DZULQA’DAH: WULAN KAGEM TAFAKKUR
Dening: Ust. Syahrul Mubarak
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ القَوِيِّ الْمَجِيْدِ. اَلْمُدَبِّرِ لِخَلْقِهِ كَمَا يَشَاءُ وَهُوَ الْفَعّالُ لِمَا يُرِيدُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ لَا إلَهَ اِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَاشِرِيْكَ لَهُ الْوَلِيُّ الْحَمِيْدُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه ذُو الرَّشَادِ وَالتَّسْدِيْدِ .اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسّلِّمْ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ هُمْ نِعْمَ العَبِيْدُ, وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِالْإِحْسِانِ وَالتَّسْدِيْدِ.
فَيَا اَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ .قَالَ الله تَعَالَى أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ .يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Penanggalan utawi kalender hijriyah tumrap umat Islam mboten namung miangka kagem petangan wekdal, nanging saestu sesambetan kaliyan syariat agami lan tindak lampah pangibadahan.
Allah subhanahu wata’ala sampun netepaken kagem umat Islam wontenipun wulan haram (wulan ingkang mulya) ing antawispun 12 wulan salabeting setahun. Kadosdene firman pangendikanipun Allah:
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ذَلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ
“Satemene etungan wulan ing ngersane Allah ono rolas (12) wulan miturut kersane Allah, nalika Panjenengane nyipta langit lan bumi; ing antarane iku ono papat (4) wulan Haram (kang mulya). Mengkono iku paugeran agamane Allah kang jejeg. Mangka siro ojo padha tumindak aniaya (zhalim) ing wulan-wulan Haram iku tumrap awak-iro dhewe.” (QS. at-Taubah: 36)
Wulan haram ingkang dipun maksud, kasebataken dening Rasulullah saw ing pangendikanipun :
السَّنَةُ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ثَلَاثَةٌ مُتَوَالِيَاتٌ ذُو الْقَعْدَةِ وَذُو الْحِجَّةِ وَالْمُحَرَّمُ وَرَجَبُ مُضَرَ الَّذِي بَيْنَ جُمَادَى وَشَعْبَانَ (رواه البخاري)
“Etungan setahun ono rolas (12) wulan, ing antarane ono patang (4) wulan kang “haram” (mulya): telung (3) wulan sacara urut-urutan, yaiku Dzul Qa’dah, Dzul Hijjah lan Muharram, banur wulan Rajab kang dumunung antarane wulan Jumada (akhir) lan Sya’ban.” (HR. al-Bukhari).
Ing kitab tafsir Ath-Thabari dipun sebataken bilih sekawan wulan menika sanget dipun mulya-aken dening bangsa Arab, sahingga sami sepakat ngawisi nindakaken peperangan ing wulan kasebat minangka wujud utawi simbol pakurmatan. Midherek Ibnu Abbas r.a., Allah subhanahu wata’ala pancen ngersa-aken sekawan wulan minangka wulan haram (wulan ingkang dipun mulya-aken).
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Saat menika kita dumumung ing wulan Dzulqa’dah. Miturut tata basa, Dzulqa’dah kedadosan saking basa Arab lan dumados saking kalih (2) tembung. Sepisan tembung “dzu” ingkang dipun maknani “nduweni”. Kaping kalih, “qa’dah” tegesipun “papan ingkang dipun lenggahi” (al-Mu’jam 2/748).
Dene salebeting tembung pesrawungan padintenan, cekak gampilipun Dzulqa’dah saget dipun maknani “wulan lelenggahan” utawi wulan mirunggan kagem ngeningaken penggalih. Sesambetan kaliyan jalaran paringipun tetenger (nami), al-Biruni ing kitabipun “al-Atsar al-Baqiyah ‘anil Qurun al-Khaliyah“ njelasaken bilih tiyang Arab, langkung kathah kendel pilenggahan ing nggriya. Sasenesipun menika, ing wulan Dzulqadah langkung kathah pilenggahan ‘santai’, nahan diri saking peperangan.
Fakhruddin ar-Razy ing salebeting tafsir “Mafatih al-Ghaib” ngendika-aken bab makna tembung hurum. Paringipun sebatan hurum jalaran sedaya tindak lampah maksiat bakal nampi dosa ingkang tikel matikel. Mekaten ugi suwalikipun, sedaya amal kesaenan bakal dipun tikelaken piwales ganjaranipun. Alasan pungkasan, bilih tiyang Arab sanget mulya-aken wulan-wulan kasebat. (Mafatih al-Ghaib 16/41)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Wulan Dzulqa’dah dumunung ing satengahing sekawan wulan ingkang wigatos. Saderengipun wonten ulan Ramadhan lan Syawal, lajeng Dzulqa’dah, kasambung kanthi Dzulhijjah lan Muharram.
Wulan Dzulqa’dah saget dipun maknani minangka wulan mirunggan, wekdal kagem menggalih lan ngening-aken cipta, emut lan ngraosaken makanning lelampahan gesang ingkang sampun kawuri. Dipun awiti saking wulan Ramadhan ingkang minangka wulan istimewa, lajeng Syawal ingkang ateges peningkatan (tambahing kesaenan). Ssalajengipun cecawis kagem nindak-aken ibadah hajji lan Qurban ing wulan Dzulhijjah. Sasampunipun menika age-age ngadhepi wulan Muharram minangka awal petangan tahun enggal hijriyah. Tumrap umat Islam menika dados wekdal ingkang saestu wigatos kagem nindak-aken pangibadahan. Pramila, sumangga wulan Dzulqa’dah kadadsona minangka wulan kagem tafakkur (emut, menggalih, ngening-aken cipta nggayuh hakikatipun gesang). Kanthi lampah mekaten temtu kita bakal tuwuh raos ing manah saget manggihaken makna lan hakikatipun gesang minangka kawulanipun Allah. Allah subhanahu wata’ala paring dhawuh:
أَلَمْ يَأْنِ لِلَّذِينَ آمَنُوا أَن تَخْشَعَ قُلُوبُهُمْ لِذِكْرِ اللَّهِ وَمَا نَزَلَ مِنَ الْحَقِّ وَلَا يَكُونُوا كَالَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِن قَبْلُ فَطَالَ عَلَيْهِمُ الْأَمَدُ فَقَسَتْ قُلُوبُهُمْ وَكَثِيرٌ مِّنْهُمْ فَاسِقُونَ ﴿١٦﴾
“Opo durung tekan titi mangsane tumrape wong kang padha iman eling marang ngarsane Allah kanggo tundhuk taat, sumuyud marang Allah lan ngugemi piwulang (bebener) kang wis tumurun. lan prayoga wong-wong mau ojo dadi koyodene wong-wong sadurunge, kang wis nampa Kitab, banjur sairing lakuning wektu kang adoh, atine padha dadi atos. Dene akehe wong mau kalebu golongane wong kang fasik.” (QS al Hadid: 16)
Kita umat Islam perlu tansah emut wontenipun wulan haram ingkang cacahipun sekawan menika (Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharram lan Rajab). Salajengipun sageta tansah njagi kamulyanipun kanthi nindak-aken kuwajiban, lampah taat, lan sedaya piwucal kesaenan, sarta nyingkiri tumindak ingkang dipun awisi dening Allah, kalebet tumindak zhalim. Sebab, sedaya amal kesaenan lan tumindak zhalim bakal dipun paring piwales tikel-matikel tinimbang ingkang dipun tindakaken ing wekdal sasanesipun wulan haram.
Wekdal tansah lumampah tansaya tebih, dene lampahinng gesang kita saestu tansaya nyaketi tujuan akhir. Samesthinpun kita saget langkung pinter lan wicaksana anggenipun tindak lampah salebeting gesang. Ibaratipun kados dene filosofi wiji pari, ingkang tansaya tambah dinten pramila tansaya tambah kebak isining wiji, sahingga wohing pari tansaya tumungkul.
Saben diri kita sedaya tansaya tambah umuripun, pramila samesthinipun ugi tansaya tambah caket lan taat dhumateng menapa ingkang dados dhawuhipun Allah, khusyu’ anggenipun ngibadah lan tambah semangat indak-aken sawrnaning amal shaleh, sahingga gesnag kita bakal pikantuk ridho lan rahmatipun Allah.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ الله مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَاالسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
0 Comments: