Waspada Marang Laku Dosa Dening : Ust Luthfi Makarim Khutbah I اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ، لِي...

Waspada Marang Laku Dosa  Waspada Marang Laku Dosa

Waspada Marang Laku Dosa

Waspada Marang Laku Dosa


Waspada Marang Laku Dosa
Dening : Ust Luthfi Makarim

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ، لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللهِ شَهِيْدًا، أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ اَجْمَعِيْنَ, وَمَنْ سَارَ عَلَى نَهْجِهِ القَوِيْمِ وَدَعَا إِلَى الصِّرَاطِ المُسْتَقِيْمِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، اُوْصِيْكُمْ وَاَيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ ادْخُلُواْ فِي السِّلْمِ كَآفَّةً وَلاَ تَتَّبِعُواْ خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِينٌ

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kita dipun dhawuhi dening Allah SWT amrih tansah njagi iman takwa kanthi saestu. Jalaran kanthi takwa menika kita bakal nampi kabingahan  sejati, lan pikantuk kathahipun kesaenan saha margi ingkang gampil ngluwari ruwet renenging gesang saben nandhang pacoban. Kautamanipun takwa dipun wedhar dening Allah SWT:

وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا
"Sopo wong kang takwa marang Allah, yekti Panjenengane bakal paring ing dheweke dalan ngluwari ing perkarane”. (Q.S. Ath-Thalaq: 2).

Pramila kita dipun dhawuhi supados tansah ngatos-atos lan mbudidaya midherek pitedah piwucalipun Rasulullah SAW, kados dhawuhipun ing Al-Qur’an:

وَمَا آَتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ
“Apa kang kaparingake Rasul marang sira, mangka tindakno. Lan apa kang dilarang tumrap sira, mangka tinggalno.” (QS. Al-Hasyr: 7)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Setunggaling tiyang ingkang kajrumus ing lampah dosa utawi maksiat bakal nandhang kahanan ingkang saestu awon, ing antawisipunmanahipun bakal ngaros peteng dnhdhet. Satemah bakal ngalami pepalang saking sinaring ngelmu lan pitedah kesaenan. Allah SWT paring firman,

كَلَّا بَلْ رَانَ عَلَى قُلُوبِهِمْ مَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
“Babar pisan ora (mengkono), yekti apa kang padha ditindak-ake iku njalari nutup ing atine (dadi peteng).” (QS. Al-Muthaffifin: 14).

Tumindak dosa ugi bakal dados jalaran satunggaling tiyang kacandhek rejekinipun, kados hadits dhawuhipun Nabi SAW:

إِنَّ الرَّجُلَ لَيُحْرَمُ الرِّزْقَ بِالذَّنْبِ يُصِيْبُهُ (رواه الحاكم وابن حبان وغيرهما)   
“Satemene sawijining wong bakal kacandhek atasing rejekine jalaran saka dosa kang ditindak-ake.” (HR al-Hakim, Ibnu Hibban, dan lainnya).   

Dene akibat sanes ingkang bakal dipun sandhang dening tiyang nglampahi dosa inggih menika : drajat martabatipun dhawah, inggih asor ing ngersanipun Allah lan sasamining tiyang, nandhang kathah ruwet rentenging gesang , lan tansaya tebih saking pitedah, malah dados jalaran gampilipun tuwuh lampah dosa sanesipun.

Lan kita kedah langkung waspada bilih laku dosa utawi maksiat menika akibatipun saget nemahi dhumateng tiyang sanes ingkang mboten ndherek tumindak; saumpami sumebaripun penyakit Aids, musibah banjir, kobonganlan sanesipun.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Katahipun tiyang ingkang tumindak maksiat menika ajrih lan mboten remen dipun mangertosi ing tiyang sanes; nanging  piyambakipun mboten ajrih dhumateng Allah SWT. Perkawis ingkang mekaten sampun kaserat ing  al-Qur’an:

يَسْتَخْفُونَ مِنَ النَّاسِ وَلَا يَسْتَخْفُونَ مِنَ اللَّهِ وَهُوَ مَعَهُمْ إِذْ يُبَيِّتُونَ مَا لَا يَرْضَى مِنَ الْقَوْلِ وَكَانَ اللَّهُ بِمَا يَعْمَلُونَ مُحِيطًا
“Dheweke dhedhelikan sangka manungsa, nanging ora bisa dhedhelikan sangka Allah, kamangka Allah tansah nyartani ing dheweke, nalika ing sawijining wengi dheweke mutus perkara wewadi kang ora antuk ridha sangka Allah. Dene gusti Allah iku Maha njangkung ing samubarang apa kang padha ditindakake (kawulane).” (QS. An-Nisa’: 108).

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Menapa jalaranipun umat manungsa tumindak dosa?
Sepisan: Ringkihipun iman
Ringkihipun iman minangka akibat saking kirangipun ngelmu; mboten mangertos hakekatipun Allah ingkang minangka sesembahahanipun (ma’rifatullah).  Menawi satunggaling tiyang nggadhahi iman ingkang kiyat, caket dhumateng Allah, pramila mesthi piyambakipun bakal rumaos ajrih saking pengawasanipun  Allah tinimbang milih karemenan kadonyan ingkang sipatipun namung singkat (sakedhap). tiyang ingkang ringkih imanipun mboten mangertos hak-hak ipun Allah, lan menapa ingkang daos kuwajiban ingkang kedah dipun lampahi ing salebeting gesang

Kaping kalih: kanca srawung ingkang awon.
Ing salebeting hadits saking Abu Hurairah r.a, Rasulullah SAW paring sabda,

الْمَرْءُ عَلَى دِينِ خَلِيلِهِ فَلْيَنْظُرْ أَحَدُكُمْ مَنْ يُخَالِلُ
“Sawijining wong bakal melu laku padatan kanca cedhake, awit sangka iku padha nggatekno apa kang padha dadi kanca caketmu.” (HR. Abu Daud, Tirmidzi, Ahmad).

Kathah lampah maksiat ingkang kelampah jalaran kanca srawung ingkang awon, kamangka ing nggriya sampun gadhah kulawarga ingkang sae, tangga tepalih sae, sekolah lan papan nyambut damel ugi sae. Nanging jalaran kanca srawungipun risak lan awon tumindakipun, mesthi piyambakipun bakal ndherek ‘katut’ kajrumus ugi ing tumindak lan padatan awon saking kanca menika wau.
 
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kaping ketiga: nuruti hawa nepsu.
Panyawanging mripat ingkang dipun umbar kanthi bebas, mboten purun tumungkul. Kita kedah emut, bilih kanthi nyawang, panah panggodhaning iblis wiwit lumampah; pramila Allah paring dhawuh:

قُلْ لِلْمُؤْمِنِينَ يَغُضُّوا مِنْ أَبْصَارِهِمْ وَيَحْفَظُوا فُرُوجَهُمْ ذَلِكَ أَزْكَى لَهُمْ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا يَصْنَعُونَ
“Kandhakno marang para priya kang iman: “Prayoga dheweke padha nahan (meper) panyawange, lan njaga ing farji-ne, kang menkono iku luwh suci tumrap dheweke. Satemene gusti Allah Maha Priksa ing apa wae tumindak kawulane .” (QS. An-Nuur: 30)

Saweneh hadits saking Jarir bin Abdullah r.a, piyambakipun matur:

سَأَلْتُ رَسُولَ اللَّهِ -صلى الله عليه وسلم- عَنْ نَظَرِ الْفُجَاءَةِ فَأَمَرَنِى أَنْ أَصْرِفَ بَصَرِى.
“Aku tau nyuwun priksa ing ngersane Rasulullah SAW perkara nyawang kang ora disengaja. Panjenengane kanjeng Nabi banjur paring dhawuh marang aku supaya age-age nyingkur, ngalihake panyawangku.” (HR. Muslim, no. 2159)
 
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kaping sekawan: kathah wekdal longgar, kirang dipun isi kanthi perkawis ingkang piguna.
Salajengipun nganggep sepele (remeh) nalika nuruti pepenginan manah lan ngumbar perkawis ingkang kalebet mubah. Nabi SAW paring sabda,

نِعْمَتَانِ مَغْبُونٌ فِيهِمَا كَثِيرٌ مِنَ النَّاسِ ، الصِّحَّةُ وَالْفَرَاغُ
”Ono nikmat loro kang akehe manungsa padha leno (kapusan), yaiku nikmat sehat lan wektu longgar.” (HR. Bukhari)

Kadhangkala wekdal longgar dipun isi kanthi tumindak iseng lan kepara dhumawah lagha utawi malah dados mubazir. Ingkang mekaten saget ndadosaken kita gampil kejrumus ing tumindak dosa.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Salajengipun kados pundi caranipun nyingkiri?
    Kanthi lampah prasaja, kita kedah purun sinau kagem nambah ngelmu (sesrepan) khususipun ing agami sahingga bakal nambah raos kiyat iman kita. Salajengipun ngupadi kanca pesrawungan ingkang sae, jalaran menika bakal njurung ing tumindak lan padatan ingkang sae ugi.

Kita kedah emut, bilih umur gesang kita menika saestu singkat (wonten batesipun). mboten wonten ingkang mangertos, dumugi kapan kita menika bakal pinaringan jatah gesang. Pramila kita kedah saestu wicaksana ngatur lan ngisi wekdal kagem nambah kathahipun amal kesaenan saderengipun telat kanthi dhatengipun takdir “ajal”.

Mekaten atur khutbah siang menika, mugi-mugi kita saget njagi raos iman takwa, lan saget nyingkiri saking panggodhaning lampah dosa utawi maksiat. Amiin.

بَارَكَ الله ُلِى وَلَكُمْ فِي اْلقُرْاَنِ اْلعَظِيمِ  وَنَفَعَنِى وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ الله ُمِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَهُ هُوَالسَّمِيْعُ اْلعَلِيْمِ

Khutbah II

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
وَنَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَلِيُّ الصَّالِحِيْنَ
وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ إِمَامُ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَأَفْضَلُ خَلْقِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ، صَلَوَاتُ اللهِ وَسَلاَمُهُ عَلَيْهِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِينَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى ، والتُّقَى ، والعَفَافَ ، والغِنَى
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

0 Comments: