MBANGUN BANGSA LAN MBUKAK PINTU KABECIKAN
Dening : Ust. Salim Himamuddin
Khutbah I
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَمَرَناَ أَنْ نُصْلِحَ مَعِيْشَتَنَا لِنَيْلِ الرِّضَا وَالسَّعَادَةِ، وَنَقُوْمَ بِالْوَاجِبَاتِ فِيْ عِبَادَتِهِ وَتَقْوَاهُ
أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ.
اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ، أَمّا بَعْدُ
فَيَا عِبَادَ الله اُوْصِيْنِي نَفْسِي وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ .يَا أَيُّهَا الّذين آمنوا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ .يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Saben mlebet ing wulan Agustus, kita sami ngraosaken swasana gumregut lan grengsengipun masyarakat kanthi umyekipun mawerni adicara mahargya pengetan kamardhikan negari kita Indonesia. Perkawis menika kita maklumi minangka wujud raos syukur lan kabingahan awit nikmat kamardhikan menika.
Perkawis ingkang sanget wigatos kagem dipun emut, bilih madegipun negari menika, sampun dipun serat ing “pembukaan UUD 1945” nggadhahi tujuan kagem ngayomi, mulya-aken, lan ndamel pinter tumrap rakyat, sahingga ndayani ing sedaya tiyang saget nderek andil kiprah salebeting mbangun majengipun donya. Saat menika kita sampun 78 taun mardhika, pramila monggo kita sami menggalih, menapa pepenginan agung kasebat sampun saget kasembadan?
Ing Al-Qur’an, Allah Subhanahu wata’ala paring gegambaran panggesangan ingkang sae tumrap satunggaling bangsa, inggih ing Surat Quraisy
لِإِيلَٰفِ قُرَيۡشٍ ١ إِۦلَٰفِهِمۡ رِحۡلَةَ ٱلشِّتَآءِ وَٱلصَّيۡفِ ٢ فَلۡيَعۡبُدُواْ رَبَّ هَٰذَا ٱلۡبَيۡتِ ٣ ٱلَّذِيٓ أَطۡعَمَهُم مِّن جُوعٖ وَءَامَنَهُم مِّنۡ خَوۡفِۢ ٤
“Jalaran pakulinan wong-wong Quraisy, (yaiku) pakulinane padha lelungan (dedagangan) ing musim adhem lan musim panas. Mangka prayoga dheweke padha nyembah ngumawula marang Pangeran (Allah) kang kagungan dalem iki (Ka’bah). Panjenengane Allah kang wis peparing pangan ing dheweke saka rasa luwe, lan wis paring rasa aman katentreman saka rasa wedi”
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Satunggaling bangsa bakal saget nindak-aken kuwajiban ing pamarintahan kanthi sae menawi netepi syarat werni tiga (3), kados suraos ingkang dumunung ing surat Quraisy, inggih menika: iman lan nyembah dhumateng Allah (menika nggambarkan mental spiritual ingkang kiyat), kacekapan ing sandhang pangan (minangka simbol kemandirian ekonomi), sarta kajamin keamanan jiwa raganipun (minangka pertanda stabilitas sosial politik - hankam)
Saget mawujudipun kahanan mekaten saget dipun gayuh menawi masyarakatipun sami manunggal nyawiji, tulung-tinulung, gotong royong lan sesarengan “berjuang” ngadhepi mawerni bebaya. Mbangun panggesanganipun bangsa lan negari minangka pangejawantahing cara ngumawula lan nindak-aken wajib kekhalifahan manungsa ing ndonya.
Kalenggahan minangka kawula (abdi) nedah-aken amrih sedaya amal tumindak kita umat manungsa menika namung kagem ngibadah, ngabdi, nyembah, ngupadi ridho lan ngagungaken Allah SWT, sang Khaliq, ingkang nyipta alam ndonya; kados kaserat ing surat Ad Dzariyat: 56:
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ
“Lan Ingsun Allah ora nyipta bgnsa jin lan manungsa kejaba supaya padha nyembah marang Ingsun.”
Dene ing surat Al Baqarah, ayat 30, Allah nedahaken ing kalenggahanipun umat manungsa minangka khalifah:
وَإِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلَائِكَةِ إِنِّي جَاعِلٌ فِي الْأَرْضِ خَلِيفَةً
"Lan elinga nalika Allah pangeranira paring firman marang para Malaikat: "Yekti Ingsun Allah bakal ndadek-ake sawijining khalifah ing salumahing bumi".
Tugas paling utama umat manungsa minangka khalifah ing ndonya menika inggih ngrumat, nggulawenthah lan mbangun majengipun ngalam ndonya kanthi lelendhesn raos iman, welas asih lan kamulyan. Tugas kagem ndamel makmur lan kamulyanipun panggesangan ingkang kebak rahmat lan kabingahan, kados dipun utusipun para Nabi lan rasul ing ndonya menika.
وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ
"Lan Ingsun (Allah) ora ngutus ing sira (Muhammad), kejaba mung minangka rahmat tumrap alam ndonya." (QS Al Anbiya’: 107).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Masyakarat kita bakal nggayuh mejengipun panggesangan menawi wonten tekad kagem mbangun tumuju kesaenan lan nggadhahi sifat-sifat ingkang luhur. Rasulullah sampun paring pemut wontenipun sifat ingkang kedah kita gadhahi ing salebeting bebarayan masyarakat, kados kasebat ing hadits saking sahabat Jabir r.a.:
الْمُؤْمِنُ آلِفٌ مَأْلُوفٌ وَلا خَيْرَ فِيمَنْ لا يَأْلَفُ وَلا يُؤْلَفُ خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّاسِ
”Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda, ‘wong kang iman iku nduweni laku grapyak, lan ora ono kabecikan tumrap wong kang ora nduweni laku grapyak. Lan sabecik-becike wong yaiku kang paling aweh piguna marang liyan” (HR ath-Thabrani lan Daruquthni).
Masyarakat bakal nggayuh kamulyan nalika saget netepi sawetawis syarat inggih menika : iman taat midherek dhumateng Allah, taat dhumateng rasul lan para pemimpin ing masyarakat, sarta tansah ngugemi paugeraning iman ing saben perkawis gesang. Allah subhanahu wata’ala paring firman ing QS An-Nisa’: 59:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَطِيعُوا اللهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ وَأُولِي الْأَمْرِ مِنْكُمْۖ فَإِنْ تَنَازَعْتُمْ فِي شَيْءٍ فَرُدُّوهُ إِلَى اللهِ وَالرَّسُولِ إِنْ كُنْتُمْ تُؤْمِنُونَ بِاللهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِۚ ذَٰلِكَ خَيْرٌ وَأَحْسَنُ تَأْوِيلًا
“Hei wong kang padha iman, prayoga sira padha taat marang Allah lan taat marang Rasul, lan para pemimpin antaraning sira. Dene nalika sira padha beda ing panemu, mangka becike sira bali tumuju ing Allah (Al Quran) lan Rasul (sunnah), iku menawa sira yekti padha iman marang Allah lan dina kiamat. Kang mengkono iku luwih utama tumrap sira lan luwih becik pungkasane”.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Rasulullah SAW paring pemut, bilih ing saben masyarakat bakal muncul wontenipun piyantun utawi tokoh ingkang majeng kagem kiprah ing satengahing pesrawungan. Wonten ingkang tumindak ing lampah kesaenan, mekaten ugi ing lampah awon. Ing saweneh hadits saking sahabat Anas bin Malik r.a., Rasulullah SAW paring sabda,
إِنَّ مِنَ النَّاسِ مَفَاتِيحَ لِلْخَيْرِ، مَغَالِيقَ لِلشَّرِّ، وَإِنَّ مِنَ النَّاسِ مَفَاتِيحَ لِلشَّرِّ مَغَالِيقَ لِلْخَيْرِ، فَطُوبَى لِمَنْ جَعَلَ اللَّهُ مَفَاتِيحَ الْخَيْرِ عَلَى يَدَيْهِ، وَوَيْلٌ لِمَنْ جَعَلَ اللَّهُ مَفَاتِيحَ الشَّرِّ عَلَى يَدَيْهِ
“Satemene ing satengahing manungsa ono wong kang dadi pambukaning pintu-pintu kabecikan lan nutup pintu-pintu laku olo. Lan satemene ing satengahing manungsa ono wong kang dadi pambukaning pintu laku olo lan nutup pintu kabecikan. Bejo tumrape wong kang dikersa-ake dening Allah dadi pambukane pintu kabecikan lumantar tangane. Lan cilaka tumrap wong kang dikersa-ake Allah dadi pambukane pintu laku olo lumantar tangane.” (HR. Ibnu Majah).
Kita saget manggihaken kanthah conto, menawi ningali ing sejarah; ing jaman Nabi Ibrahim ngajak margining kesaenan, ing sisih sanes wonten tiyang ingkang madhegani lampah awon, inggih raja Namrudz. Dene ing jaman Nabi Musa, ing mriku manggihaken mengsah ingkang awrat inggih menika Raja Fir’aun. Lan ing jaman Nabi Muhammad SAW kedah aben ajeng ngadhepi Abu Lahab lan Abu Jahal, ugi para pemimpin kafir kaum Quraisy. Ing negari kita menika, nalika jaman perang kemerdekaan lan revolusi, kita manggihaken munculipun kathah pahlawan, dene ing sisih sanesipun ugi wonten pengkhianat bangsa !
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Para pangarsaning lampah kesaenan mujudaken perintis utawi pelopor majengipun masyarakat. Piyantun ingkang mekaten paling mboten kedah nggadhahi watak ingkang dados piandel, wujudipun kados dene: optimisme lan semangat pembaruan, remen nyinau perkawis enggal (inovatif) lan mboten gampang mutung utawi cupet aten. Niat sae lan ikhtiar ingkang dipun lampahi sesarengan kaliyan tiyang kathah, in sya’Allah bakal dipun bikak pintu-pintu tumuju kesuksesan.
Ing satengahing masyarakat saestu dipun betahaken wontenipun piyantun ingkang purun mandhegani minangka pangarso, pelopor, ingkang menggalihaken bab kesaenan. Bab menika jumbuh kaliyan sabda Nabi SAW ing hadits:
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ أَنَّ رَسُولَ اللهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ مَنْ دَعَا إِلَى هُدًى كَانَ لَهُ مِنَ الأَجْرِ مِثْلُ أُجُورِ مَنْ تَبِعَهُ لاَ يَنْقُصُ ذَلِكَ مِنْ أُجُورِهِمْ شَيْئًا وَمَنْ دَعَا إِلَى ضَلاَلَةٍ كَانَ عَلَيْهِ مِنَ الإِثْمِ مِثْلُ آثَامِ مَنْ تَبِعَهُ لاَ يَنْقُصُ ذَلِكَ مِنْ آثَامِهِمْ شَيْئًا (رواه مسلم)
“Dipun riwayataken saking Abi Hurairah, bilih Rasulullah Saw. Paring sabda: “Sopo wong kang ngajak tumuju pituduh (amal kang becik), mangka dheweke antuk ganjaran padha kelawan ganjarane wong kang padha melu nindakake, tanpa nyuda sithik wae ganjaran e wong kang tumindak. Sopo wong kang ngajak ing laku sasar (dosa), manngka dheweke antuk dosa samurwat kelawan dosa wong kang padha melu nindak-ake, tanpa nyuda sithik wae dosane wong kang nindak-ake.” (HR Muslim).
Lan ing hadits sanes dipun kiyataken :
عَنْ أَبِي مَسْعُودٍ الأَنْصَارِيِّ قَالَ رَسُولُ اللهِ صلى الله عليه وسلم مَنْ دَلَّ عَلَى خَيْرٍ فَلَهُ مِثْلُ أَجْرِ فَاعِلِهِ (رواه أبو داود)
Dipun riwayataken saking Abu Mas’ud al-Anshari, Rasulullah SAW paring sabda: “Sopo wong kang nuduhake amal kabecikan, mangka dheweke antuk ganjaran samurwat kelawan ganjarane wong kang nindakake.” (HR Abu Dawud)
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Ing setunggal riwayat saking Abu Hurairah r.a., Rasulullah nyebataken wontenipun kalih (2) sifat tiyang sae lan awon ing gesang menika:
خَيْرُكُمْ مَنْ يُرْجَى خَيْرُهُ وَيُؤْمَنُ شَرُّهُ، وَشَرُّكُمْ مَنْ لَا يُرْجَى خَيْرُهُ وَلَا يُؤْمَنُ شَرُّهُ
“Manungsa kang paling becik antarane sira yaiku kang tansah diarep-arep kabecikane lan wong padha rumangsa aman tentrem saka bebaya tumindake. Manungsa kang paling olo yaiku wong kang ora diarep-arep kabecikane lan wong liya ora duwe rasa tentrem saka tumindak (gangguane).” (HR. Tirmidzi, Ahmad, lan Ibnu Hibban).
Negari kita saat menika saestu mbetahaken majengipun poro piyantun ingkang saget mandhegani minangka pangarsaning lampah kesaenan ing sawernaning “bidang kehidupan”. Kamardhikan negari nembe minangka regol utawi pintu gerbang, salajengipun bakal dipun isi kanthi menopo “griya agung “ negari Indonesia menika, sedaya gumantung dhumateng ingkang kagungan lan mapan, inggih menika kita sedaya rakyat Indonesia.
Pramila sumangga kita sedaya sami gumregah kangge majeng, amrih saget nderek andil kagem mbangun majengipun bangsa, lan sami gegancangan “lomba” mbok menawi saget dados kunci-kunci pambukaning amal kabecikan. Ing wekdal sesarengan ugi mbudidaya kados pundi saget nutup mapinten-pinten pintu tindak lampah awon, senadyan namung ketingal perkawis ingkang alit lan remeh ing kanan-kiring papan kita piyambak-piyambak.
Mekaten atur khutbah Jumat ing siang menika, mugi-mugi Allah ta’ala tansah paring berkah ing gesang kita, kulawarga kita, bangsa lan negari kita Indonesia. Amiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ، وَاْلعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلَّا عَلىَ الظَّالِمِيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ نَبِيِّناَ مُحَمَّدٍ وَعَلىَ الِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، الملِكُ اْلحَقُّ اْلُمبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اْلَمبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالمِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ
فَيَاأَيُّهاَالْإِخْوَانُ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَلَّلهُمَ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَ اْلمُسْلِمَاتِ وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ، اَلأَحْيَاِء مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ، فَيَاقَاضِيَ اْلحَاجَاتِ.اَلَّلهُمَ إِنَّانَسْأَلُكَ اْلهُدَى وَالتُّقَى وَاْلعَفَافَ وَاْلغِنىَ.
رَبَّناَ هَبْ لَناَ مِنْ أَزْوَاجِناَ وَذُرَّيَّاتِناَ قُرَّةً أَعْيُنٍ وَاجْعَلْناَ لِلْمُتَّقِيْنَ إِمَاماً. رَبَّناَ لاَ تُزِغْ قُلُوْبَناَ بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَناَ وَهَبْ لَناَ مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ اْلوَهَّابُ.
رَبَّناَاٰتِناَ فِي الدُّنْياَ حَسَنَةً وَفِى اْلأٰخِرَةِ حَسَنَةً وَقِناَ عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ اْلعَزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلىَ اْلمُرْسَلِيْنَ، وَاْلحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ .عِبَادَ اللهِ :إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ
0 Comments: