HIKMAH ING QURBAN
Dening : Ust. Slamet Abdurrahman
اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ،
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللَّهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
أَمَّا بَعْدُ، قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ: إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ، فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ، إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَـرُ
اَللهُ اَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Alhamdulillah, ing wekdal enjang ingkang mulya menika sedaya kaum muslimin nindak-aken ibadah shalat Idul Adha 10 Dzulhijah 1444 Hijriyah. Kanthi kairingan kumandanging waosan takbir, tahlil, tahmid, lan tasbih minangka wujud anggen kita ngumawula ing ngersa dalem Allah Subhanahu wata’ala..
Shalawat lan salam mugi konjuk dhumateng Rasulullah Muhammad SAW, ingkang minangka tepa patuladhan (uswah hasanah) lan ingkang paring piwucal agami Islam ingkang miangka “rahmatan lil-‘alamin,’ lan mugi lumeber dhumateng sedaya kulawarga, para sahabat lan sedaya umat hingga akhiring jaman.
Salajengipun, mugi keparenga kawula minangka khatib ngajak dhumateng sedaya hadirin kaum muslimin wal muslimat , sumangga kita sesarengan tansah mbudidaya nambah raos iman lan takwa dhumateng Allah SWT kanthi nindak-aken menapa ingkang dipun dhawuhaken, sarta nilar ingakng minangka awisanipun. Jalaran takwa mujudaken saksae-saenipun sangu tumrap kita kagem ngadhepi sawernaning perkawis gesang.
وَتَزَوَّدُواْ فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُوْلِي الأَلْبَابِ
“Padha sesangu-o sira, lan satemene sabecik-becike sangu yaiku takwa; lan padha takwa-o sira marang Ingsun Allah, he wong kang padha nduweni nalar (akal).” (Qs Al Baqarah: 197)
اَللهُ اَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Ing wulan Dzulhijjah menika wonten ibadah werni tiga (3) ingkang dipun leksana-aken dening umat Islam, inggih menika ibadah hajji ing tanah suci Makkah al Mukarramah, shalat Idul Adha lan mragat (nyembelih) hewan kurban.
Ibadah haji minangka perlambang kasampurnaning rukun Islam ingkang kaping gangsal. Dereng sampurna kaislaman kita menawi mboten nggadhahi raos tinimbalan kagem nindak-aken ibadah haji. Pramila samesthinipun saben tiyang Islam bakal tansah nggadhahi raos kangen lan bakal tuwuh pepinginan kangge mbudidaya sakatog-ipun kagem minangkani timbalan Allah SWT menika.
وَلِلّهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ إِلَيْهِ سَبِيلاً وَمَن كَفَرَ فَإِنَّ الله غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِينَ
“Nindakake haji minangka kuwajiban umat manungsa marang Allah, yaiku (tumrap) wong kang mampu nempuh lakune tumuju Baitullah; Sapa wong kang selak (nyingkur) (saka kuwajiban haji), mangka satemene Allah Maha Sugih (ora mbutuhake) sangka saisine alam ndonya.” (Qs Ali Imran: 97)
اَللهُ اَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Ing tanah suci sedaya jamaah haji sami tulung tinulung ing salebeting kesaenan lan takwa. Ing papan kasebat bakal ketingal kanthi gamblang kados pundi makna lan ajinipun pasedherekan sarta drajat martabat ingkang sami ing antawisipun sesami kaum muslimin.
Para jamaah haji sedaya nglepas pakaian padintenanipun piyambak lan dipun gantos kanthi pakaian ihram ingkang langkung mirip kaliyan kain kafan kagem mayit. Sedaya sami maos laimat talbiyah:
لَبَّيْكَ اللّٰهُمَّ لَبَّيْكَ لَبَّيْكَ لَا شَرِيْكَ لَكَ لَبَّيْكَ إِنَّ الْحَمْدَ وَالنِّعْمَةَ لَكَ وَالْمُلْكَ لَا شَرِيْكَ لَكَ
“Kawula sowan ngestok-aken dhawuh timbalan paduka, dhuh Gusti Allah. Kawula sowan dhumateng Paduka. Mboten wonten tetandhingan tumrap Paduka, kawula ngestok-aken timbalan Paduka. Saestu sedaya puji lan nikmat, lan sedaya panguwaos menika namung kagungan Paduka Allah, mboten wonten tetandhingan tumrap Paduka.
Mugi-mugi sedaya jamaah hajji ingkang wekdal menika sampun nindakaken sedaya rerangkenipun pangibadahan saget nggayuh derajat haji ingkang mabrur. Rasulullah SAW paring sabda:
وَالْحَجُّ الْمَبْرُورُ لَيْسَ لَهُ جَزَاءٌ إِلَّا الْجَنَّةُ
“lan haji mabrur ora ono liya piwales ganjarane kejaba suwarga“. (Muttafaq ‘alaih)
اَللهُ اَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Ibadah Qurban minangka wujud raos syukur awit kathahing nikmat ingkang sampun kaparingaken saking Allah tumrap sedaya kawulanipun.
إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ
“Satemene Ingsun Allah wis paring marang sira ni`mat kang akeh banget (Qs.Al Kautsar:1 )
Saestu, nikmat peparingipun Allah menika kathah sanget mboten wonten batesipun. Allah paring pemut kanthi firmanipun:
وَإِن تَعُدُّواْ نِعْمَةَ اللّهِ لاَ تُحْصُوهَا إِنَّ اللّهَ لَغَفُورٌ رَّحِيمٌ
“Lan yen sira ngetung-etung ni`mat peparinge Allah, yekti sira ora bisa ngetung cacahe. Satemene Allah yekti Maha Paring pangapura lan Welas asih.” (Qs. An Nahl: 18)
Malah ing Al-Qur’an kanthi wola-wali ngantos kaping tigang ndasa setunggal (31) , Allah ndangu ing kita sedaya :
فَبِأَيِّ آلَاء رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ
“Mangka endi ni`mat Pangeranira kang padha sira paido (selak-i) ?” (Qs.Ar Rahman: 13)
Awit saking menika, minangka wujud raos syukur, kita sedaya dipun dhawuhi supados nindak-aken kurban:
فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ
“Mangka padha jejegna shalat kanggo ngumawula marang Pangeranmu lan nindakno kurban .” (Qs. Al Kautsar: 2)
Lan kita kedah saestu anggenipun syukur, jalaran kita sampun saget uwal saking masa pandemi, lan kita taksih dipun paringi wekdal kangge nindakaken timbalanipun Allah kanthi shalat Idul Adha lan nyembelih hewan Qurban ing wekdal menika .
اَللهُ اَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Wonten katah piwucal ingkang saget kita pendhet saking ibadah Qurban menika, antawisipun:
Sepisan, iman lan raos takwa dhumateng Allah sampun ngantos kawon kaliyan raos tresna dhumateng gesang kadonyan
Nalika kanjeng Nabi Ibrahim a.s. nami dhawuh supados nyembelih putranipun, inggih Ismail; pramila dipun leksana-aken kanthi kebak ing raos iman lan anteb ing manah, mboten tidha-tidha. Ingkang kados mekaten minangka gegambaranipun kulawarga shalih ingkang saget ndunungaken hak-hak Allah tumrap sanesipun. Tiyang sepuh lan putra sami saget tulung-tinulung kagem nindak-aken dhawuh timbalanipun Allah. Pangendikan ingkang endah kekalihipun dipun serat ing Al-Qur’an :
قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى
“Ibrahim ngendika : “Hei anakku, satemene aku nampa dhawuh lumantar ing impen supaya nyembelih ing awakmu, mangka kepriye mungguh panemumu?” (QS ash-Shaffat: 102).
Nampi dhawuh mektaen, ingkang putra (Ismail a.s.) lajeng matur:
قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
“Jawabipun: Dhuh bapa, sumangga katindakno dhawuh, in sya’ Allah panjenengan badhe manggihi ing kula kalebet golonganipun tiyang ingkang sabar (tatag nglampahi)” (QS ash-Shaffat: 102)
Perkawis ingkang mekaten namung bakal kelmapah tumrap putra ingkang saestu sholeh lan nampi panggulawenthahing tiyang sepih ingkang kebak welas asih. Inggih mekaten kulawarga ingkang takwa.
Pacoban agung ingkang kaparingaken dipun tindak-aken kanthi tulus ikhlas, sahingga kanthi mekaten dados wasilah tumrap Allah kagem paring pitulung lan kanugrahan ingkang sanget agung:
إِنَّ هَذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِينُ، وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ
“Satemene perkara iki minangka sabenerbenere pacoban kang nyata, lan Ingsun tebus Isma’il kanthi sawijining kewan sembelihan kang gedhe” (QS ash-Shaffat: 106-107)
اَللهُ اَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Saat menika kita namunng nampi dhawuh supados nyembelih hewan kurban, pramila samesthinipun bakal karaos langkung entheng yen dipun bandhing kaliyan dahwuh ingkang katampi dening kanjeng Nabi Ibrahim a.s.
Penyembelihan Qurban minangka satungaling wujud raos syukur lan takwa. Saestunipun Allah mboten ngersa-aken ing daging lan getih-ipun hewan kurban kita, nanging ingkang bakal dipun tampi namung iman-takwa kita.
لَن يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَكِن يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنكُمْ كَذَلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِينَ
“Daging-daging unta lan darahnya iku babar pisan ora bakal tinampa ing ngersane Allah, nanging laku takwanira iku kang bakal tinampa ing Allah. Mengkono iku Allah wis kepareng nggawe tundhuk marang sira supaya sira ngagungake Allah miturut pituduhe ing sira. Lan padha wenehana kabar gumbira tumrap wong kang padha tumindak kabecikan.” (Qs Al Haj: 37)
اَللهُ اَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Kaping kalih, cita-cita (gegayuhan) masa depan saben kulawarga muslim inggih menika mawujudipun kulawarga sakinah, lahiripun generasi penerus ingkang shalih, lan calon pemimpin ingkang takwa. Bab menika dipun wujudaken ing salebeting donga ingkang dipun serat ing Al-Qur’an:
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَاماً ﴿٧٤﴾
"Dhuh Gusti Allah pangeran kawula, mugi Paduka paring dhumateng awula garwa lan putra wayah kawula tansah ngremenaken ing paningal kawula, lan kadadosno kawula minangka pemimpinipun toyang-tiyang ingkang takwa” (Qs al Furqan: 74)
Nabi Ibrahim a.s. minangka patuladhan agung ing salebeting nggulawenthah kulawarga, sampun paring piwucal donga ingkang endah:
رَبِّ اجْعَلْنِي مُقِيمَ الصَّلاَةِ وَمِن ذُرِّيَّتِي رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاء
“ Dhuh Gusti Allah, mugi ndadosna ing kawula lan putra wayah kawula minangka tiyang ingkang tansah njejegaken sholat, dhuh Gusti Allah, mugi ngabulna ing panyuwun kawula. (Qs. Ibrahim: 40)
Donga kagem dhiri pribadhi lan putra wayah supados nggadhahi iman ingkang leres, dipun tebihaken saking lampah nyembah brahala ing sawernaning wujudipun. Khususipun tumra para tiyang sepuh, samesthinipun tansah emut ing kuwajiban, tanggel jawabipun ingkang ageng tumrap nasib utawi betahipun putra wayah, sampun ngantos malah namung menggalih karemenan lan betahipun piyambak. Samesthinipun tansah nyenyuwun dhumateng Allah:
رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ
“Dhuh Gusti Allah, mugi paduka paring dhumateng kawula putra ingkang shaleh.” (Qs. As Shafat: 100)
اَللهُ اَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Satunggaling muslim ingkang sae, samesthinipun saget dados patuladhan ing salebeting gesang masyarakat, kanthi cara ndonga-aken kagem kesaenanipun negari lan ugi putra wayah amrih dipun tebihaken saking nyenyembah brahala:
وَإِذْ قَالَ إِبْرَاهِيمُ رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنِي وَبَنِيَّ أَنْ نَعْبُدَ الْأَصْنَامَ
“Lan (elinga), nalika Ibrahim matur (ndonga): “dhuh Gusti Allah, mugi ndadosna negari menika aman ayem-tentrem, lan katebihna kawula saha putra wayah kula saking lampah nyembah brahala-brahala.” (Qs . Ibrahim: 35)
Negari kita menika mbetahaken satunggaling priyagung ingkang nggadhahi jiwa kaprawiran lan lila legawa ngurbanaken dhiri, sarta gadhah gegayuhan ingkang agung. Mboten malah suwalikipun, katonipun dados figur pahlawan ingkang kinurmat, nanging jebul malah wentala ngorbanaken kepentingan bangsa lan negara namung kangge mburu kepentingan pribadi utawi golonganipun piyambak. Mugi-mugi kita bangsa Indonesia, lan khususipun umat Islam saget uwal (kalis) saking perkawis-perkawis ingkang awon kados mekaten. Amiin.
Pungkasanipun, sumangga kita ndedonga mugi-mugi amal ibadah kita sdaya dipun tampi dening Allah Subhanahu wata’ala, lan kita tansah dipun jagi lan pinaringan kekiyatan saget nindakaken timbalanipun Allah SWT. A-miin ya rabbal’alamiin.
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ .الْحَمْدُ للّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ
رَبَّنَا هَبْ لَـنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.
اللَّهُمَّ اجْعَلْهُمْ حَجًّا مَبْرُوْرًا وَ سَعْيًا مَشْكُوْرًا وَ ذَنْبًا مَغْفُوْرًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ، وَأَدْخِلْنَا الْجَنَّةَ مَعَ الْأَبْرَارِ، يَا عَزِيزُ يَا غَفَّارُ.
اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى ، والتُّقَى ، والعَفَافَ ، والغِنَى
اَللَّهُمَّ اقْسِمْ لَنَا مِنْ خَشْيَتِكَ مَاتَحُوْلُ بَيْنَنَا وَبَيْنَ مَعْصِيَتِكَ وَمِنْ طَاعَتِكَ مَا تُبَلِّغُنَابِهِ جَنَّتَكَ وَمِنَ الْيَقِيْنِ مَاتُهَوِّنُ بِهِ عَلَيْنَا مَصَائِبَ الدُّنْيَا. اَللَّهُمَّ مَتِّعْنَا بِأَسْمَاعِنَا وَأَبْصَارِنَا وَقُوَّتِنَا مَا أَحْيَيْتَنَا وَاجْعَلْهُ الْوَارِثَ مِنَّا وَاجْعَلْهُ ثَأْرَنَا عَلَى مَنْ عَاداَ نَا وَلاَ تَجْعَلْ مُصِيْبَتَنَا فِى دِيْنِنَاوَلاَ تَجْعَلِ الدُّنْيَا أَكْبَرَ هَمِّنَا وَلاَ مَبْلَغَ عِلْمِنَا وَلاَ تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لاَ يَرْحَمُنَا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
وَصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ. وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ. وَالْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْن
وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
0 Comments: