِنِيْنَ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ، وَعَنْ المُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعاً مَرْحُوْماً، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقاً مَعْصُوْماً، وَلا تَدَعْ فِيْنَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُوْماً.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
0 Comments: