Urip Prasojo
Dening: Ust. Muslih Abdul Karim
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَنزَلَ السَّكِينَةَ فِي قُلُوبِ الْمُؤْمِنِينَ لِيَزْدَادُوا إِيمَاناً مَّعَ إِيمَانِهِمْ وَلِلَّهِ جُنُودُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيماً حَكِيماً .أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ ,فَيَا عِبَادَ الله اُوْصِيْنِي نَفْسِي وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ, يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Wekdal menika kita gesang ing zaman ingkang kebak fitnah, maksudipun bilih sampun sumebar sawernaning bebaya, ancaman lan godhaning gesang. Saweneh fitnah ingkang kedah kita waspadani ingkang sinebat fitnah syahwat, inggih menika godhaning hawa nepsu kagem nuruti pepenginan gesang ingkang sarwo moncer, glamoue, ngumbar karemenan gesang ingkang arahipun tumuju sifat hedonis. Mbujung kenikmatan kanthi cara instan.
Mbokbilih saat menika sampun dipun anggep lumrah wontenipun kasunyatan mameraken monceripun gesang kanthi wujud deduwen arta bandha “awis” (lux) lan tansah ganti mode, ingkang dipun ketingalaken dening masyarakat. Wonten ingkang lumantar cara langsung ing pesrawungan padintenan, utawi kanthi sarana media sosial. Wonten ing babagan pakaian, perhiasan, jenis makanan, kendaraan, kepemilikan rumah, rekening bank, hobby piknik ing papan wisata populer lan sanes-sanesipun.
Piwucal Islam paring pemut tumrap kaum Muslimin saking model gesang ingkang mekaten, jalaran gampil ndadosaken tiyang bakal leno ing kuwajiban pokok kagem ngibadah ingkang samesthinipun namung nindakaken amalan namung kagem ngupadi ridhanipun Allah subahanahu wata’ala kemawon. Al-Qur’an ngemutaken:
أَلْهَاكُمُ التَّكَاثُرُ ١ حَتَّى زُرْتُمُ الْمَقَابِرَ ٢
“Laku moncer-monceran wis nggawe leno ing siro nganti siro mlebu (nyemplung) ing kubur.” (Qs. At Takatsur: 1-2)
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Piwucal Islam nenuntun ing lampah gesang ingkang prasojo lan zuhud saking gebyaring kadonyan, lan kedah nengenaken ing babagan akhlak ing salebeting pesrawungan masyarakat. Allah paring dhawuh:
وَعِبَادُ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلَّذِينَ يَمۡشُونَ عَلَى ٱلۡأَرۡضِ هَوۡنٗا وَإِذَا خَاطَبَهُمُ ٱلۡجَٰهِلُونَ قَالُواْ سَلَٰمٗا ٦٣
“Lan para kawulaning Allah kang Maha Welas asih, yaiku wong kang padha lumaku ing salumahing bumi kanthi andhap asor; dene yen ono wong jahil kang nggodha lakune, dheweke ngucap kanthi ucapan kang becik.” (Qs. Al Furqan: 63)
Kenging menapa lampah gesang memonceran dipun sendhu (kecam)? Jalaran asring kelampah tiyang ingkang tumindak mekaten sami maido utawi nggorohaken dhawuh lan piwucalipun ayat-ayat Allah. Tiyang-tiyang mekaten rumaossampun sarwo kacekapan lan saget tumindak menapa kemawon, kanthi arta bandhanipun rumaos sampun mboten mbetahaken piwucal agami.
ٱلَّذِي جَمَعَ مَالٗا وَعَدَّدَهُۥ ٢ يَحۡسَبُ أَنَّ مَالَهُۥٓ أَخۡلَدَهُۥ ٣
“Wong kang padha pijer ngumpulake bandha lan tansah ngetung-etung,dheweke ngira menawa dandhane iku bisa njamin nuruti kasenengane,” (Qs. Al Humazah: 2-3)
Ayat sanes njlentrehaken ing sebabipun nampi pasiksan lan kasangsaran ingkang dipun tampi dening “ash-habusy syimaal” utawi golongan kiwo mbenjang ing akhirat,
إِنَّهُمۡ كَانُواْ قَبۡلَ ذَٰلِكَ مُتۡرَفِينَ ٤٥ وَكَانُواْ يُصِرُّونَ عَلَى ٱلۡحِنثِ ٱلۡعَظِيمِ ٤٦
“Satemene wong-wong iku ing jaman biyen padha laku urip memonceran, lan dheweke tansah tumindak ing laku dosa kang gedhe,” (Qs. Al-Waqi’ah: 45-46)
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Ing satunggaling hadits Nabi SAW paring sabda bilih kathahing kasugihan arta bandha justru minangka jalaran gesang ing tembenipun nandhang sirna:
فَوَاللَّهِ ما الفَقْرَ أخْشَى علَيْكُم، ولَكِنِّي أخْشَى أنْ تُبْسَطَ عَلَيْكُمُ الدُّنْيَا كما بُسِطَتْ علَى مَن كانَ قَبْلَكُمْ، فَتَنَافَسُوهَا كما تَنَافَسُوهَا، وتُهْلِكَكُمْ كما أهْلَكَتْهُمْ.
“Demi Allah ! Dudu kahanan fakir kang paling ingsun kuwatirake tumrap sira, nanging ingsun nguwatirake nalika urip kadonyanira kabukak kanggo sira, koyodene donya iki wis kabukak marang wong sadurungira, sahingga sira padha “jor-joran” siji kelawan liyane, koyodene mbiyen wong-wong padha tansah “jor-joran” lan bab iku bakal nggawe sirna ing sira koyodene wong-wong mbiyen wis nandhang sirna.” (HR. Muslim)
Mekaten ugi ing hadits sanes kanjeng Nabi SAW paring sabda,
كُلُوا وَاشْرَبُوا، وَتَصَدَّقُوا وَالْبَسُوا، مَا لَمْ يُخَالِطْهُ إِسْرَافٌ أَوْ مَخِيلَةٌ
“Mangan lan ngombe-a sira, wetokno sedekah lan ngganggo sandhangan selagi ora dicampuri kanthi laku leluwihan lan umuk” (HR. Ibnu Majah)
Saking hadits menika mekaten cetha kados pundi Rasulullah SAW paring piwucal ing tindak lampah prasojo utawi sakmurwat ing babagan dhahar, ngunjuk, lan ngagem sandhangan. Malah ugi ing salebeting ngedalaken infak kados ingkang kasebat ing surat Al-Furqan: 67,
وَالَّذِيْنَ اِذَآ اَنْفَقُوْا لَمْ يُسْرِفُوْا وَلَمْ يَقْتُرُوْا وَكَانَ بَيْنَ ذٰلِكَ قَوَامًا ٦٧
“Lan wong-wong kang nalika mblanja-ake (ifak) ing bandhane dheweke ora leluwihan, lan ugo ora cethil (bakhil), nanging ono ing santarane sakelorone kahanan kanthi murwat (wajar)”
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Panyendhuning piwucal Islam tumrap lampah gesang memonceran mboten ateges ndamel “haram” ing mapinten wujud nikmat lan kesaenan ing sampun cetha hukum halalipun saking Allah; nanging maksudipun inggih amrih kita saget tumindak gesang anthi prasojo ing salebeting mblanja-aken arta bandha lan manah kita mboten tansah kapilut utawi kayungyun ing kanimatan donya menika.
Perkawis mekaten kados dahwuh ing hadits aking sahabat Abu Sa’id al-Khudri r.a, bilih Rasulullah SAW paring sabda,
– إنَّ اللهَ جميلٌ يحبُّ الجمالَ ، و يحبُّ أن يَرى أثرَ نعمتِه على عَبدِه ، و يُبغِضُ البُؤسَ و التَّباؤُسَ
”Satemene Allah iku Maha endah lan tresna marang kaendahan. Allah seneng mriksani marang tilas peparing nikmat Panjenengane tumrap kawula. Lan Allah sengit marang kahanan kucel (lusuh) lan kang ngatonake kahanan kucel.” (HR. Al-Baihaqi)
Salajengipun, amrih kita tansah emut ing hakekatipun gesang kadonyan menika, kita dipun tuntun kanthi donga ingkang mekaten endah, inggih menika:
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لي دِينِي الذي هو عِصْمَةُ أَمْرِي، وَأَصْلِحْ لي دُنْيَايَ الَّتي فِيهَا معاشِي، وَأَصْلِحْ لي آخِرَتي الَّتي فِيهَا معادِي
“Dhuh Gusti Allah! Mugi paring kesaenan ing agami kawula, ingkang minangka tameng sedaya urusan kawula, lan mugi paring kesaenan ing kawula donya kawula, ingkang gesang kawula dumunung ing papan menika, lan mugi paring kesaenan akhirat kawula ingkang ing papan menika minangka papan wangsul kawula.”
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Cecepengan kanthi kenceng ing lampah sakmadya salebeting perkawis ngecak-aken arta bandha mboten perkawis ingkang gampil, jalaran arta bandha menika saget ngrenah tumindaking tiyang saking kalih (2) kahanan, inggih menika : boros ingkang ngliwati bates (memonceran) lan sipat bakhil, kikir utawi cethil dhumateng sesami. Allah Ta’ala paring firman,
يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ خُذُوْا زِيْنَتَكُمْ عِنْدَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَّكُلُوْا وَاشْرَبُوْا وَلَا تُسْرِفُوْاۚ اِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِيْنَ ࣖ – ٣١
“He anak putune Adam! Anggonen sandhanganmu kang becik-becik saben mlebu ing masjid, padha manganlan ngombe-a sira, nanging ojo leluwihan. Yekti, Allah ora tresna marang wong kang padha laku leluwihan.” (Qs. Al-A’raf: 31)
Kados mekaten menika lampah prasojo ing piwucal Islam. Senadyan gadhah arta bandha ingkang kathah lanmaprah, nanging mboten boros anggenipun mblanja-aken nalika nyekapi kabetahan gesang saking bab sandhangan, perkakas rumah tangga, kendaraan lan sanesipun.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Mblanja-aken arta bandha lan gesnag kanthi leluwihan saestu minangka lampah awon, lan bakal dhumawah ing kahanan mubadzir, ingkang menawi tiyang tumindak mekaten bakal kekancankaliyan setan. Allah ta’ala paring pemut:
... وَلَا تُبَذِّرۡ تَبۡذِيرًا ٢٦ إِنَّ ٱلۡمُبَذِّرِينَ كَانُوٓاْ إِخۡوَٰنَ ٱلشَّيَٰطِينِۖ وَكَانَ ٱلشَّيۡطَٰنُ لِرَبِّهِۦ كَفُورٗا ٢٧
“lan sira ojo padha laku memonceran ing bandhanira kanthi boros (mubadzir). Satemene wong kang tumindak memonceran iku dadi kancane setan; dene setan iku banget anggone mbalelo marang Allah sesembahane.” (Qs. Al Isra’: 26-27)
Mekaten atur khutbah ing dinten menika, mugi-mugi kita saget nglampahi gesang ingkang prasojo lan mboten ngliwati bates. Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا .اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ .رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
0 Comments: