November 23, 2023
JEJIBAHAN AGUNG TUMRAP PEMUDA
Dening : Ust. Zainal Abidin
Khubah I
اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْن، وَالعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الَّدِيْنَ
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى: نَحْنُ نَقُصُّ عَلَيْكَ نَبَأَهُم بِالْحَقِّ إِنَّهُمْ فِتْيَةٌ آمَنُوا بِرَبِّهِمْ وَزِدْنَاهُمْ هُدًى
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Wulan Oktober mujudaken prastawa agung tumrap para Pemuda, sebab wonten lelampahan sejarah awujud “Sumpah Pemuda” taun 1928 ingkang dados tonggak sejarah manunggalipun Indonesia minangka bangsa lan negari.
Salajengipun kita saget mangertosi kadospundi saben prastawa penting bangsa menika tansah wonten andil sumbangsih ipun para pemuda. Wiwit saking nalika Proklamasi Kemerdekaan RI taun 1945, pembubaran PKI taun 1966 lan Reformasi 1998. Tandang grayang lan tekad prasetyanipun manah para pemuda tansah ngumandhang ! Ing jiwanipun dumunung sikap kaprawiran lan kebak patuladhan. Syeikh Musthofa Al-Ghoyalani ngendika:
إِنَّ فِيْ يَدِ الشُّبَّانِ أَمْرَ الْأُمَّةِ وَفِيْ أَقْدَامِهَا حَيَاتَهَا
“Satemene ing tangane pemuda dumunung urusane umat, lan ing sikile pemuda uga gumantung uripe umat”.
Ingkang mekaten nedahaken bilih sae lan mbotenipun masyarakat, bangsa lan negari gumantung para pemudane. Menawi pemudanipun sae, pramila negari ugi bakal dados sae; suwalikipun menawi pemudanipun risak utawi ajur, pramila negari ugi bakal nandhang risak."
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Sejarah sampun kathah paring bukti. Para nabi ingkang dipun utus paring piwucal iman tauhid nalika taksih anem, wiwit Nabi Ibrahim a.s ngadhepi raja Namrudz; mekaten ugi Nabi Musa a.s. ngadhepi Fir’aun. Sahabat Ibnu Abbas r.a. ngendika:
مَا بَعَثَ اللهُ نَبِياً إِلَّا شَابّاً ، وَلاَ أُوْتِيَ اْلعِلْمَ عَالِمٌ إِلاَّ وَهُوَ شَابٌّ
”Allah ora ngutus sawijining Nabi kejaba dheweke iku minangka pemuda. Lan ora ono sawijinig ulama kang pinaringan ngelmu kejaba dheweke minangka pemuda.” [HR. Ibnu Abi Hatim)
Pemuda ing salebeting sejarah nggadhahi kathah sumbangsih lan dados “agen perubahan”. Para sahabat Nabi Muhammad saw kathah saking kalangan pemuda. Sekawan shahabat ingkang pinunjul inggih: Abu Bakar, Umar, Utsman lan Ali bin Abi Thalib, sedaya nggadhahi umur langkung anem tinimbang kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Duta Islam ingkang sepisanan kangge ing kutha Madinah ugi satunggaling pemuda, inggih menika Mush’ab bin Umair. Panglima perang ingkang dipun pilih kanjeng Nabi SAW kangge ngadhepi Byzantium (Romawi) ugi pemuda ingkang nembe umur 18 taun, Usamah bin Zaid, lan kasil unggul ngadhepi mengsahipun. Dene “pembebas Konstantinopel” ing salebeting perang ngadhepi Kekaisaran Romawi ugi satunggaling pemuda, inggih menika Muhammad al Fatih umur 20 taun.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Ing salebeting Al-Qur’an, Allah SWT nyerat patuladhan ingkang sae wontenipun pemuda minangka lambang kemajuan, “agen perubahan” lan “kebangkitan umat”:
نَحْنُ نَقُصُّ عَلَيْكَ نَبَأَهُم بِالْحَقِّ إِنَّهُمْ فِتْيَةٌ آمَنُوا بِرَبِّهِمْ وَزِدْنَاهُمْ هُدًى
”Ingsun crita-ake ing siro (Muhammad) kanthi sabanere. Satemene wong-wong iku para pemuda kang iman marang Pangerane, lan Ingsun paring tambah pituduh uga ing dheweke.” (QS. Al-Kahfi: 13).
Tiyang menika minangka sarombongan wiranem ingkang jumlahipun pitu lan nggadhahi kaluwihan ing bab kapribaden lan iman, nglawan ngadhepi sawernaning wujud kemungkaran lan tumindak nalisir ing masyarakat. Para wiranem menika dipun kenal minangka Ashabul Kahfi (ingkang mapan ing guwa).
Menawi kita kepengin mangertos kados pundi nasib ing wekdal badhe dhateng ing satunggaling bangsa, pramila kita saget ningali kados pundi kahananipun para pemuda (wiranem) ing dinten menika. Baba menika jumbuh kaliyan setunggaling pangendikan winasis ingkang wicaksana:
شُبَّانُ الْيَوْمِ رِجَالُ الْغَدِ
“Pemuda ing dina iki minangka pemimpin ing dina sesuk”
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Sasampunipun kanthi pawitan iman, pramila perkawis sanes ingkang kedah dipun gadhahi dening pemuda inggih menika “ilmu pengetahuan lan teknologi.” Imam Syafi’i, nate ngendika ing salebeting sya’ir:
حَيَاةُ الْفَتَى وَاللهِ بِالْعِلْمِ وَالتُّقَى ۞ إِذَا لَمْ يَكُوْنَا لاَ إِعْتِبَارَ لِذَاتِهِ
“Demi Allah, uripe wong enom kudu kanthi ilmu lan takwa. Menawa sakelorone ora ono, mangka jatidhirine ora ono regane”
Pramila satunggaling lampah ingkang kedah dipun tindakaken inggih kanthi sinau utawi ajar, sahingga para pemuda nggadhahi ‘sangu’ ingkang cekap kagem ngadhepi sawernaning perkawis gesang ingkang tansah owah gingsir.
مَنْ لَمْ يَتَعَلَّمَ فِي شَبَابِهِ فَقَرَأَ لَهُ التَّكْبِيْرَ أَرْبَعَ مَرَّات بِمَوْتِهِ
“Sapa kang ora sinau (ngupadi ngelmu) ing wektu enom, mangka ucapno takbir kaping papat minangka perlambang dheweke wis mati”
Imam Syafi’i kagungan pemanggih bilih tiyang enem (pemuda) ingkang mboten gadhah ngelmu dipun anggep sampun pejah. Mboten wonten ajinipun. Kanthi mekaten, para pemuda kedah nggegulang dhiri kagem nggembleng lan pados sangunipun gesang ing “masa depan”.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Ing antawisipun bab ingkang ndamel ajining para wiranem inggih menika wekdal, ingkang kanthi mekaten piyambakipun saget pados ngelmu, pengalaman gesang lan kesuksesan.
Wekdal ingkang longgar menawi mboten dipun agem kangge ngupadi salah saweneh saking tigang perkawis menika namung bakal dados bagianipun setan kangge nggodha lan jrumusaken ing tumindak dosa lan lampah sasar. Imam Asy-Syafi’i rahimahullah ngendika,
وَالنَّفْسُ إِنْ لَمْ تُشْغِلْهَا بِالْحَقِّ شَغَلَتْكَ بِالْبَاطِلِ
“Demi jiwane manungsa, yen sira orang nggawe repot ing perkara kang hak (bener), mangka sira bakal repot ing urusan kang bathil (luput)”
Ing zaman menika panggodhaning gesang kadonyan saestu tansaya ageng. Menawi pemuda mboten ‘emut’ ing jati dhirinipun pramila saget namung dados korban globalisasi ing salebeting “perilaku pergaulan bebas, gaya hidup hedonis, lan gesangipun ‘ampang’ tanpa makna lan mboten aji. Mboten wonten ingkang saget ndamel bombong (mongkog), malah saget kejrumus minangka sumberipun derdah (troble maker) utawi dados mengsah tumrap masyarakat.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Jejering pemuda kedah sembada ngetingalaken ‘kabisanipun’ ingkang saget dados piyandel. Mboten malah namung ngeyup dhateng kawibawanipun tiyang sepuh utawi tiyang sanes.
Wonten setunggaling pepatah Arab ingkang nggambaraken kadospundi jejeripun pemuda ingkang ideal :
لَيْسَ الْفَتَى مَنْ قَالَ: كَانَ أَبيْ إنَّ الْفَتَى مَنْ قَالَ: هَا أَنَا ذَا
“Dudu arane pemuda yen mung bisa kandha : hya iku bapakku; dene pemuda kang sejati yaiku kang (bisa) ngucap : hya iki aku”
Saestu, jejibahan lan tanggel jawabipun para pemuda menika sanget agung, antawispun
Sepisan, minangka “generasi penerus.” Pemuda dados harapan bangsa ingkang bakal marisi lan nglajengaken tugas mulyanipun para tiyang sepuh lan leluhur jaman rumiyin.
Kaping kalih, minangka “generasi pengganti.” Menawi kahanan para tetunggul lan pangarsaning masyarakat kathah lampah nyimpang, ingkang gadhah wewenang malah mboten netepi kuwajiban lan bakal ndamel bebaya tumrap masyarakat, pramila para Pemuda kedah siap sumdiya majeng kagem nggantosi. Pemuda kedah gadhah mental ingkang tangguh, prawira lan kebak tanggel jawab. Tansap siap siaga, mboten wegah kagem gegladhen lan pados sanguning dhiri kanthi kathah pengalaman lapangan.
Kaping tiga, minangka “generasi pembaharu.” Masyarakat ingkang mandeg, stagnan, kaku alias jumud mboten bakal mampu tetandhingan ing satengahing kompetisi dunia global; pramila para Pemuda kedah madhegani ing ngajeng minangka “generasi pembaharu.” pemuda kedah ngetingalaken semangat lan etos juang ingkang inggil. Gigih lan mboten gampang pasrah. Pemuda minangka “agen perubahan” (agent of change). Inggih namung ing tanganipun Pemuda bakal pinanggih “idealisme, inovasi lan impian masa depan.”
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Mekaten kathah jejibahan lan tanggel jawab ingkang kedah dipun sandhang ing pundhak ipun Pemuda ! Pramila para pemuda kedah nggadhahi syarat werni kalih menika : takwa lan ilmu. Salajengipun dipun jangkepi kanthi watak: jiwa ingkang bakoh (kuat), gigih, pantang mundur, lan prawiro (kendel). Kalenggahanipun saget dipun sebat minangka ‘penyelamat’ masa depan bangsa. Pemuda mujudaken pahlawan lan pelopor ingkang tansah dipun antu-antu dening bangsa lan negari.
Mekaten atur khutbah ing siang menika, mugi manfaat. “Hidup Pemuda Indonesia.” Amiin.
بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ ِللهِ وَكَفٰى ، وَسَلاَمٌ عَلٰى عِبَادِهِ الَّذِيْنَ اصْطَفٰى، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ * اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا، اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ، اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ، رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا، رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ، وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ
JEJIBAHAN AGUNG TUMRAP PEMUDA Dening : Ust. Zainal Abidin Khubah I اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْن، وَالعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ...

About author: abouteam
Presented by Dewan Dakwah Islamiyah Indonesia Kab Bantul
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 Comments: