Lakune Nggayuh Kabegjan Jati
Dening: Ust Slamet Abdurrahman
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللَّهِ شَهِيداً, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللهُمَّ صَلِّ وَسَلّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، اُوْصِيْكُمْ وَاَيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَمَا أُمِرُوا إِلَّا لِيَعْبُدُوا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ حُنَفَاء وَيُقِيمُوا الصَّلَاةَ وَيُؤْتُوا الزَّكَاةَ وَذَلِكَ دِينُ الْقَيِّمَةِ ﴿٥﴾
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Gesang ingkang kebak ing kabingahan saestu minangka pepenginan sedaya tiyang. Nanging, prinsip lan petangan tiyang benten-benten anggenipun menggalih. Tumrap tiyang mukmin, kabingahan mboten namung ingkang wujud gebyar kadonyan ingkang sarwo moncer lan leluwihan arto bandha; nanging kados pundi saget paring jaminan pikantuk kabegjan jati dumugi ing akhirat. Kanthi piwucal ing agami Islam, kita pinaringan pitedah kados pundi caranipun ngadhepi perkawis menika:
وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ وَلَا تَنسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا وَأَحْسِن كَمَا أَحْسَنَ اللَّهُ إِلَيْكَ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الْأَرْضِ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ ﴿٧٧﴾
“Lan padha ngupadi-o kanungrahan peparinge Allah tumrap sira, yaiku kabegjan jati ing alam akhirat, lan sira ojo nglirwa-ake nasib urip-ira kasenengan urip ing ndonya.” (Qs. Al-Qashash:77)
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Kabingahan gesang ingkang kita pengini inggih kabingahan ndonya lan akhirat, kados ingkang dipun syari’at-aken ing salebeting Al-Qur’an ingkang winastan “donga sapu jagat”:
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ ﴿٢٠١﴾
“Dhuh Gusti Allah, mugi Paduka paring ing kawula kesaenan gesang ing ndonya lan kesaenan akhirat, lan mugi ngreksa ing kawula saking bebayaning siksa neraka.” (QS. al-Baqarah : 201)
Minangka tiyang Muslim, kabingahan gesang kedah dipun upadi kanthi cara ingkang sae lan pikantuk ridha saking Allah taala. Dene kabingahan gesang ingkang hakiki inggih menika kabingahan mbenjang ing akhirat awujud wilujeng saking bebayaning siksa neraka lan kalebetaken ing suwarga, kados dhawuh firmanipun Allah ta’ala:
كُلُّ نَفْسٍ ذَآئِقَةُ الْمَوْتِ وَإِنَّمَا تُوَفَّوْنَ أُجُورَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فَمَن زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ وَأُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ وَما الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلاَّ مَتَاعُ الْغُرُورِ ﴿١٨٥﴾
“Saben-saben jiwa bakal ngrasa-ake pati. Lan satemene ing dina kiamat wae bakal kasampurna-ake piwales ganjarane. Sopo wong kang diadohake (uwal) sangka neraka, lan kalebok-ake ing suwarga, mangka yekti dheweke wis antuk kabegjan. Urip kadonyan iku ora liya mujudake kasenengan urip kang nggawe leno.” (Qs ali ‘Imran: 185)
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Kasunyatanipun, gesang menika kebak ing owah gingsir, kadang kala minggah, ing wekdal sanes mandhap. Wonten begja lan cilaka, bungah lan susah. Kados dene “cokro manggilingan”
Lajeng, kados pundi lampahipun amrih kita saget nggayuh kabingahan gesang ndonya lan akhirat?
Kanthi pitedah agami, kita badhe manggihaken piwucal wontenipun “lampah sigeg” kagem nggayuh kebingahan, ing antawisipun:
Sepisan, Sabar. Sifat sabar saestu sanget dipun betahaken tumrap saben tiyang ing sedaya perkawis, antawisipun: nalika ngadhepi musibah, nindak-aken dhawuhing Allah, nyingkiri lampah maksiat, nampi takdir, nampi nikmat peparingipun Allah, lan sanes-sanesipun. Allah sampun paring firman ing Surat Al-Baqaroh 155
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِّنَ الْخَوفْ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِّنَ الأَمَوَالِ وَالأنفُسِ وَالثَّمَرَاتِ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ ﴿١٥٥﴾ الَّذِينَ إِذَا أَصَابَتْهُم مُّصِيبَةٌ قَالُواْ إِنَّا لِلّهِ وَإِنَّـا إِلَيْهِ رَاجِعونَ ﴿١٥٦﴾
“Lan Ingsun Allah yekti bakal paring pacoban ing sira kabeh kanthi nandhang rasa wedi, kaluwen, sudaning bandha, jiwa lan wpoh-wohan. Paringana kabar gumbira marang wong-wong kang padha laku sabar, (yaiku) wong-wong kang nalikane nandhang musibah, dhewekw ngucap “Inna lillahi wa innailaihi roji'un”.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Kaping kalih, Syukur. Tansah njagi raos syukur saget nambah kiyatipun manah kita kagem nglampahi pangibadahan dhumateng Allah ta’ala. Mekaten ugi, raos syukur perlu dipun pratela-aken kakrenteg ing ati lan tindak lampah padintenan.
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لأَزِيدَنَّكُمْ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ ﴿٧﴾
Lan (elingo) nalika Allah pangeranira wis paring dhawuh, "Satemene menawa sira padha bisa syukur, yekti Ingsun Allah bakal paring tambah (nikmat) marang sira, nanging menawa sira padha kufur (selak marang nikmat-Ingsun), mangka yekti azab pasiksaning-Sun Allah banget abot " (Q.S. Ibrahim: 07)
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Kaping tiga, Ikhlas. Ikhlas suraosipun resik, murni, utawi suci. Suawalikipun, menawi ing salebeting manah wonten raos kepengin dipun pireng ing tiyang sanes, pamer (umuk) lan kumalungkung, menika tegesipun kita dereng saget mlebet pribadhi kita tiyang ingkang ikhlas.
قُلْ إِنَّ صَلاَتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ ﴿١٦٢﴾
Ucapno, "Saestunipun salat kawula, ibadah kawula, gesng kawula, lan pejah kawula namung kagem (pados ridhanipun ) Allah, sesembahanipun in alam jagat raya " (Q.S. Al An'aam:162)
Lampah ikhlas mekaten bakal nuwuhaken raos ing salebeting diri kita tinebih saking watak nggresulo, wegah, drengki-srei, lan putus asa.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Kaping sekawan, Tawakal. Tawakal dhumateng Allah maksudipun bilih kita minangka kawulanipun namung kedah pasrah sumarah ing sedaya perkawis geang kita dhumateng Allah taala. Kanthi mekaten, menawi kita nandhang musibah, kita kedah enggal-enggal emut lan ngajeng-ajeng pitulunganipun Allah taala.
وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ وَمَن يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ إِنَّ اللَّهَ بَالِغُ أَمْرِهِ قَدْ جَعَلَ اللَّهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْراً ﴿٣﴾
“Lan Panjenngane Allah kang paring rejeki sangka papan kang tan kinira-kira. Lan sopo wong kang laku tawakal marang Allah, yekti Allah bakal nyukupi hajat kebutuhane. Satemene Allah murbo wasesa sakabehing kersane. Yekti, Allah wis nemtok-ake sakabehing “ (Q.S. Ath Thalaaq: 3)
Mekaten atur khutbah siang ini, mugi-mugi saget dados pemut ing kita minangka gegondhelan (pandom) ing lampah watak ingkang mulyo menika. Kita tansah siap sumadiyo ngadhepi mawerni-werni lelampahan gesang padintenan, sahingga saget nggayuh kabegjan jati ing ndonya lan akhirat. Amin
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْن، وَالعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ، وَنَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَلِيُّ الصَّالِحِيْنَ
وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ إِمَامُ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَأَفْضَلُ خَلْقِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ، صَلَوَاتُ اللهِ وَسَلاَمُهُ عَلَيْهِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
0 Comments: