Lakune Tresna Marang Nabi SAW Dening: Ust Rahmat Abdullah Khutbah I اَلْحَمْدُ لِلّهِ اَلذِي بَعَثَ رَسُـوْلَهُ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَ...

Lakune Tresna Marang Nabi SAW Lakune Tresna Marang Nabi SAW

Lakune Tresna Marang Nabi SAW

Lakune Tresna Marang Nabi SAW


Lakune Tresna Marang Nabi SAW
Dening: Ust Rahmat Abdullah

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلّهِ اَلذِي بَعَثَ رَسُـوْلَهُ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ لِتَتْمـِيْمِ مَكَارِمَ اْلأَخْـلاَقِ. اَشْـهَدُ اَنْ لآ اِلهَ اِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَشَـرِيْكَ لَهُ اَلْمَلِكُ الْخَلاَّقُ, وَاَشْـهَدُ اَنَّ سَـيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُـوْلُهُ شَـهَادَةً تُنْجِى قَائِلَهَا مِنْ عَذَابِ يَوْمِ التَّلاَقِ. اَللَّهُمَّ صَـلِّ وَسَـلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْعَرَبِ وَالْعَجَمِ عَلَى اْلإِطْلاَقِ, وَعَلَى آلِهِ وَصَـحْبِهِ وَمَنْ آمَنَ بِهِ وَاَحَـبَّهُ وَاشْـتَاقْ.
أَمَّا بَعْدُ: أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَهُوَ رَبُّ الْفَلَقِ إِلَى يَوْمِ التَّلاَقِ. قَالَ اللَّهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Saat menika kita lumebet ing wulan Rabiul Awal, wulan lahir utawi miyosipun satunggaling piyantun ingkang luhur lan pinilih dening Allah SWT, inggih menika Rasulullah Muhammad SAW. Pramila kita minangka umatipun, saestu wajib ngaturaken raos syukur ingkang tanpa pepindhan, jalaran lahiripun Rasulullah SAW mujudaken nikmat ingkang agung.

Ing antawisipun raos syukur awit lahiripun Rasulullah SAW ing ndonya menika, kados dipun serat ing Al-Qur'an inggih menika kanthi ngetingalaken raos gumbira. Allah SWT paring firman:

قُلْ بِفَضْلِ اللَّهِ وَبِرَحْمَتِهِ فَبِذَٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوا هُوَ خَيْرٌ مِمَّا يَجْمَعُونَ
"Kandhakno, kanthi nugraha lan rahmat Allah prayoga wong-wong kabeh padha gumbira. Iku luwih becik sangka apa wae kang bisa dikumpulake (sangka kasenengan donya)". (Yunus: 58)

Menapa ingkang dipun maksud kanthi rahmat ing ayat menika? Sahabat Abdullah Ibnu Abbas r.a. nafsiraken ayat kasebat kanthi mekaten gamblang: Bilih ingkang dipun maksud kanthi nugraha, ngelmu lan rahmatipun Allah inggih mneika kanjeng Nabi Muhammad saw. Allah SWT sampun paring firman:

وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِّلْعَالَمِينَ
“Lan Ingsun Allah ora ngutus sira (Muhammad), kejaba mung minangka dadi rahmat tumrap saisining jagat raya” (Qs. Al-Anbiya: 107)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Kita wajib sami gumbira lan tresna dhumateng kanjeng Nabi SAW jalaran kanthi lantaran panjenenganipun saget mangertos piwucal Islam, manggihaken bebener hakiki lan mboten nandhang sasar ing gesang.

Lan setunggaling perkawis ingkang sanget wigatos inggih menika, Rasulullah SAW saestu tresna dhumateng umatipun. Salah satunggaling  bukti tresnanipun kanjeng Nabi inggi menika ketingal ing saweneh sabdanipun:

لِكُلّ نَبِيٍّ دَعْوَةٌ مُسْتَجَابَةٌ فَتَعَجَّلَ كُلُّ نَبِيٍّ دَعْوَتَهُ وَإِنِّي اخْتَبَأْتُ دَعْوَتِيْ شَفَاعَةً لِأُمَّتِيْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ (رَوَاهُ مُسْلِمٌ)
"Saben nabi nduweni kesempatan donga kang dikabulake (mustajab), mangka kabeh nabi wis padha nyuwun kanthi dongane, dene ingsun (Nabi) nyimpen dongaku minangka syafa’at (pitulung) kanggo umatku besok ing dina kiamat" (HR Muslim).

Mekaten ageng katresnanipun kanjeng Nabi tumrap umat, sahingga “Hak donga ingkang mustajab” tumrap kanjeng Nabi SAW menika dipun paringaken tumrap umatipun, minangka syafaat (pitulungan) benjang ing dinten kiamat. Subhanallah.. saestu ndamel bingah tumrap kita sedaya minangka umatipun !

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Kita perlu nglatih diri kados pundi caranipun tresna dhumateng kanjeng Nabi. Kita perlu sinau lan nggladhi kanthi “ngulina-aken” kados pundi saget saestu tresna ing Nabi. Jalaran wonten satunggaling hadits ingkang nyebataken bilih iman kita dereng dipun anggep leres menawi dereng saget nresnani kanjeng Nabi kanthi sampurna, malah tresna ingkang “nglangkungi” dhumateng tresna kita dhumateng perkawis sanesipun.

لَا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى أَكُوْنَ أَحَبَّ إِلَيْهِ مِنْ وَالِدِهِ وَوَلَدِهِ وَالنَّاسِ أَجْمَعِيْنَ (رَوَاهُ الْبُخَارِيُّ)
"Ora sampurna iman salah sawiji wong sangka sira, sahingga ingsun luwih ditresnani tinimbang ing tresnane marang wong tuwane, anake lan sakabehe manungsa" (HR Al-Bukhari)    

Raos gumbira kanthi rawuhipun Rasulullah SAW mujudaken pertandha bilih kita tresna, lan biasanipun tiyang ngkang tresna menika bakal tansah kepengin pianggih ingkang dipun tresnani.  

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Wonten sawetawis pertandha ingkang saget dipun agem minangka sarana nenimbang bobot tresna kita dhumateng Rasulullah SAW, antawisipun:

Sepisan, taat, midherek Rasulullah SAW. Tegesipun nindak-aken piwucal, njejegaken syariat utawi dhawuhipun.

قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ اللّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَاللّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ ﴿٣١﴾ قُلْ أَطِيعُواْ اللّهَ وَالرَّسُولَ فإِن تَوَلَّوْاْ فَإِنَّ اللّهَ لاَ يُحِبُّ الْكَافِرِينَ ﴿٣٢﴾
“Kandhakno: "Menawa sira temenan anggone tresna marang Allah, mangka midherek-o marang ingsun, yekti Allah bakal tresna lan ngapura ing dosa-dosanira." Allah Maha Paring ngapura lan Maha Asih tresna. Kandhakno: "Ta`at-o sira marang Allah lan Rasul Ustusane; menawa sira padha nyingkur, mangka satemene Allah ora seneng marang wong kang kafir". (Qs. Ali Imran:31-32 )

Ing ayat sanes ugi dipun sebataken :
مَّنْ يُطِعِ الرَّسُولَ فَقَدْ أَطَاعَ اللّهَ وَمَن تَوَلَّى فَمَا أَرْسَلْنَاكَ عَلَيْهِمْ حَفِيظاً
“Sopo wong kang ta’at marang Rasul, mangka satemene dheweke wis ta’at marang Allah. Lan sopo wong kang nyingkur (sangka ta’at iku), mangka Ingsun ora ngutus ing sira minangka wong kang njaga tumrap dheweke.” (Qs an Nisa: 80)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Kaping Kalih, maos shalawat.  Kados ingkang kadhawuhaken ing Al-Qur'an Surah Al-Ahzab ayat 56,

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً ﴿٥٦﴾
"Satemene Allah lan malaikat-malaikat paring shalawat tumrap Nabi. Hei wong-wong kag padha iman, sira kabeh padha ngaturno shalawat marang Nabi lan ucapno salam pakurmatan tumrap panjenengane" (QS. Al-Ahzab : 56).

Saweneh hadits Aisyah r.a.  njlentrehaken ingperkawis menika:
مَنْ أَحَبَّ النَّبِيَّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ اَكْثَرَ مِنَ الصَّلَاةِ عَلَيْهِ وَثَمْرَتُهُ الْوُصُوْلُ إِلىَ شَفَاعَتِهِ وَصُحْبَتِهِ فِى الْجَنَّةِ
"Sopo wong kang tresna marang Rasulullah SAW mangka dheweke bakal akeh maca shalawat ing panjenengane. Dene hasile yaiku dheweke bakal nampa syafa'at sangka kanjeng Nabi lan bebarengan nyartani ing suwarga."

Bab menika jumbuh kaliyan satunggaling  hadits saking sahabat Anas r.a. :
أَنْتَ مَعَ مَنْ أَحْبَبْتَ
“Sira (ing akhirat) baka; bebarengan kelawan wong kang sira tresnani” (HR Bukhari lan Muslim)

Ing salebeting amalan padintenan  kita saget ngaturaken shalawat kanthi piyambak-piyambak utawi jama’ahan; menapa saben rampung nindak-aken shalat fardhu, utawi ngawontenaken majelis piambak. Sedaya menika namung perkawis ‘teknis’ amalanipun.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Kaping tiga, ndados-aken kanjeng Nabi SAW miangka patuladhan (idola). Allah SWT samun paring firman:

لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَن كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيراً ﴿٢١﴾
“Satemene wis ana ing dhiri pribadhine Rasulullah iku minangka patuladhan ting sira, yaiku tumrape wong kang padha ngarep-arep antuk rahmat (nugrahane)  Allah lan (tumekane) dina kiamat,  lan dheweke akeh nyebut (eling) marang Allah.” (Qs. Al Ahzab : 21)

Kanjeng Nabi SAW minangka patuladhan tumrap  umat manungsa ing sedaya perkawis panggesangan. Tindak lampahipun saget dados conto utawi kaca benggala tumrap para wiranem utawi tiyang sepuh, tumrap para pangarsa pemimpining negari utawi masyarakat biasa. Panjenenganipun dipun tresnani dening umat, nanging ugi dipun kurmati dening mengsahipun.

Sejarah sugengipun mekaten gamblang, kados dene padhangipun wanci siang ingkang jumingglang. Perjuanganipun Nabi ugi cetha nyata wela-wela, kadospundi miwiti ‘babad alas’ kanthi ngadhepi sawernaning pacoban lan kathah pangorbanan, sahingga akhiripun sukses nggayuh puncaking kamulyan. Sedaya menika saget dados patuladhan sinten kemawon ingkang kepengin nggayuh kamulyan sejati.

Pramila, mboten ndamel gumun menawi Michael Hart, sawijining tokoh ilmuwan (astrofisikawan Yahudi) ndadosaken Kanjeng Nabi Muhammad minangka  piyantun nomer 1 ing buku tulisanipun kanthi judul “100 piyayi kang paling penting ing ndonya”

Sumangga kita ndadosaken wulan maulid menika dados wasilah kagem ngetingalaken raos tresna (iman) kita dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, inggih kanthi midherek ing piwucal (nindak-aken sunnahipun), ngathah--ngathah-aken shalawat sarta ndados-aken Nabi minangka patuladhan ing tindak lampah padintenan. Mugi kanthi mekaten dados wasilah bakal tumurunioun kaberkahan ing salebeting gesang kita sedaya, fiddin, fid-dunya wal akhirah. Amiin

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ ِبمَا ِفيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذكْر ِالْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْن، وَالعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ، وَنَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَلِيُّ الصَّالِحِيْنَ
وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ إِمَامُ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَأَفْضَلُ خَلْقِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ، صَلَوَاتُ اللهِ وَسَلاَمُهُ عَلَيْهِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
اَلَّلهُمَ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ، اَلأَحْيَاِء مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ  مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ، فَيَاقَاضِيَ اْلحَاجَاتِ.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى ، والتُّقَى ، والعَفَافَ ، والغِنَى
اللهمّ أحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِي الأُمُورِ كُلِّهَا، وَأجِرْنَا مِنْ خِزْيِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ ,رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

0 Comments: