November 23, 2023
KASAMPURNANING PIWULANG ISLAM
Dening : Ust Syamsul Munawar
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ خَلَقَ الإِنْسَانَ، عَلَّمَهُ البَيَانَ، وَحَذَّرَهُ مِنْ آفَاتِ الْلِسَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ شَهَدَةً تُفْتَحُ لِقَائِلِهَا أَبْوَابَ الجِنَانِ، وَتُغْلَقُ عَنْ أَبْوَابِ النِيْرَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ المُؤَيِّدُ بِالمُعْجِزَاتِ وَالبُرْهَانِ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، أَهْلُ البِرِّ وَالْإِيْمَانِ، وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً كَثِيْرًا، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَاِركْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ
اَمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَاللهُ اُوصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَاالله اِتَّقُواللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: الْحَقُّ مِن رَّبِّكَ فَلاَ تَكُونَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِينَ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Nikmat ingkang paling agung kita tampi ing salabeting gesang menika: inggih wujudipun raos iman ing agami Islam. Kita kedah saestu ngaturaken syukur kanthi pitedah iman menika, jalaran agami menika minangka “racikan piwucal” ingkang selaras kaliyan fitrah utawi kodrat kamanungsan kita. Tuntunan piwucalipun nenuntun ing kita amrih saget pikantuk kawilujengan lan kaberkahan ing sawernaning perkawis panggesangan menika.
Allah SWT sampun mratela-aken bilih Islam minangka agami ingkang sampurna lan sampun pikantuk ridho, kados dhawuh firmanipun :
الْيَوْمَ أَكْمَلْتُ لَكُمْ دِينَكُمْ وَأَتْمَمْتُ عَلَيْكُمْ نِعْمَتِي وَرَضِيتُ لَكُمُ الْإِسْلَامَ دِينًا
“Ing dina iki wis Ingsun sampurna-ake kanggo sira gamanira, lan wis Ingsun cukup-ake nikmat peparing-Insun marang sira, lan Ingsun wis rila Isalm minangka agamanira.” (Al-Maidah: 3)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Ing salebeting piwucal agami menika wonten ingkang wujudipun dhawuh, nanging ugi wonten pepacuh (larangan); wonten ingkang halal, lan wonten ingkang haram. Ingkang halal cacahipun mboten saget kawilang, dene ingkang haram namung sekedhik lan winates. Sedaya menika nggadhahi hikmah amrih umat manungsa mangertos wontenipun perkawis kesaenan (maslahat) lan piawon (madharat) ing salebeting urusan gesangipun, babar pisan minangka ujian iman, sinten tiyang ingkang saestu taat midherek ing piwucaling agami.
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ حَتَّى نَعْلَمَ الْمُجَاهِدِينَ مِنكُمْ وَالصَّابِرِينَ وَنَبْلُوَ أَخْبَارَكُمْ
“Lan yekti Ingsun bakal temenan paring pacoba marang sira, amrih Ingsun priksa marang wong kang temenanan jihad lan laku sabar ing antarane sira. Lan amrih nyata-ake marang ala lan becike tumindakira”. (Qs. Muhammad: 31)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kita dipun bimbing amrih nglampahi gesang kanthi dhedhasar syariat agami ingkang jejeg lan tumindak kanthi kebak raos eling lan antebing manah:
فَأَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّينِ حَنِيفاً فِطْرَةَ اللَّهِ الَّتِي فَطَرَ النَّاسَ عَلَيْهَا لَا تَبْدِيلَ لِخَلْقِ اللَّهِ ذَلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ وَلَكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ
“Mangka adhepno jiwanira kanthi jejeg marang agama (Allah); (tetapo marang ) fitrah kuasane Allah kang wis nyipta umat manungsa miturut fitrah (kodrat) iku. Ora ono owah-owahan atase fitrahe Allah. Mengkono iku agama kang jejeg; nanging akeh-akehe manunggsa padha orang mangerti” (Qs. Ar Rum: 43)
Islam minangka pitedah gesang ingkang lengkap, sampurna lan komprehensif utawi pepak. Saumpami wonten tiyang ingkang nggadhahi pemanggih ingkang cengkah saking piwucal Islam, lan rumaos wonten sipat ragu ing bab bobot “otentisitas” utawi leresipun piwucal Islam, justru kita dipun paringi kesempatan kagem nguji (mbuktek-aken):
وَإِن كُنتُمْ فِي رَيْبٍ مِّمَّا نَزَّلْنَا عَلَى عَبْدِنَا فَأْتُواْ بِسُورَةٍ مِّن مِّثْلِهِ وَادْعُواْ شُهَدَاءكُم مِّن دُونِ اللّهِ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
“Lan menawa sira (tetep) ing sajroning rasa ragu marang Al Qur'an kang Ingsun tumurunake marang kawulaning-Sun (Muhammad), mangka gawe-o sawiji surat (wae) kang bisa nandhingi Al Qur'an iku, lan ajaken kancamu (kanggo mbiyantu), saliyane Allah, menawa sira dadi golongane wong kang bener.” (Qs. Al Baqarah: 23)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Islam menika agami ingkang gampil, lan ngajak umatipun nggayuh kabegjan hakiki. Wontenipun mapinten aturan syariat agami saestunipun nggadhahi maksud amrih gesang menika langkung gampil, sekeca, mboten kagem ndamel angel. Nabi SAW paring sabda:
إِنَّ الدِّينَ يُسْرٌ ، وَلَنْ يُشَادَّ الدِّينَ أَحَدٌ إِلَّا غَلَبَهُ ، فَسَدِّدُوا وَقَارِبُوا وَأَبْشِرُوا
“Satemene agama iku gampang. Ora ono sawiji wong kang nggawe sesanggan ing awake kanthi perkara kang ora sanggup ditanggung kejaba dheweke bakal dikalahake. Mangka prayogane sira ninadak-ake amal kanthi sampurna (tanpa leluwihann lan nganggep remeh). Menawa ora bisa tumindak kang sampurna (ideal) mangka tindakno kang nyaketi (sampurna). Lan sira padha gumbira-o…” (HR. Bukhari lan Muslim).
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Ing salebeting amal tumindak padintenan kita saget manggihaken, kados pundi cak-cakanipun nindaki piwucaling agami. Senadyan sipatipun wajib, wonten saperangan kahanan tertemtu ingkang saget njalari tuwuhipun dispensasi utawi pangentheng-entheng (rukhsoh). Umpami, rukhsoh kagem mboten nindak-aken puasa wajib tumrap tiiyang ingkang nandhang sakit lan musafir, pekerja berat, ibu hamil lan ingkang nyesepi putra bayi.
Mekaten ugi rukhsoh ing sholat kanthi wontenipun jamak lan qashar; keparengipun sholat kanthi lenggah utawi sesarean nalika nandhang sakit, tayammum minangka gantosipun wudhu, lan sanes-sanesipun.
Lan perkawis ingkang kalebet wigatos inggih mennika: rukhsoh nalika ngadhepi kahanan gawat (darurat), kepareng dhahar lan ngunjuk ingkang menawi ing kahanan normal dipun haram-aken; bab menika kanthi maksud njamin kawilujenganing gesang.
Umpaminipun, ndahar bangkai utawi babi nalika babar pisan mboten piangggh jenis dhedhaharan sanes ing wekdal ingkang panjang. Dene menawi boten purun ndhahar barang menika bakal dumugining pejah. Kados mekaten menika piwucaling Islam ! Allah SWT paring firman:
وَمَا جَعَلَ عَلَيْكُمْ فِي الدِّينِ مِنْ حَرَجٍ مِّلَّةَ أَبِيكُمْ إِبْرَاهِيمَ هُوَ سَمَّاكُمُ الْمُسْلِمينَ
“lan Panjenengane (Allah) babar pisan ora ngersa-ake marang sira ing sajroning agama iki nandhang susah (rekasa). Midherek-o marang agamane leluhur-ira Ibrahim. Panjenengane (Allah) wis paring tetenger marang sira minangka wong-wong muslim (Qs Al Hajj: 78).
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kanthi piwucal Islam menika dipun gadhang saget nggayuh kabegjan gesang ingkang sejati. Allah SWT paring firman,
وَنَزَّلْنَا عَلَيْكَ الْكِتَابَ تِبْيَانًا لِكُلِّ شَيْءٍ وَهُدًى وَرَحْمَةً وَبُشْرَىٰ لِلْمُسْلِمِينَ
“Lan Ingsun umurunake marang sira Al Kitab (Al Quran) kanggo njelasake sawernaning perkara lan minangka pituduh, rahmat lan kabar gumbira tumrap wong-wong kang padha pasrah midherek (ing dhawuh). (Qs. An-Nahl:89).
Islam tumurun ing panggesanganipun umat manungsa samrih dados rahmat. Allah swt sampun negasaken ing dhawuh firmanipun :
وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِّلْعَالَمِينَ
“Lan Ingsun allah ora ngutus ig sira (Muhammad),kejaba mung minangka dadi rahmat tumrap saisining alam jagat raya” (Qs. Al-Anbiya: 107)
Sahingga mekaten cetha kadospundi ing salebeting perkawis agami menika mboten kepareng wontenipun peksan:
لَآ إِكۡرَاهَ فِي ٱلدِّينِۖ قَد تَّبَيَّنَ ٱلرُّشۡدُ مِنَ ٱلۡغَيِّۚ فَمَن يَكۡفُرۡ بِٱلطَّٰغُوتِ وَيُؤۡمِنۢ بِٱللَّهِ فَقَدِ ٱسۡتَمۡسَكَ بِٱلۡعُرۡوَةِ ٱلۡوُثۡقَىٰ لَا ٱنفِصَامَ لَهَاۗ وَٱللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
“Ora ono peksan sajroning ngrasuk (nganut) agama (Islam), satemene wis cetha gamblang (bedane) antarane dalam kang benaer kelawan dalan kang sasar. Sopo wong kang nyingkur marang thagut lan iman marang Allah, mangka yekti dheweke wis cecekel ing tali kang banget bakoh lan ora bakal pedhot. Allah Maha Midhanget lan Maha Priksa.” (Qs. Al-Baqarah: 256)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Leresipun piwucal Islam mekaten gamblang, jelas lan gampil dipun panggihaken bukti-buktinipun. Ing bab menika umat Islam nggadhahi kalenggahan minangka “umat pertengahan” ingkang dados seksi atasipun sedaya umat manungsa. Allah SWT paring firman ing Al-Qur’an:
وَكَذٰلِكَ جَعَلْنٰكُمْ اُمَّةً وَّسَطًا لِّتَكُوْنُوْا شُهَدَاۤءَ عَلَى النَّاسِ وَيَكُوْنَ الرَّسُوْلُ عَلَيْكُمْ شَهِيْدًا ۗ
“Lan kang mengkono Ingsun wis ndadek-ake ing sira (umat Islam), minangka umat kang adil lan pilihan, amrih sira dadi seksi atasing (tumindake) manusia lan amrih Rasul (Muhammad) dadi seksi tumrap sira.” (Qs. Al Baqarah: 143)
Allah SWT sampun negasaken ing tembung “Ummatan Wasathan” inggih menika nggadhahi suraos : umat ingkang paling sae, adil lan seimbang, inggih ing salebeting keyakinan, pikiran, sikap, utawi amal tumindak, lan dipun sebat minangka umat ingkang “moderat”
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Islam nenuntun kados pundi seimbang (selaras) ing salebeting gesang menika : antawisipun perkawis duniawi lan ukhrawi, hak lan kewajiban, hak pribadi utawi hak masyarakat, lan sanes-sanesipun.
Ingkang mekaten ketingal kados pundi dhawuhing agami amrih kita “ngoyak” ing panggesangan donya sinartan akhirat. Linangkung, urusan akhirat kedah dipun tengenaken, jalaran minangka “masa depan” ingkang mesthi lan abadi:
وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ وَلَا تَنسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا وَأَحْسِن كَمَا أَحْسَنَ اللَّهُ إِلَيْكَ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الْأَرْضِ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ
“Lan sira padha ngupadi-o kanugrahan peparinge Allah marang sira ing wujud kabungahan negeri akhirat, lan sira ojo nglirwa-ake gabian kanugrahanira bab panguripan kadonyan; lan sira padha tumindako kabecikan koyodene Allah wis paring kabecikan tumrap sira. Lan sira ojo padha gawe rusak ing bumi. Satemene Allah ora tresna marang wong kang padha gawe rusak.” (Qs. Al Qashash: 77)
Ingkang mekaten ugi ketingal ing salebeting donga padintenan ingkang tansah kita aturaken dhumateng Allah, inggih setunggaling donga ingkang paling populer ingkang dipun sebat donga sapujagat:
رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلاَ خِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
"Dhuh Gusti Allah, mugi Paduka paring dhuateng kawula panggesangan ingkang sae ing alam ndonya, lan kesaenan gesang ing akhirat, lan mugi katebihna kawula saking bebayaning siksa neraka". (Qs. Al Baqarah: 201)
Mapinten pitedah ingkang sanget gamblang lan arahipun tumuju dhumateng kemaslahatan menika samsethinipun ndamel ing kita tansaya manteb anggenipun ngrasuk lan ngugem-ugemi piucaling agami, lan nyingkiraken raos ragu, mamang utawi tidha-tidha atasipun sipat leres lan kasampurnaning agami Islam.
الْحَقُّ مِن رَّبِّكَ فَلاَ تَكُونَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِين
“Bebener (agama Islam) iku sangka Allah pangeranira, mangka sira ojo kalebu golongane wong kang ragu-ragu.” (Qs. Al Baqarah: 147)
Mekaten atur khutbah ing siang menika, mugi saget nambahi raos manteb lan nambahi bobot iman Islam kita. Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ، فَيَاقَاضِيَ اْلحَاجَاتِ.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
KASAMPURNANING PIWULANG ISLAM Dening : Ust Syamsul Munawar Khutbah I اَلْحَمْدُ لِلَّهِ خَلَقَ الإِنْسَانَ، عَلَّمَهُ البَيَانَ، وَحَذَّرَهُ...

About author: abouteam
Presented by Dewan Dakwah Islamiyah Indonesia Kab Bantul
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 Comments: