KABUNGAHAN PAPAT Dening : Ust. Muhammad Habibi Khutbah I الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْي...

KABUNGAHAN PAPAT KABUNGAHAN PAPAT

KABUNGAHAN PAPAT

KABUNGAHAN PAPAT


KABUNGAHAN PAPAT
Dening : Ust. Muhammad Habibi

Khutbah I

الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ،  أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، اُوْصِيْكُمْ وَاَيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Saben tiyang mesthi gadhah pepinginan nggayuh kabingahan ing gesang. Nanging pangangen-angen utawi suroasipun kabingahan menika tumrap saben tiyang temtu benten caranipun ngukur (metang). wonten ingkang dipun ukur nalika saget dados sugih kanthi nggayuh arta bandha ingkang kathah, karir ingkang sukses, jabatan ingkang inggil lan misuwur, lan sanes-sanesipun. Menika sedaya mujudaken kabingahan kadonyan.

Islam paring piwucal ing kita sedaya samrih saget nggayuh kabingahan gesang ingkang lengkap, inggih duniawi lan ukhrawi, kadosdene donga ingkang dipun wucalaken:

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
“Dhuh Gusti Allah, mugi Paduka paring dhumateng kawula panggesangan ingkang sae ing alam ndonya, lan kesaenan gesang ing  akhirat, lan mugi katebihna kawula saking bebayaning siksa neraka". (Qs. Al Baqarah: 201)

Kita ugi dipun emutaken amrih negenaken salebtipun nggayuh kabingahan gesang akhirat, dene panggesangan kadonyan menika supados mboten kesupen minangka sangu (pawitan) kagem nggayuh akhirat. Allah SWT pering firman:

وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ ۖ وَلَا تَنسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا ۖ
“Lan sira padha ngupadi-o kanugrahan peparinge Allah marang sira ing wujud kabungahan negeri akhirat, lan sira ojo nglirwa-ake gabian kanugrahanira bab panguripan kadonyan” (Qs. al-Qashash:77)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Kabingahan akhirat minangka kabingahan ingkang paling agung temtu kemawon dipun tandhani kanthi saget mlebet ing suwarga lan katebihaken saking siksa neraka, kadosdene donga “sapu jagat” wau. Allah ta’ala paring firman :

فَمَن زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ وَأُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ وَما الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلاَّ مَتَاعُ الْغُرُورِ ﴿١٨٥﴾
“Sapa wong kang diadohake sangka neraka lan dilebokake ing suwarga, mangka yekti dheweke wis antuk kabegjan. Panguripan donya iku ora liya minangka kasenengan kang nggawe leno.” (Qs. Ali ‘Imran: 185)

Nanging, kabingahan ingkang mekaten mboten saget dhateng piyambak, tanpa nandhang rekaos. Nanging kedah dipun kupiya-aken kanthi nggina-aken sedaya lampahan gesang ingkang kita adhepi ing ndonya menika.

Wonten sekawan perkawis ingkang saget nuwuhaken raos bingah salebeting gesang kadonya menika, lan sedayanipun saget minangka ‘wasilah’ nggayuh kabingahan ing akhirat ugi. Ing satunggaling hadits Rasulullah Muhammad SAW paring sabda:

أَرْبَعٌ مِنْ سَعَادَةِ اْلمَرْءِ أَنْ تَكُوْنَ زَوْجَتُهُ صَالِحَةً وَأَوْلاَدُهُ أَبْرَارًا وَخُلَطَائُهُ صًالِحِيْنَ وَأَنْ يَكُوْنَ رِزْقُهُ فِى بَلَدِهِ
Perkara papat minangka kabungahane manungsa, yaiku bojo kang shalihah, anak kang ngabekti, kanca caket kang becik, lan rejeki (pakarya) kang dumunung ing negerine dhewe.'' (HR Dailami).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Kabingahan sepisan: Garwa estri ingkang shalihah.

سُئِلَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَيُّ النِّسَاءِ خَيْرٌ قَالَ الَّذِي تَسُرُّهُ إِذَا نَظَرَ وَتُطِيعُهُ إِذَا أَمَرَ وَلَا تُخَالِفُهُ فِيمَا يَكْرَهُ فِي نَفْسِهَا وَمَالِهِ
Rasulullah SAW disuwuni priksa ing perkara wanita (istri) kang becik. Panjenengane ngendika, “Yen disawang (dening pria, suami) dheweke nyenengake, yen didhawuhi dheweke taat, lan dheweke ora cengkah kelawan suami ing perkara-perkara kang disengiti, apa ing perkara dhiri pribadine utawa bab arta bandha.” (HR Ahmad)

Menawi saben suami kepingin nggadhahi garwa (istri) ingkang shalihah; pramila saestu mekaten ugi bilih satunggalipun istri - mesthi ugi kepengin saget nggadhahi garwa kakung (suami) ingkang shalih. Kanthi mekaten, saestunipun kekalihipun (suami-istri) kedah sesarengan mbudidaya lan tulung tinulung amrih saget  nambah keshalihanipun.

Sampun ngantos sipatipun namung sepihak, satunggaling kakung (suami) namung tansah nuntut dhateng garwa (istrinipun) dados shalihah, nanging piyambakipun mboten “mulat salira” ing pribadinipun kados pundi tumindakipun ing padintenan, menapa ing kulawarga, kanan-kiring tangga tepalih, utawi pesrawungan  ageng masyarakat.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Kabingahan kaping kalih: Anak ingkang shaleh.
Kalenggahan anak sanget wigatos, jalaran ingkang badhe nyambung sejarah gesang kita, lan dados investasi (tabungan) tumrap tiyang sepuhipun ing “masa depan. Menawi kita sampunn tinimbalan sowan kanthi pejah, pramila anak mujudaken papan pangajeng-ngajeng kita kanthi amal shaleh lan donganipun.

إِذَا مَاتَ ابنُ آدم انْقَطَعَ عَنْهُ عَمَلُهُ إِلَّا مِنْ ثَلَاثٍ: صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ، أو عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ، أَوْ وَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ. رَوَاهُ مُسْلِمٌ
“Menawa anak Adam mati, mangka pedhot amale, kejaba perkara telu, yaiku : sedekah jariyah, utawa ngelmu kang manfaat, utawa anak saleh kang ndonga-ake ing dheweke”. (HR Muslim)

Gadhah putra ingkang sae (shaleh) lan ngabekti mujudaken kabingahan tumrap ing satengahing kulawarga. Kabingahan mekaten mboten namung dipun raos ing ndonya, nanging ugi dumugi ing akhirat.  Temtu kemawon mawujudipun putra ingkang shaleh perlu ikhtiar, lumantar patuladhan ing kulawarga, pesrawungan masyarakat lan papan pendidikan. Kita kedah tansah nitipriksa, pengendikan dhumateng putra, caket lan ngancani putra. Sampun ngantos para putra menika kejrumus ing pesrawungan ingkang klentu, sasar lan njrumusaken masa depanipun.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Kabingahan kaping tiga: Kanca ingkang sae.
Kanca ingkang sae saestu bakal nuwuhaken kabegjan, menapa ing bab pedamelan, pesrawungan ing masyarakat, menapa malih ing amalan piwucal agami. Kanjeng Nabi SAW paring sabda:

إِنَّمَا مَثَلُ الْجَلِيسِ الصَّالِحِ وَجَلِيسِ السُّوءِ، كَحَامِلِ الْمِسْكِ وَنَافِخِ الْكِيرِ، فَحَامِلُ الْمِسْكِ إمَّا أَنْ يُحْذِيَكَ وَإمَّا أَنْ تَبْتَاعَ مِنْهُ وَإمَّا أنْ تَجِدَ مِنْهُ ريحاً طَيِّبَةً، وَنَافِخُ الْكِيرِ إمَّا أَنْ يُحْرِقَ ثِيَابَكَ، وَإمَّا أَنْ تَجِدَ مِنْهُ رِيحاً مُنْتِنَةً
“Satemene kanca kang becik lan kanca kang olo iku koyo dene wong dodol  minyak wangi lan pandhe wesi. Wong dodol minyak wangi bisa menehi gondo wangi ing sira, sira tuku, utawa sira mung antuk gondone kang wangi. Dene pandhe wesi, bisa njalari ngobong ing klambimu, utawi sira antuk gondo kang ora enak sangka dheweke.” (HR Bukhari)

Kanca ingkang sae inggih menika ingkang saget dados kanca kenthel, menapa ing wekdal bingah utawi susah. Piyambakipun mboten namung tetulung nalika kita nandhang susah, nanging ugi paring pemut nalika kita tumindak khilaf - lepat, paring panjurung (semangat) ing tindak lampah kesaenan lan takwa.  Rasulullah SAW paring dhawuh amrih kita milih kanca ingkang shalih, inggih tiyang ingkang iman lan akhlak bebudenipun luhur.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Kabingahan kaping sekawan : Rejeki (pakaryan) ing papan utawi negarinipun piyambak.

فَابْتَغُوا عِندَ اللَّهِ الرِّزْقَ وَاعْبُدُوهُ وَاشْكُرُوا لَهُ إِلَيْهِ تُرْجَعُونَ ﴿١٧﴾
“Mangka ngupadio rezeki ing ngersane Allah, banjur ngibadaho lan ngaturno syukur marang Allah. Mung ing ngersane Allah sira bakal tinimbalan sowan.” (QS al-Ankabut: 17).

Nyambut damel minangka sarana pados nafkah (rejeki). Sedaya wujud pedamelan ingkang yang halal minangka kamulyan, waton dipun lampahi kanthi kebak raos tanggel jawab lan jujur; kanthi mekaten bakal dados wasilah nggayuh asta bandha ingkang halal lan berkah. Nyingkiri tumindak culika, ngapusi utawi manipulasi. Sampun ngantos namung jalaran kepengin ketingal moncer, justru lajeng nglirwa-aken bab halalipun rejeki.  

Menawi nyambut damel ing papan ingkang caket griya, pramila kita saget makempal, njagi lan paring kawigatosan dhumateng kulawarga. Nyawiji kaliyan kulawarga bakal ndadosaken kita sesarengan garwa andum damel nggulawenthah lan nyartani ngrembakanipun para putra dumugi ageng (diwasa). Mekaten ugi kita saget srawung kaliyan tangga tepalih lan nderek andil kagem ndamel majengipun masyarakat.

Mekaten menika sekawan wujud kabingahan gesang kadonyan. Mugi-mugi kita dipun paringi margi ingkang gampil kagem nggayuh minangka pawitan mujudaken kabingahan akhirat. Aamiin. Mekaten atur khutbah ing siang menika mugi manfaat.

بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ

Khutbah II

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللَّهِ شَهِيداً.  أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ
أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ، فَيَاقَاضِيَ اْلحَاجَاتِ. اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.  
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

0 Comments: