PEDULI PALESTINA
Dening : Ust Slamet Abdurrahman
Khutbah I
الحَمْدُ لِلَّهِ نَاصِرِ اْلمُؤْمِنِيْنَ، خَاذِلِ الْكَافِرِيْنَ، مُعِزِّ اْلمُوَحِّدِيْنَ، وَفَاضِحِ اْلعُمَلَاءِ وَاْلمُنَافِقِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهَ وَحْدَهً، نَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ، وَهَزَمَ اْلأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لَا شَيْءَ قَبْلَهُ وَلَا شَيْءَ بَعْدَهُ، مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ اْلكَافِرُوْنَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ إِمَامَنَا وَقَائِدَنَا وَسَيِّدَنَا مُحَمَّداً رَسُوْلُ اللهِ، أَدَّى اْلأَمَانَةَ وَبَلَغَ الرِّسَالَةَ، وَنَصَحَ اْلأُمَّةَ وَكَشَفَ اْلغَمَّةَ وَجَاهَدَ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ حَتَّى أَتَاهُ اْليَقِيْنُ
وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ بْنِ عَبْدِ اللهِ إِمَامِ اْلمُجَاهِدِيْنَ، وَقَائِدِ اْلغِرِّ اْلمُحَجِّلِيْنَ، اْلمَبْعُوْثِ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ
وَالْمُؤْمِنُونَ وَالْمُؤْمِنَاتُ بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاء بَعْضٍ يَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنكَرِ وَيُقِيمُونَ الصَّلاَةَ وَيُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَيُطِيعُونَ اللّهَ وَرَسُولَهُ أُوْلَـئِكَ سَيَرْحَمُهُمُ اللّهُ إِنَّ اللّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Islam paring piwucal amrih kita peduli ing nasib sesami gesang, menapa malih tiyang ingkang nunggal iman Islam, tiyang ingkang mekaten langkung caket pasedherekanipun tinimbang sedherek jalaran keturunan. Rasulullah Muhammad SAW paring sabda:
مَنْ نَـفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ كُـرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا ، نَـفَّسَ اللهُ عَنْهُ كُـرْبَةً مِنْ كُـرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ، وَمَنْ يَسَّرَ عَلَـى مُـعْسِرٍ ، يَسَّـرَ اللهُ عَلَيْهِ فِـي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ
“Sopo wong kang nglonggar-ake sawiji susahe urusan donyanye wong Mukmin, mangka Allâh bakal nglonggar-ake ing dheweke sangka sawiji kasusahan ing dina Kiamat. Sopo wong kang mitulungi gawe gampange urusane wong kang kangelan, mangka Allâh Azza wa Jalla paring gampang ing dheweke sangka susahe urusan donya lan akhirat. (HR Muslim, Ahmad, lan liyane)
Saat menika wonten saweneh sehderek kita muslim ingkang nembe nandhang pacoban awrat, inggih bangsa Palestina ingkang dipun perangi dening militer penjajah zionis Israel. Sampun kathah korban ingkang dhumawah. Ing mawerni kabar dipun sebataken, watawis 1400 jiwa pejah dados korban, 6.200 warga nandhang ‘luka berat’, bangunan gedung cacahipun ewonan ambrol kenging gempuran rudal.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Ing jaman modern mekaten, kathah negari ageng ingkang ‘gembar-gembor’ ngajak njejegaken “hak asasi manusia” (HAM) lan ‘anti penindasan’, nanging kasunyatanipun taksih wonten negari ingkang dipun jajah lan pendudukipun katindhes, dipun ancam kawilujenganipun. Asring wonten penggusuran pemukiman penduduk lan pembunuhan kanthi cara brutal saking militer zionis Israel. Tujuan namung setunggal inggih menika kados pundi mbusak utawi ‘ngicali’ Palestina saking peta donya menika !
Mekaten wengis (kejem) tumindakipun zionis menika, sahingga sinten mawon ingkang sumerep, mesthi bakal rumaos miris, trenyuh lan ndamel tatu ing raos kamanungsanipun; salajengipun temtu bakal nglabuhi, mbela. Kejawi yen atinipun sampun mati rasa.
Yen biasanipun kita asring sumerep kathah demonstran ingkang merjuangaken tuntutan, para pejabat negara lan tokoh donya mekaten ‘getol’ gembar-gembor bab ‘HAM’, kados kulak lan dodolan ‘kebebasan’ (kamardhikan) utawi “persamaan hak.” Nanging nalikanipun wonten prastawa tragedi penindasan tumrap Bangsa Palestina ingkang gumelar ing sak-ngajengipun mripat, dumadakan sami “sakit gigi,’ kendel kados tiyang bisu; ibarat kewan sami ndhekem lan mboten kapireng suwantenipun; malah senajan lirih kados semut ugi mboten wonten ! Menopo tiyang-tiyang menika nganggep yen bangsa Palestina minangka “sanes manungsa” ingkang pantes dipun sirna-aken? Utawi menapa saestunipun Bangsa Israel lan bolonipun sampun mboten pantes sinebat minangka manungsa ingkang kedunungan nalar penggalih?
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Wonten saweneh tiyang ingkang gadhah pemanggih kanthi tembung sinis: “Ngopo awake dhewe kudu repot-repot melu nggatek-ake lan mikirake nasibe bangsa Palestina kang adohe ewonan kilometer sangka negarane dhewe? Opo kiwa-tengene dhewe - ing negarane dhewe iki wis ora ono wong sing perlu ditulungi, po? Negarane dhewe wae isih durung beres, kanggo opo melu-melu ngurusi negara liya?”
Temtu kemawon ing kanan kiring kita taksih wonten lan kathah ingkang perlu dipun biyantu. Nanging kahananipun rakyat Palestina menika linangkung sanget prihatos, tinimbang ingkang wonten ing Indonesia! Rakyat lan negarinipun dipun blokade (boikot), mawerni sumber pasokan “kebutuhan harian” saestu minim (cupet); wiwit saking air bersih, listrik, menapa malih sembako. Gedung, bangunan pelayanan umum ngalami porak poranda, pemukiman penduduk luluh lantak akibat dipun bombardir dening militer penjajah.
Kita kedah melek mbuka mripat mata lan njereng talingan. Kulak warta, adol pamireng. Kita kedah mangertos, pundi “berita ingkang leres”, lan pundi ingkang lepat (apus-apus) utawi namung hoax. Menapa malih saat menika dipun sebat minangka era digital; jagading informasi gampil dipun lacak saking mapinten sumber.. sampun ngantos kita namung dipun damel repot (sibuk) ing bab urusan remeh temeh ingkang tanpa piguna!
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Kenging menapa kita kedah peduli, wonten raos solidaritas dhumateng Palestina?
Pawadan utaminipun namung cekap setunggal mawon, inggih menika, “raos kamangnungsan”. Kita taksih miangka manungsa ingkang waras utawi normal. Nggadhahi raos, nalar lan penggalih. Namung tiyang ingkang ical nalar warasipun menawi mboten peduli kagem ndherek nyengkuyung nglabuhi Palestina.
Linangkung malih yen kita rumaos dados tiyang muslim, ing hadits kita dipun paringi pemut kanthi sabdanipun Rasulullah SAW :
مَثَلُ الْمُؤْمِنِينَ فِيْ تَوَادِّهِمْ وَتَرَاحُمِهِمْ وَتَعَاطُفِهِمْ مَثَلُ الْجَسَدِ إِذَا اثْتَكَى مِنْهُ عُضْوٌ تَدَاعَى لَهُ سَائِرُ الْجَسَدِ بِالسَّهَرِ وَالْحُمى
“Praumpaman kaum mukminin ing sajroning katresnan lan welas asih antarane sedulure, yaiku kayadene sawiji jasad (badan wadag), menawa sawiji perangan awak nandhang loro, mangka sakabehe awak bakal susah turu lan ngrasa panas” (HR Muslim)
Sedherek kita ing Palestina mboten namung sekedar sakit, nanging malah sampun ewonan jiwa ingkang dados korban dumugi ing pejah, nandhang tatu awrat sanak sedherekipun, lan ajur kebur negarinipun. Saat menika wancinipun ngetingalaken tandha bukti pasedherekan menika. Rasulullah paring sabda:
المُسْلِمُ أَخُو المُسْلِمِ، لاَ يَظْلِمُهُ، وَلاَ يَخذُلُهُ، وَلَا يَكْذِبُهُ، وَلَايَحْقِرُهُ.
“Wong muslim minangka sedulur tumrap muslim liyane. Mangka iku, dheweke ora kena tumindak zalim, nggawe nelangsa, ngapusi, lan ngina marang liyan”. (HR. Muslim)
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Tiyang iman nggadhahi tujuan gesang ingkang sami, inggih menika kagem dados kawula, manembah ngibadah dhumateng Allah, kathah tumindak maslahat, tulung tinulung ing kesaenan lan takwa; sanes kagem tulung-tinulung ing bab dosa lan memungsuhan..
وَتَعَاوَنُواْ عَلَى الْبرِّ وَالتَّقْوَى وَلاَ تَعَاوَنُواْ عَلَى الإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَاتَّقُواْ اللّهَ إِنَّ اللّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
“Lan supaya sira padha tulung tinulung ing perkara kabecikan lan takwa, lan ojo padha tulung tinulung ing perkara tumindak dosa lan memungsuhan. Lan takwa-o sira marang Allah, satemene Allah banget abot pasiksane .” (Qs. Al Maidah: 2)
Bab menika dipun tambah ing firman Allah SWT ing ayat sanes:
وَالْمُؤْمِنُونَ وَالْمُؤْمِنَاتُ بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاء بَعْضٍ يَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنكَرِ وَيُقِيمُونَ الصَّلاَةَ وَيُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَيُطِيعُونَ اللّهَ وَرَسُولَهُ أُوْلَـئِكَ سَيَرْحَمُهُمُ اللّهُ إِنَّ اللّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ ﴿٧١﴾
“Lan wong-wong iman, lanang lan wadon, siji kelawan liyane padha tulung tinulung. Wong-wong mau padha mrintahake ing laku becik, nyegah sangka laku mungkar, njejegake sholat, nindakake zakat, lan padha ta`at marang Allah lan Rasule. Wong-wong mau bakal pinaringan rahmat sangka Allah; satemene Allah Maha Prakosa lan Maha Wicaksana.” (Qs At taubah: 71)
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Salajengipun, menapa ingkang samesthinipun kita tindakaken? Sacara gampil lan langsung inggih menika:
Sepisan, kita saget mbiyantu kanthi ngathah-ngathahaken donga amrih panandhangipun bangsa Palestina dipun enthengaken, pinaringan tabah (tatag) ing jiwa raga salebeting ngadhepi pacoba menika.
Kaping kalih, kita saget paring penyuluhan (sesrepan) minangka edukasi tumrap masyarakat, khususipun umat Islam: ing wontenipun kahanan (fakta) panandhangipun bangsa Palestina ingkang jajah zionis Israel. Sampun ngantos malah tuwuh sikap apatis lan mboten pingin mangertos. Maksudipun amrih tambah kiyat penyengkuyungipun sacara moril lan materiil saking masyarakat umum.
Kaping tiga, ngempalaken (nggalang) dana masyarakat kagem ndherek andhil ngentheng-engthengi panandhangipun bangsa Palestina lumantar lembaga resmi ingkang kredibel. Kadosdene sadangunipun menika sampun dipun bangun Rumah Sakit lan sekolahan ingkang dipun galang saking donasi umat Islam Indonesia ing Palestina
Kaping sekawan, nyuwun dhumateng pemerintah Republik Indonesia amrih saget ndherek partisipasi aktif salebeting ndamel “keamanan donya” lan “perdamaian abadi” kadosdene kaserat inng pembukaan UUD 1945 nalika madegipun bangsa Indonesia
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Dene perkawis sanes ingkang perlu dipun emut tumrap umat Islam inggih menika: bilih ing Palestina dumunung Masjid Al-Aqsha ingkang minangka kiblat sepisanan umat Islam, lan ing masjid kasebat kanjeng Nabi SAW pikantuk mukjizat Isra’ Mi’raj ingkang akhiripun nampi wahyu shalat fardhu gangsal wekdal.
Pungkasan, bilih Masjid Al Aqsha minangka masjid kaping tiga ingkang dipun mulya-aken dening Allah, sahingga Rasulullah SAW paring dhawuh amrih kita ndadosaken minangka saweneh tujuan ziarah umat Islam kanthi mirunggan.
لَا تُشَدُّ الرِحَالُ إِلّا إِلى ثَلَاثَةِ مَسَاجِدَ مَسجِدِ الحَرَامِ وَ مَسجِدِ الأَفصَى وَ مَسجِدِي هذَا
“Lelungan iku ora didhawuhake kanthi banget kejaba tumuju marang masjid telu, yaiku: Masjidil Haram, Masjid Al Aqsha kan Masjidku iki. (HR. Bukhari-Muslim)
Mekaten atur khutbah Jumat siang menika, mugi saget nambahi sesrepan ing bab tangge jawab kita umat Islam sesarengan minangka umat Islam. Mugi-mugi saget paring pitulung lan pambiyantu kagem ngentheng-enthengi sedherek kita muslim ing Palestina.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ الله مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَاالسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَالصَّلاَةُ وَ السَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ،
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا .اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ، فَيَاقَاضِيَ اْلحَاجَاتِ. اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
أَللَّهُمَّ أَعِزِّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُبْتَدِعَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ أَعْدَائَكَ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ
اللَّهُمَّ عَلَيْكَ بِالْيَهُودِ الْمُعْتَدِيْن الَّذِيْنَ قَتَلُوا إِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ فِيْ فِلِسْطِيْن، اللَّهُمَّ عَلَيْكَ بِهِمْ فَإِنَّهُمْ لاَ يُعْجِزُونَكَ، اللَّهُمَّ شَتِّتْ شَمْلَهُمْ وَفَرِّقْ جَمْعَهُمْ وَاجْعَلِ الدَّائِرَةَ عَلَيْهِمْ، اللَّهُمَّ أَحْصِهِمْ عَدَداً وَاقْتُلْهُمْ بَدَداً وَلاَ تُغَادِرْ مِنْهُمْ أَحَداً، اللَّهُمَّ أَنْزِلْ عَلَيْهِمْ وَعَلىَ مَنْ عَاوَنَهُمْ بَأْسَكَ الَّذِي لاَ يُرَدُّ عَنِ الْقَوْمِ الظَّالِمِيْن
اللَّهُمَّ أَنْجِ إِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْن الْمُسْتَضْعَفِيْنَِ فِيْ فِلِسْطِيْنَ، اللَّهُمَّ الْطُفْ بِهِمْ وَارْحَمْهُمْ وَأَخْرِجْهُمْ مِنَ الضِّيْقِ وَالْحِصَارِ، اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنْهُمُ الشُّهَدَاءَ وَاشْفِ مِنْهُمُ الْمَرْضَى وَالْجَرْحَى، اللَّهُمَّ كُنْ لَهُمْ ولاَ تَكُنْ عَلَيْهِمْ فَإِنَّهُ لاَ حَوْلَ لَهُمْ وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ بِكَ
اللَّهُمَّ انْصُرِ الْمُجَاهِدِيْنَ فِيْ فِلِسْطِيْنَ اللَّهُمَّ انْصُرْهُمْ عَلَى الْيَهُوْدِ وَمَنْ عَاوَنَهُمْ مِنَ الْكُفَّارِ وَالْمُنَافِقِيْنَ، اللَّهُمَّ سَدِّدْ سَهْمَهُمْ وَوَحِّدْ صُفُوْفَهُمْ وَاجْمَعْ كَلِمَتَهُمْ عَلَى الْحَقِّ يَا حَيُّ يَاقَيُّوْمُ
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
0 Comments: