Nyawiji Golong Gilig Mbangun Negeri Dening: Ust Abdul Hakim Khutbah I اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْح...

Nyawiji Golong Gilig Mbangun Negeri Nyawiji Golong Gilig Mbangun Negeri

Nyawiji Golong Gilig Mbangun Negeri

Nyawiji Golong Gilig Mbangun Negeri


Nyawiji Golong Gilig Mbangun Negeri
Dening: Ust Abdul Hakim

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللَّهِ شَهِيداً  .أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.
اَللهُمَّ صَلِّ وَسَلّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، اُوْصِيْكُمْ وَاَيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَقُلِ ٱعْمَلُوا فَسَيَرَى ٱللَّهُ عَمَلَكُمْ وَرَسُولُهُۥ وَٱلْمُؤْمِنُونَ ۖ وَسَتُرَدُّونَ إِلَىٰ عَٰلِمِ ٱلْغَيْبِ وَٱلشَّهَٰدَةِ فَيُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ
 
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,,
Kamardhikan negari kita menika saestu awis ajinipun, jalaran kangge nggayuh bab menika bangsa kita kedah nyrantos sadangunipun 3½ abad. Kamadhikan menika mboten namung dipun tengga kanthi jagongan lenggah sekeco sinambi ngobrol utawi ngalamun; nanging kedah dipun lampahi kanthi perjuangan lan pangorbanan ingkang mboten saget dipun ukur ajinipun, menapa kanthi wujud arta bandha, jiwa  utawi raga.

Bangsa kita menika mawujud saking mepinten suku, budaya, adat istiadat lan agama. Kasileipun saget ndamel majeng lan makmuraken bngsa kedah kanthi syarat wontenipun nyawiji lan manunggalipun bangsa. Kadosdene perjuangan ingkang sampun njalari kathahing korban mboten saget dipun wilang cacahipun, kamardhikan kita namung saget dipun gayuh nalika bangsa kita manunggal golong gilig.

Kita sampun pikantuk kathah piwucal ingkang agung maknanipun saking sejarah madegipun negari ingkang kita tresnani menika. Nalika ngadhepi panindhesing penjajah kanthi nglawan ingkang sipatipun lokalitas utawi tlatah alit, tansah gampil kalindhih kawon lan nandhang gagal. Allah swt paring firman,

وَاعْتَصِمُواْ بِحَبْلِ اللّهِ جَمِيعاً وَلاَ تَفَرَّقُواْ وَاذْكُرُواْ نِعْمَتَ اللّهِ عَلَيْكُمْ إِذْ كُنتُمْ أَعْدَاء فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِكُمْ فَأَصْبَحْتُم بِنِعْمَتِهِ إِخْوَاناً وَكُنتُمْ عَلَىَ شَفَا حُفْرَةٍ مِّنَ النَّارِ فَأَنقَذَكُم مِّنْهَا كَذَلِكَ يُبَيِّنُ اللّهُ لَكُمْ آيَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُونَ ﴿١٠٣﴾
“Lan sira padha gegondhelano marang tali (agamane) Allah, lan sira ojo padha crah pecah belah, lan elinga sira ing nikmat Allah tumrap sira nalika sira mbiyen (jaman Jahiliyah) padha memungsuhan,  mangka Allah manunggalake atinira, banjur kanthi nikmate Allah sira dadi paseduluran, lan sira wis dumunung ono ing pinggiring jurang neraka, banjur Allah nylametake sira saka jurang iku. Mengkono iku Allah nerangake  ayat-ayate tumrap sira, amrih sira antuk pituduh.” (QS Ali Imran [3]: 103).
 
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,,
Nalika paitipun gesang kasandhang mekaten panjang, akhiripun nuwuhaken raos senasib sepenanggungan minangka bangsa ingkang katindhes dening penjajah, pramila lajeng ndadosaken raos betah tumrap sesarengan nyawiji tulung tinulung nglawan saking belengguning penjajah.

Allah saestu remen ing perjuangan kanthi cara nyawiji lan dipun ripta kanthi rapi. Kadosdene firmanipun Allah;

إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الَّذِينَ يُقَاتِلُونَ فِي سَبِيلِهِ صَفّاً كَأَنَّهُم بُنيَانٌ مَّرْصُوصٌ ﴿٤﴾
Satemene Allah tresna marang wong-wong kang padha berjuang ing dedalane Allah kanthi runtut kaya-kaya minangka sawijining bangunan kang rinengga kanthi bakoh. (Qs. Ash Shaf: 4)

Kados pundi caranipun ndadosaken mawujudipun amrih bangsa saget nyawiji lan manunggal ing alam kamardhikan saat menika?

Kita perlu tumindak kanthi lampah nyata ing salebeting gesang padintenan kita. Ing antawisipun amrih saget njagi raos utawi penggalihipun para tetiyang ing kanankiring ingkang kita srawungi, kadosing kulawarga, tangga tepalih, lan sedaya tiyang ingkang kita panggihi., malah ugi kelompok masyarakat, organisasi utawi suku bangsa pundi kemawon ingkang benten budaya menapa dene adat istiadat.
 
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,,
Ing salebeting hadits saking Sahabat Abu Hurairah r.a., Nabi SAW paring piwucal kados pundi resep kagem njagi amrih saget nyawiji:

لاَ تَحَاسَدُوا وَلاَ تَنَاجَشُوا وَلاَ تَبَاغَضُوا وَلاَ تَدَابَرُوا وَلاَ يَبِعْ بَعْضُكُمْ عَلَى بَيْعِ بَعْضٍ وَكُوْنُوا عِبَادَ اللهِ إِخْوَاناً. الْمُسْلِمُ أَخُو الْمُسْلِمِ لاَ يَظْلِمُهُ وَلاَ يَخْذُلُهُ وَلاَ يَكْذِبُهُ وَلاَ يَحْقِرُهُ
‘Sira ojo padha laku dengki, ngapusi, sesengitan, ngadoh (nyingkur), lan ojo tuku barang kang wis dipingini wong liya. Lan dadi-o sira kabeh kawulane Allah kang padha paseduluran. Wong Muslim minangka sedulur tumrap Muslim liyane, mangka ora kena laku zalim, glirwa-ake, ngapusi lan ngasorake” (HR Muslim).

Bab menika dipun tambah kanthi hadits sanes saking Sahabat Anas r.a. :

لاَتَقَا طَعُوا وَلاَتَدَا بَرُوا وَلَاتَبَا غَضُوا وَلاَتَحَا سَدُوا، وَكُونُواعِبَادَ اللهِ إخْوَانًا ، وَلاَيَحِلُّ لِمُسْلِمٍ أنْ يَهْجُرَ أخَاهُ فَوْقَ ثَلاَثٍ . مُتَّفَقٌ عَلَيْهِ
“Sira ojo medhot pesrawungan, ojo ngungkuri, ojo nyengiti, ojo dengki. Dadi-o sira kawulane Allah kang paseduluran, ora kena sawijining wong Muslim medhot pesrawungan sedulur Muslim luwih saka  telung dina.’” (Muttafaqun ‘alaih)

Hadits menika nadhesaken bilih kita kedah tansah njagi raos penggalihipun sedherek setunggal lan sanesipun, mboten dengki-srei menawi wonten sedherek sanes nampi nikmat kesaenan, mekaten ugi mboten ngino tiyang muslim sanes ingkang nandhang kekirangan utawi kahanan sarwa cupet ingkang kadonyan sanesipun.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,,
Nyawiji utawi kemanunggalan minangka kunci satunggaling lampah sukses. Sawijining kulawarga ingkang manunggal nyawiji lan kebak raos asih tresna bakal saget mawujudaken suasana kulawarga ingkang ayem tentrem lan kebak ing raos kabingahan. Organisasi ingkang bakoh lan njejegaken paugeran (tatatertib) organisasi bakal saget mggayuh tujuan utawi visi/misinipun kanthi sae. Mekaten ugi satunggaling negari ingkang golong gilig nyawiji, taat lelandhesan hokum lan undang-undang minangka janji prasetya luhur madegipun negari, katambah raos tresna ing bangsa lan negari, mesthi bakal saget nggayuh satunggaling tatanan negari ingkang mandhireng, bakoh lan saget ngasilaken panjagkanipun minangka bangsa ingkang gemah ripah loh jinawi, tata titi tentrem karta raharja.

Saat menika kita nampi warisan kamardhikan menika, mesthinipun nggadhahi tanggel jawab ingkang saestu agung ingkang kedah dipun jagi, dipun rumat lan dipun isi. Kasunyatanipun, bangsa Indonesia menika mayoritas ngrasuk agami Islam, sahingga kita nggadhahi kuwajiban langkung ageng kagem caos sumbangsih lan paring bukti ing piwucaling Islam ingkang ‘rahmatan lil ‘alamin’, lan amrih kita nggadhahi kalenggahann utawi sumbangsih salebeting nderek mbangun bangsa lan ngisi kamardhikan menika.
 
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,,
Kita sedaya nggadhahi kalenggahan ingkang sami ing ngersanipun Allah ta’ala, ingkang ndamel benten namung bab takwanipun mawon. Saking kathahing kelompok masyarakat utawi suku bangsa, kita dipun dhawuhi sami pesrawungan, amrih saget tulung-tinulung. Allah sampun paring dhawuh:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّا خَلَقْنَاكُم مِّن ذَكَرٍ وَأُنثَى وَجَعَلْنَاكُمْ شُعُوباً وَقَبَائِلَ لِتَعَارَفُوا إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِندَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ ﴿١٣﴾
He umat manungsa, yekti Ingsun Allah wis nyipta sira kabeh kedaden sangka sawijining wong lanang lan wong wadon, lan ndadek-ake sira dadi mapira-pira bangsa lan suku amrih sira pada srawung. Satemene wong kang paling mulya ing antarane sira mungguhing Allah yaiku kang paling takwa ing antarane sira. Satemene Allah Maha Priksa lan Maha Kuwasa.” (Qs. Al Hujurat: 13)

Kita sedaya nggadhahi kalenggahan ingkang sami, tugas lan kuwajiban ing salebeting negari menika. Pramila kita kedah saget njagi kahanan amrih tetep kondusif lan kajamin stabilitas katentreman masyarakatipun. Allah paring pemut ing dhawuh firmanipun:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا يَسْخَرْ قَومٌ مِّن قَوْمٍ عَسَى أَن يَكُونُوا خَيْراً مِّنْهُمْ وَلَا نِسَاء مِّن نِّسَاء عَسَى أَن يَكُنَّ خَيْراً مِّنْهُنَّ وَلَا تَلْمِزُوا أَنفُسَكُمْ وَلَا تَنَابَزُوا بِالْأَلْقَابِ بِئْسَ الاِسْمُ الْفُسُوقُ بَعْدَ الْإِيمَانِ وَمَن لَّمْ يَتُبْ فَأُوْلَئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ ﴿١١﴾
“He wong kang padha iman, sira ojo ngolok-olok (ngina) kaum kang liyane, jalaran bisa kedaden menawa wong liya iku luwih becik tinimbang ing dheweke; lan para wanita ojo ngolok-olok (ngina) marang wanita liyane, jalaran bisa kedaden wanita-wanita mau luwih becik tininbang dheweke (kang ngina), lan sira ojo ngina marang awakira dhewe, lan sira ojo weneh peparab (jeneng) kanthi peparab kang olo. Yekti jeneng kang paling olo yaiku jeneng sawise iman, lan sopo wong kang ora mertobat , mangka dheweke klebu golongane wong kang zalim. (Qs al Hujurat: 11)
 
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,,
Majengipun bangsa lan negari kita namung kelampah mawujud menawi sedaya rakyatipun saget ngaturaken sumbangsih kagem bangsanipun lumantar kabisan, tugas lan kalenggahan utawi profesinipun piyambak-piyambak. Bab mekaten sampun kadhawuhaken ing kita sedaya:

قُلْ يَا قَوْمِ اعْمَلُواْ عَلَى مَكَانَتِكُمْ إِنِّي عَامِلٌ فَسَوْفَ تَعْلَمُونَ مَن تَكُونُ لَهُ عَاقِبَةُ الدِّارِ إِنَّهُ لاَ يُفْلِحُ الظَّالِمُونَ ﴿١٣٥﴾
Kandhakno: "He kaumku, padha makarya-o sira miturut kabisanira dhewe-dhewe, satemene ingsun uga makarya. Ing tembe sira bakal mangerti , sopo ing antarane awake dhewe kang bakal antuk bebathen kang becik ing ndonya iki. Satemene wong-wong kang laku zalim iku ora bakal antuk kabegjan.” (Qs. Al an’am: 135)

Kita sedaya saget nderek andil kagem majengaken lan ndamel kuncaranipun bangsa kita. Wonten saperangan miangka petani, pedagang, wirausaha, seniman, utawi olahragawan. Mekaten ugi wonten profesi guru, pegawai negeri utawi swasta, pejabat pemerintah, politisi ingkang lenggah ing parlemen. Masyarakat kota utawi desa, sedaya kedah nderek “obah” gumregah ngetingalaken grengsengipun kagem nderek andil caos sumbangsih dhumateng negari.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,,
Rancangan kagem ngisi kamardhikan lan mbangun negari menika dipun wujudaken kanthi ndamel struktur pemerintahan ingkang dipun pilih lumantar sistem “pemilihan umum” ingkang bakal nemtok-aken para pejabat ingkang lenggah ing kursi legislatif (DPR) utawi eksekutif (pemerintahan).

Sedaya putra-putri ing negari kita nggadhahi “kesempatan ingkang sami kagem tindak majeng lan “tandhing” kagem ngetingalaken kabisan utawi kapinteranipun. Wonten ugi lumantar proses rekrutmen ing wujud “seleksi terbuka” ingkang bakal nglenggahi pos-pos penting kanthi  syrat standar kompetensi lan keahlian khusus.

Sumangga kita sami gegancangan ing tumindak kesaenan. Sumangga kita sami-“fastabiqul khairat”. Sedaya putra-putri bangsa kedah dipun ajak lan diparingi kesempatan kagem tuwuh lan ngrembaka. Ampun ngantos dipun lirwa-aken, lan ampun ngantos dipun tilar. Kita menika mapan ing perahu ageng ingkang sami, inggih perahu kanthi tenger “negeri Indonesia”.

Ampun nggadhahi raos, bilih namung dhiri kita piyambak ingkang paling sembada saget mrantasi kagem ngurus negari menika. Ampun nggadhahi raos bilih kita piyambak ingkang paling mangertos lan paling leres tumrap menapa ingkang kita tindak-aken.

Ampun nggadhahi raos bilih kita piyambak ingkang paling hebat, dene pihak sanes dipun anggep asor lan mboten nggadhahi syarat kagem nderek mbangun negari.

Mekaten atur khutbah Jumat siang menika, mugi-mugi kita saget njagi manungal lan nyawijinipun bangsa, tansaya bakon ukhuwah Islamiyah ipun, lan saget caos sumbangsih kagem majengipun bangsa lan negari kita. Amiin
 
بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ

Khutbah II

اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ، وَاْلعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلَّا عَلىَ الظَّالِمِيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ نَبِيِّناَ مُحَمَّدٍ وَعَلىَ الِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، الملِكُ اْلحَقُّ اْلُمبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اْلَمبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالمِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ
فَيَاأَيُّهاَالْإِخْوَانُ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَلَّلهُمَ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ، اَلأَحْيَاِء مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ  مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ، فَيَاقَاضِيَ اْلحَاجَاتِ.
اَلَّلهُمَ إِنَّانَسْأَلُكَ اْلهُدَى وَالتُّقَى وَاْلعَفَافَ وَاْلغِنىَ.
رَبَّناَ هَبْ لَناَ مِنْ أَزْوَاجِناَ وَذُرَّيَّاتِناَ قُرَّةً أَعْيُنٍ وَاجْعَلْناَ لِلْمُتَّقِيْنَ إِمَاماً.
رَبَّناَ لاَ تُزِغْ قُلُوْبَناَ بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَناَ وَهَبْ لَناَ مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ اْلوَهَّابُ.
رَبَّناَاٰتِناَ فِي الدُّنْياَ حَسَنَةً وَفِى اْلأٰخِرَةِ حَسَنَةً وَقِناَ عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ اْلعَزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلىَ اْلمُرْسَلِيْنَ، وَاْلحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ .
عِبَادَ اللهِ :إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ

0 Comments: