PANGEJAWANTAHING HIJRAH
Dening: Ust Ahmad Faisal
Khutbah I
اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْن، وَالعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
فَيَا اَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
قَالَ الله تَعَالَى أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ إِنَّ الَّذِيْنَ آمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللهِ أُولَئِكَ يَرْجُوْنَ رَحْمَةَ اللهِ وَاللهُ غَفُوْرٌ رَحِيْمٌ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Panggesangan menika tansah lumampah majeng tumuju tatanan gesang ingkang langkung enggal, lan ingkang mekaten sampun dados garis takdir utawi sunnatullah. Kita sami nyekseni kados pundi tatanan lan “peradaban” umat manungsa cepet ngalami ewah-ewahan, saking tata lampah adat tradisional agraris, dados tatanan modern industri lan sakmenika mlebet ing zaman informasi digital. Sawernaning kabetahan umat manungsa saget dipun rampungi kanthi cepet sanget !
Ingkang mekaten saget kita bandingaken ing mapinten perkawis, wiwit saking sarana transportasi lan komunikasi, jenis pangupajiwa (pedamelan), budaya lan “gaya hidup” masyarakat. Katahing ‘inovasi teknologi’ saget ngasilaken fasilitas lan sarana ingkang tansaya ndamel gampil lan sekecanipun gesang manungsa.
Ewa semanten, bobot ajining gesang manungsa menika mboten namung dipun ukur saking gelar tata lair kemawon, kados umpami kathahing arta bandha, sarwa lelumban ing moncering gesang kadonyan; nanging kados pundi saget nambah harkat lan martabat minangka manungsa ingkang luhur kebak kamulyan, lan ugi piguna tumrap sesami. Ing piwucal Islam, ajining kamulyan gesang menika dipun ukur saking boboting raos takwa, sanes saking kathahing arta bandha kasugihan, inggilipun kalenggahan, utawi kathahipun pendherek.
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِندَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ
“Satemene wong kang paling mulya ing antarane sira kabeh ing ngersane Gusti Allah yaiku wong kang paling takwa ing antarane sira. Satemene Allah Maha Priksa lan Maha Ngawuningani.” (Qs. Al Hujurat: 13)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Islam paring piwucal amrih gesang kita menika tansah dipun enggalaken grengseng utawi tekad ipun, lan sampun ngantos ‘nglokro’ jalaran kahanan ingkang dipun adhepi. Kita kedah nggadhahi raos emut kagem nindak-aken pepacak dhiri (islahun nafs). Allah SWT paring pemut bilih nasib utawi lelampahan gesang saben tiyang menika mboten bakal ngalami owah gingsir sahingga dhiri pribadhi tiyang menika piyambak ingkang nindak-aken owah-owahan (pepacak dhiri). Bab menika sampun kagarisaken ing firman Allah:
إِنَّ اللّهَ لاَ يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتَّى يُغَيِّرُواْ مَا بِأَنْفُسِهِمْ وَإِذَا أَرَادَ اللّهُ بِقَوْمٍ سُوءاً فَلاَ مَرَدَّ لَهُ وَمَا لَهُم مِّن دُونِهِ مِن وَالٍ ﴿١١﴾
“Satemene Gusti Allah ora bakal ngowahi kahananing sawiji kaum sahingga dheweke ngowahi apa kang ono ing pribadhine dhewe. Lan menawa Allah ngersa-ake paring bebendu olo tumrap sawiji kaum, mangka ora ono kang bisa nolak, lan babar pisan ora ono pangayom tumrap kaum iku kejaba Panjenengane Allah.” (Qs. Ra’du: 11)
Owah-owahaning kahanan dhiri ingkang dipun maksud inggih menika perkawis penggalih (pola pikir), utawi mindset ! Sebab sedaya wujud tumindak lan owah-owahaning sedaya lelampahan ing gesang menika dipun dayani saking mobah mosikipun nalar penggalih umat manungsa ingkang lajeng ngobahaken pepinginan lan tumindak nyata.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Sayidina Ali bin Abi Thalib r.a. ngendika:
مَنۡ كَانَ يَوۡمُهُ خَيۡرًا مِنۡ اَمۡسِهِ فَهُوَ رَابِحُ. وَمَنۡ كَانَ يَوۡمُهُ مثل اَمۡسه فهو مَغۡبُون. ومَن كان يومه شَرًّا مِنۡ امسه فهو مَلۡعُون
“Sopo wong kang dina iki luwih becik tinimbang wingi, mangka dheweke klebu wong kang bejo. Sopo wong kang dina iki padha kelawan dina wingi, dheweke klebu wong kang rugi, sopo wong kang dina iki luwih olo kelawan dina wingi dheweke klebu wong kang antuk laknat.” (Sayidina Ali bin Abi Thalib r.a.)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Tekad kagem pepacak (mepaes) dhiri amrih saklangkung sae ingkang mekaten saget jumbuh kagem dipun uri-uri kagem miwiti kita mlebet ing taun enggal hijriyah saat menika, inggih amrih kita hijrah (pindah) saking setunggal kahanan kapengker ingkang awon tumuju kahanan mbenjang ingkang kebak kesaenan lan pangajeng-ajeng.
Kita perlu sinau saking lampahipun dakwah Rasulullah SAW lan para sahabat nalika nindak-aken hijrah, mboten jalaran mligi namung kagem pados panggesangan kadonya. Nanging anggeinipun hijrah jalaran dipun mengsahi lan dipun ancam kasugengan jiwa raganipun, namung jalaran ajak-ajak ing umat manungsa supados saget iman lan nglampahi gesang midherek syariat Allah. Panjenenganipun Rasulullah SAW kaliyan para sahabat kedah nilaraken kutha lan negari minangka papan kelairan ingkang sanget dipun tresnani inggih Mekkah; hijrah tumuju Yatsrib.
Kasunyatan ingkang dipun panggihi nalika hijrah saestu eram, ndamel raos kejot ing penggalih. Nalika ing Mekkah dipun mengsahi lan dipun ancam tiyang kafir, nanging nalika dumugi ing Yatsrib justru dipun pahargya kanthi supeket ‘antusias’ dening penduduk ipun, lan nampi pakurmatan; salajengipun justru tansaya ngrembaka cepet sanget.
Kahanan ingkang kados mekaten temtu ndadosaken tiyang kafir sami nandhang raos kaget, jalaran sumingkiripun Nabi lan para sahabat saking dalemipun kampung halaman (tanah air) mboten ndadosaken sami nandhang sangsara lan sirna tamat riwayatipun, nanging justru malah dados ‘wasilah’ piyambakipun pikantuk papan dunung ingkang langkung jembar lan kiyat.
Kahanan ingkang mekaten dados bukti wontenipun jaminan saking Allah ing dhawuh firmanipun tumrap tiyang ingkang hijrah:
وَمَن يُهَاجِرْ فِي سَبِيلِ اللّهِ يَجِدْ فِي الأَرْضِ مُرَاغَماً كَثِيراً وَسَعَةً
“Sopo wong kang hijrah ing dalane Allah, yekti dheweke bakal nemu ing salumahing bumi dadi papan panggonan kang jembar lan rejeki kang akeh..” (Qs An-Nisa’: 100)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Hijrah namung mujudaken pindahing raga ingkang sipat gelar tata lair, saking papan setunggal tumuju papan sanesipun; naning pindhahipun pindhah saking setunggal kahanan tumuju kahanan saesipun ingkang langkung sae.
Hijrah ing tataran makna batiniah mekaten dhedhasar saking hadits Nabi SAW ingkang dipun riwayataken dening Abdullah bin Umar:
المُسْلِمُ مَن سَلِمَ المُسْلِمُونَ مِن لِسَانِهِ ويَدِهِ، والمُهَاجِرُ مَن هَجَرَ ما نَهَى اللَّهُ عنْه
"Sawijining muslim yaiku wong kang nylametake wong muslim liyane sangka (bebayaning) lisan tangane. Lan wong kang hijrah yaiku wong kang ninggalake sakabehe perkara (HR Bukhari)
Kang Dhedhasar hadits menika kita saget mangertos bilih hijrah ngemu teges ndadosaken tiyang kagungan lampahkapribaden ingkang langkung sae kanthi nebihi perkawis ingkang dipun awisi dening Allah SWT. Allah ugi paring dhawuh dhumateng sedaya kawulanipun supados hijrah kanthi nebihaken dhiri saking sedaya perkawis ingkang awon.
وَالرُّجْزَ فَاهْجُرْ
”Lan sakabehe tumindak dosa (ino), padha tinggalno!” (Qs. Al-Muddatstsir : 5)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Hijrah ing tataran mental spiritual (maknawiyah) nyakup perkawis ingkang saestu wiyar, inggih tumindak ingkang jumbuh kaliyan kersanipun Allah SWT. Inkang mekaten saget wujudipun nebihaken dhiri saking pakulinan awon, nistha utawi dosa, pindah lan gantos tumuju pakulinan ingkang lihur lan pinuji; pindah lan owah saking lampak syirik tumuju dhumateng iman tauhid, nilar lampah kufur tumuju dhumateng iman, nyingkiri lampah maksiat kagem mindherek tumindak taat, lan tumindak sanes ingkang kebak maslahat.
Lampahing Hijrah nembe bakal kita tampi raosipun nalika dipun tindak-aken kanthi golong gilig (totalitas) ingkang nyakup sekawan perkawis, inggih menika:
1️⃣. I’tiqadiyah (keyakinan); minangka ideologi (prinsip) tauhidiyah satunggaling muslim. Iman ingkang resik saking wujud kesyirikan lan ibadah namung mligi ikhlas kalaran Allah swt. Tanpa dipun campuri kaliyan unsur takhayul, khurafat, bid’ah lan keyakinan warisan para nenek moyang leluhur ingkang mboten tinemu ing akal utawi tanpa dhasar paugeran piwucal ingkang gumathok.
2️⃣. Fikriyah (pemikiran); inggih nalar penggalih ingkang dhedhasar wahyu utawi dalil ingkang shahih, sanes cara pemikiran liberal (bebas) ingkang namung nengenaken pintering akal, nalar penggalih ingkang ngawur. Tujuan pokoipun inggih kados pundi saget manggihaken piwucal lan sesrepan ingkang leres sacara hakiki minangka pandom gesang ingkang jejeg.
3️⃣. Syu’uriyah (perasaan); ati ingkang dipun isi kanthi panjangka ingkang luhur mulya, ingkang arahipun amrih saget mawujud bingahing ati lan tentreming jiwa. Mboten namung kagem pados karemenan ing wekdal sigeg, pepinginan receh lan ino namung kangge nuruti godhaning hawa nepsu.
4️⃣. Sulukiyah, inggih menika tindak lampah Islami ingkang dhedhasar syariat minangka pepaesing dhiri anggenipun tumindak ing sadhengah wekdal lan kawontenan.
Sedaya menika nembe bakal ketingal hasilipun lan saget dipun raosaken menawi dipun leksana-aken kanthi tindak lampah ingkangnyata, senadyan saking perkawis alit lan prasojo (sepele).
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Mekaten menika pangejawantahing hijrah ingkang kedah dipun lampahi kanthi sampurna, ingkang sedaya menika namung kangge ngupadi ridhonipun Allah ta’ala; sebab menawi kecalan salah saweneh (sahingga) mboten mboten jangkep, menika saget dados pepalang tumurunipun rahmat Allah tumrap kita sedaya.
إِنَّ الَّذِيْنَ آمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللهِ أُولَئِكَ يَرْجُوْنَ رَحْمَةَ اللهِ وَاللهُ غَفُوْرٌ رَحِيْمٌ
“Satemene wong-wong kang padha iman, lan wing-wong kang padha hijrah lan jihad ing dalane Allah, dheweke iku kang padha ngarep-arep antuk rahmat Allah. Allah Maha Paring ngapura, Maha Welas asih” (Qs. Al Baqarah ayat : 218)
Mekaten atur khutbah ing siang menika, mugi mbekta manfaat. Amiin
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ، وَاْلعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلَّا عَلىَ الظَّالِمِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، الملِكُ اْلحَقُّ اْلُمبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اْلَمبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالمِيْنَ.
فَيَاأَيُّهاَالْإِخْوَانُ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا .اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ :إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ
0 Comments: