WASPADA MARANG PIWULANG SASAR Dening: Ust. Amirul Musthofa _KHUTBAH I_ اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَنْزَلَ عَلَى عَبْدِهِ آيَاتٍ بَيِّنَات...

WASPADA MARANG PIWULANG SASAR WASPADA MARANG PIWULANG SASAR

WASPADA MARANG PIWULANG SASAR

WASPADA MARANG PIWULANG SASAR


 WASPADA MARANG PIWULANG SASAR
Dening: Ust. Amirul Musthofa

_KHUTBAH I_

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَنْزَلَ عَلَى عَبْدِهِ آيَاتٍ بَيِّنَاتٍ لِيُخْرِجَ النَّاسَ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّوْرِ،
 أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مَحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِين، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن، أَمَّا بَعْدُ:
 فَيَا عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلاَ تَـمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُون،
 قَالَ اللهُ تَعَالَى َأَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْم: وَأَنَّ هَـذَا صِرَاطِي مُسْتَقِيماً فَاتَّبِعُوهُ وَلاَ تَتَّبِعُواْ السُّبُلَ فَتَفَرَّقَ بِكُمْ عَن سَبِيلِهِ ذَلِكُمْ وَصَّاكُم بِهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
 
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Saben tiyang muslim kedah tansah njagi raos iman takwanipun kanthi leres, lan sampun ngantos waton nampi utawi pitados dhumateng ingkang dipun tampi, jalaran bab menika saget ndadosaken kita nandhang sasar saking piwucal ingkang leres.

Ing satengahing masyarakat muslim, kita saget manggihi wontenipun ajaran utawi aliran agami ingkang nyimpang (nalisir) saking paugeran, saumpaminipun wonten paham Islam ingkang ngarah ing tumindak terorisme, aliran Salamullah (Lia Eden), Gafatar, inkarus sunnah, Syi’ah lan sanes-sanesipun. Lan ing saat menika nembe wonten satunggal masalah ingkang “ubur’” dados pocapan (kembang lambe) dados viral inggih kasus pondok al Zaitun.

Aliran utawi paham ingkang nyimpang saget dipun alami dening sinten kemawon; wiwit saking masyarakat tradisional utawi modern, ingkang pendidikan andhap utawi inggil. Saking rakyat biasa ingkang gesang sarwa prasojo, utawi golonganing priyayi (ningrat) ingkang sarwa moncer (mewah).
Kita dipun emutaken dening Allah SWT amrih ngatos-atos nglampahi piwucaling agami, sampun ngantos lumampah ing margi ingkar sasar.

وَأَنَّ هَـذَا صِرَاطِي مُسْتَقِيماً فَاتَّبِعُوهُ وَلاَ تَتَّبِعُواْ السُّبُلَ فَتَفَرَّقَ بِكُمْ عَن سَبِيلِهِ ذَلِكُمْ وَصَّاكُم بِهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
“Lan  (agama Islam) iki minangka dalan-Ingsun kang jejeg, mangka sira padha midherek-o; lan sira ojo manut ing dalan-dalan liyane, jalaran iku mau kabeh bakal ndadek-ake  sira  pecah belah sangka dalan bener iku, kang mengkono iku kadhawuhake Allah tumrap sira amrih padha takwa.” (Qs. Al An’am: 153)
 
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Biasanipun tiyang ingkang kapilut ing piwucal sasar (nyimpang) menika dipun jalari saking pepenginan ingkang ageng sanget kagem ngamalaken piwucal agami ing lampah gesang padintenan, nanging ngelmu (sesrepan) bab agami taksih sekedhik (minim). Kadangkala, ing piwucal ingkang nyimpang menika dipun doktrin wontenipun keyakinan khusus kanthi mencut-aken, ndamel yakin lan benten kaliyan piwucal sanes ingkang mayoritas.

Biasanipun piwucal nyimpang menika bakal ketingal lan dipun raosaken ing wujud amal tmindak padintenan ingkang ndadosaken para pandhemen (anggota) minangka pendherekipun menika  nebihi masyarakat (nyingkir saking pesrawungan, a-sosial), wonten kesan ‘eksklusif’, aneh, nyeleneh utawi asing.
Perkawis ingkang mekaten saget mbebayani, jalaran ajaran nyimpang utawi sesat menika gampil  nggadhahi penganggep bilih tiyang sane sing sak njawining kelompokipun minangka pihak ingkang lepat , utawi malah dados kafir. Piyambakipun saget nindak-aken lampah terorisme lan “nggembol” pepenginan kagem mandhireng pribadi minangka panguwaos kados negari umpaminipun. Bab ingkang mekaten menika temtu mbebayani tumrap masa depan persatuan lan kesatuan bangsa.
 
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah SWT paring dhawuh ing kita supados tansah gondhelan kanthi kenceng ing talinipun agami:

وَاعْتَصِمُواْ بِحَبْلِ اللّهِ جَمِيعاً وَلاَ تَفَرَّقُواْ
“Lan supaya sira kabeh padha cecekelan ing tali (agamane) Allah, lan ojo pecah belah, ..”  (Qs Ali ‘Imran: 103).

Majelis Ulama Indonesia (MUI) sampun paring arahan wontenipun sedasa (10) rambu-rambu tumrap umat Islam amrih waspada, menawi wonten satungaling piwucal (aliran) enggal lan benten kaliyan umumipun ing masyarakat. Rambu-rambu menika antawisipun:

1. Selak (mboten nampi),  nambah utawi ngirangi sebagian saking rukun iman lan rukun Islam.
2. Ndhereki akidah ingkang mboten selaras kaliyan dalil syar'i, inggih Al-Qur’an lan Sunnah.
3. Nafsiraken Al-Qur’an tanpa dhasar kaidah-kaidah tafsir, namung piandel ing bebasipun akal penggalih lan nuruti hawa nepsu.
4. Ngirangi, nambah utawi ngowahi pokok-pokok ibadah
5. Gampil nganggep kafir dhumateng pihak sanes ingkang sak njawining golonganipun

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Kados pundi caranipun kita ngadhepi amrih mboten dados korbanipun ajaran utawi paham ingkang nyimpang utawi sesat menika?
Sepisan, nyuwun priksa dhumateng tiyang ingkang ahli, inggih guru utawi ulama ingkang jelas sanad, asal-usul, track record utawi riwayatipun.
Allah subhanahu wata’ala paring firman:

…  فَاسْأَلُوا أَهْلَ الذِّكْرِ إِنْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُونَ
“… Mangka padha takon-o marang wong kang nduweni ngelmu menawa sira ora padha mangerti. (Q.S.An Nahl: 43).

Perkawis ahli ing jagading ngelmu mboten namung dipun petang saking wontenipun ‘gelar’ utawi titel sarjana, nanging ugi kados pundi paham utawi nalar penggalihipun menapa selaras kaliyan paham ahlus sunnah wal jama’ah ingkang dipun kenal umumipun ing satengahing masyarakat, menapa malih dipun tampi dening pemerintah. Rasulullah shallallahu alaihi wasallam paring sabda:

إِذَا وُسِدَ الأَمْرُ إلى غَيْرِ أَهْلِهِ فَانْتَظِرِ السَّاعَةَ
“Menawa sawijining perkara dipasrahake marang wong kang  dudu ahline,  mangka tunggunen kiamate (rusake)” (HR. Bukhari).
 
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,,
Kaping kalih, ngginak-aken nalar kritis lan raos ing manah kagem nyinau (ngonceki) amrih saget saestu mengertos jatining ngelmu, informasi utawi ajaran ingkang dipun tampi; menapa tinemu ing nalar utawi mboten.
Kita sampun ngantos namung ela-elu, sebab sedaya perkawis samangke bakal dipun pundhuti tanggel jawabipun. Bab menika Allah SWT sampun paring pemut:

وَلَا تَقْفُ مَا لَيْسَ لَكَ بِهِ عِلْمٌ_ إِنَّ السَّمْعَ وَالْبَصَرَ وَالْفُؤَادَ كُلُّ أُولَٰئِكَ كَانَ عَنْهُ مَسْئُولًا
“Lan sira ojo midherek ing perkara kang sira dhewe ora mangerti. Satemene kuping, mripat lan ati kabeh iku bakal dipundhuti tanggungjawabe” (Q.S. Al Isra: 36).

Awit saking menika kita perlu menggalihaken, nimbang-nimbang lan ngraosaken piwucal ingkang kita tampi. Rasulullah shallallahu alaihi wasallam ngendika-aken bilih ‘ati’ menika saget paring pertimbangan tumrap kita ing perkawis sae lan awon.

Ing setunggaling wekdal, wonten shahabat Nabi ingkang name Wabishah Bin Ma’bad r.a. sowan dhumateng Rasulullah shallallahu alaihi wasallam. Tumuli Rasulullah ngendika:

جِئْتَ تَسْأَلُ عَنِ الْبِرِّ؟ قُلْتُ: نَعَم. قَالَ: اِسْتَفْتِ قَلْبَكَ. اَلْبِرُّ مَااطْمَأَنَّ إِلَيْهِ النَّفْسُ وَاطْمَأَنَّ إِلَيْهِ الْقَلْبُ. وَالْإِثْمُ مَاحَاكَ فِي النَّفْسِ وَ تَرَدَّدَ فِي الصَّدْرِ وَإِنْ أَفْتَاكَ النَّاسُ وَأَفْتَوْكَ
“Apa sira sowan kanggo nuwun priksa ing perkara kabecikan?” Aku (Wabishah) matur: ”Leres”. Banur Kanjeng Nabi ngendika: “Njaluka fatwa (panemu) ing atimu. Kabecikan iku mujudake apa wae kang bisa nggawe tentrem ing ati lan batinmu. Dene laku dosa, mujudake apa wae kang njalari ati goreh lan kuwatir, senadyan akeh wong kang nduwe panemu yen perkara iku minangka kabecikan” (H.R. Ahmad)
 
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,,
Kaping tiga, srawung dhumateng masyarakat. Bab menika kangge ndamel kenthek lan rumaketipun ukhuwah lan amrih saget sami tulung tinulung ing kabecikan. Mekaten ugi menawi woten tumindak lepat, badhe wonten pihak sanes ingkang bakal paring pemut lan ngleresaken, amrih kita mboten nandhang sasar ingkang tansaya tebih.

Asring kelampah, aliran sesat ndadosaken tiyang ingkang “ndheweki” mboten srawung ing masyarakat muslim minangka sasaran korbanipun.  Pramila supados kita saget uwal saking pengaruhipun aliran sesat menika kanthi srawung kaliyan masyarakat lan manunggal kaliyan jama’ah ipun kaum Muslimin. Langkung sae malih ndherek organisasi ingkang resmi lan dipun akeni dening pemerintah.
Rasulullah SAW paring pemut bebayanipun menawi wonten tiyang Muslim remen ndheweki lan mboten nyawiji kaliyan jama’ah kaum Musimin :

فَعَلَيْكُمْ بِالْجَمَاعَةِ، فَإِنَّمَا يَأْكُلُ الذِئْبُ مِنَ الْغَنَمِ اْلقَاصِيَةَ
“Prayogane sira melu jama’ah, jalaran serigala (asu ajak) iku mung bakal mangsa wedhus kang kepisah (ndheweki) sangka kumpulan kancane.” (HR. Abu Daud).
 
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Cara ingkang pungkasan, inggih menika ndedonga amrih dipun paring pitedah ingkang leres lan katebihaken saking perkawis ingkang bathil, ing antawisipun dinga ingkang dpun tuntunsaken inggih menika :

اللهُمَّ أَرِنَا الحَقَّ حَقّاً وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا البَاطِلَ بَاطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ
“DhuhGusti Allah, mugi paring pitedah ing kawula, perkawis ingkang hak (lere) menika tetep hak (leres) lan maringono kekiyatan ing kawula saget ndhereki, lan kapitedahno kawula perkawis ingkang  bathil (lepat) menika tetp bathil (lepat), lan maringono kekiyatan ing kawula saget nebihi”.

Mekaten atur khutbah ing dinten menika, mugi-mugi Allah subhanahu wataala tansah ngayomi ing kita saking sawernaning piwucal ingkang sasar, sarta nuntun kita tumuju ing margi ingkang leres. Amiin…

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

Khutbah II

الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ،  أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.  
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.l

0 Comments: